Generic Banner

Senin, 09 Maret 2015

Puisi Bahasa Jawa Tema Pendidikan

Geguritan atau puisi berbahasa jawa adalah bentuk seni puisi yang unik. Berikut ini beberpa puisi jawa/geguritan tema pendidikan yang sikutip dari berbagai sumber.
Arti Tekamu

Ing petenge arah lan langkahku iki
Panjenengan dados srengenge kangge uripku
Menehi sumunar cahya kanggo kabeh pengarepan
Panjenengan madhangi lurung-lurung kang buntu
Liwat sorotan cahya kang metu saka swara lan tuturmu

Ing kelas kang ayem tentrem iki
Aku nangkep artine panguripan
Mung marang panjenengan gegayuhan dipun taruhaken
Lan marang panjenengan pengarep kang luwih becik
Panjenengan Kang nemtokake nasib bangsa Paduka
Boten mokal kagem panjenengan
Mujudake generasi emas bangsa kang gemebyar ing pepeteng

Saben dina panjenengan nindakake kagiyatan mulya iki
rasa sabar uga rasa ikhlas ndampingi saben dina
sakabehe ing donya ora bisa mbales jasamu
yaiku jasamu kang iso nggawe bintang ing pepeteng
kita ora bisa ngganti jasamu karo opo bae
Nanging, kita bakal nggawe panjenengan bangga
Jasamu bakal kita pangeti sajrone uripku
bakal kita pengeti ing sajroning ati
lan ora bakal lebur dening puteran wektu

matur nuwun sanget, guru ingkang kula tresnani
Tanpa panjenengan bakal peteng ......
lan amarga panjenengan urip dadi migunani
Cita Citaku

Esok awan wengi aku sinau
Kanggo nentoake cita-citaku
sedurung turu kula sinau
tangi turu kula nggih sinau

kula sinau sedina-dina
Nggo nyenengake wong tuwa
Ingkang sampun ndonga’aken kula
Supados nggapai cita - cita

Oooh… gusti
Paringana rido awak kula
Supados kula saged bakti negri
Adohana kulo saking godaan setan

Oooh.. gusti
Paringana kesametan wong tuwa kula
lan paringana kesehatan wong tuwa kulo
supados saged mriksani kulo sukses











Guru

Ing papan iki aku ngenteni
sliramu sing tak kurmati
ora lali
aku saka ngomah wis nganggo minyak wangi

Guru
awakmu pancen pantes digugu lan ditiru
lakumu ora kesusu
isa gawe tuladha kanggo awakku

Gunemanmu alus ngandhut ilmu
aku ning kene mung iso tiru-tiru
amarga sliramu sugih ilmu

Matur nuwun guru
panjenengan ora wegah ndidik aku
marai aku ben nduweni kepinteran
sliramu ndidik aku ben iso sopan












GURU KANG SEJATI

Geguritan Imam Khotib Utomo

Aku rumangsa bodho
Ilmu wis cumepak
Ora ana sing jodho
Nagih marang pangeran kang kumebak

Nanging aku ora bodho
Ilmu sing dak tampa
Dak aturake marang wong kang kurang begja
Bisa nampa lan ngaturna

Aku dudu wong pinter
Aku uga dudu wong cerdas
Ananging………
Aku manungsa kang duweni pangrasa
Alamku lan agamaku
Dak sawang ilmu ing jero atiku

Aja rumangsa pinter
Yen awakmu ora tau bodho
Anane wong bodho
Nambahi rasa ana ing donnya

Pinter
Saiki akeh wong sing minteri
Pinter akale nanging ala kelakuane
Saiki akeh uwong kang keminter

Pintere manugsa
Mung pinter sadarma
Pintere ilahi
Pinter kang sejati

Aku kepingin???
Duweni guru kang duweni ilmu sejati
Apa bae piwulangmu bakal dak lakoni
Dak enteni tekamu nganti tekane pati!!!
Sekolah

Mangkat esuk esuk mruput
Sarapan teh sak sruput
Sangu kacang godhog sak jumput
Minyak wangi sak semprotan ora luput

Sekolah diterke bapak utawa ibu
Lingguh ning mburi karo sedeku
Arep ketemu konco koncoku
Sing selak kangen karo aku

Tekan kelas lingguh anteng ngedhep buku
Sauntara wektu, aku krungu bel mlebu
Bu guru rawuh siap nyampekne ilmu
Kanggo para murid sing kerep ora nggugu
Wis telung taun aku golek ilmu
Ning sekolah sing saben dina dadi tujuanku
Tinggal pirang sasi aku nglakoni ujianku
Sing bakal nemtokake gegayuhanku

Tinggal sedelo aku ketemu para kancaku
Sing saben dina ngguya ngguyu
Tinggal sedelo aku ketemu para guruku
Sing menehi nasehat kanggo aku

8 komentar:

  1. maturnuwun...
    blog anda sangat berbobot

    BalasHapus
  2. terima kasih. sangat bermanfàt

    BalasHapus
  3. Apa sampeyan nggolek perusahaan REAL FINANCIAL CREDIT kanggo menehi utangan saka 10.000 euro nganti 10.000.000.000 euro (kanggo utangan bisnis utawa perusahaan, utangan pribadi, utangan hipotek, utangan mobil, utang konsolidasi utang, modal usaha, utangan kesehatan, lsp. ))
    Utawa, sampeyan nolak utangan saka bank utawa institusi finansial kanthi alesan siji?
    Ndhaptar saiki lan entuk utangan finansial nyata, diproses lan disetujoni sajrone 3 dina.
    FINANCIAL FINANCIAL FINANCIAL FINANCIAL, kita minangka pinjaman utangan ing tingkat internasional, sing menehi PINJAMAN KEWANGAN REAL kanggo individu lan perusahaan kanthi tingkat bunga sing kurang 2% karo ID utawa paspor internasional negara sing bener.
    Pambayaran utang diwiwiti 1 (siji) taun sawise nampa utangan, lan wektu mbayar maneh yaiku saka 3 nganti 35 taun.

    UNTUK TANGGUNGAN GAMPIRAN lan NGEDANGGAL APLIKASI KANGGO BORDER Sajrone 2 Dinten KARYA,
    Hubungi langsung liwat layang iki: pacificfinancialloanfirm@gmail.com

    Hubungi kita karo informasi ing ngisor iki:

    Jeneng lengkap: ____________________________
    Jumlah sing dibutuhake minangka utangan: ________________
    etangan Duration: _________________________
    Tujuan kanggo utangan: ______________________
    Tanggal Lair: ___________________________
    Gender: _______________________________
    Status perkawinan: __________________________
    Alamat Hubungan: _______________________
    Kutha / Kode Pos: __________________________
    Negara: _______________________________
    Pakaryan: ____________________________
    Ponsel: __________________________

    Kirimi panjaluk sampeyan kanggo nanggapi kanthi langsung: pacificfinancialloanfirm@gmail.com

    matur nuwun

    CEO.Mrs VICTORIA JOHNSON

    BalasHapus
  4. geguritan dengan huruf susunan nama febri ngainon salim

    BalasHapus
  5. Aku neng kene kanggo menehi kesaksian marang jagad babagan kabecikan miller johnson
    aku lara herpes1 & 2 lan aku njaluk tulung
    bakal mbantu aku, ngerti siji sing bakal nulungi, nalika kancaku ngandhani babagan Miller johnson lan dheweke menehi email dheweke lan aku ngubungi dheweke, lan dakkandhani
    masalahku, dheweke ngandhani yen duwe obat-obatan jamu ing herpes1 & 2 i
    seneng banget ngrungokake iku lan dheweke uga ngubungake aku menyang akeh wong
    dheweke mbiyantu ngobati herbal uga, aku seneng banget yen ana obat
    herpes1 iki & 2 aku njaluk produk ing 4 dina sabanjure
    herbal ana ing panggonanku ing AS, aku njupuk miturut pandhuane
    sawise kabeh lan aku menyang rumah sakit kanggo mriksa pamariksaan lan asil
    negatif lan aku seneng banget, aku ngirim email maneh lan matur nuwun
    wong lan aku kepengin mbayar, dheweke ngerti yen aku kudu njupuk dhuwit
    adoh, dheweke ngandhani manawa aku kudu nyritakake babagan jagad, mula aku saiki
    ing kene kanggo nyritakake marang jagad carane miller johnson nyimpen nyawaku, dheweke dadi wong
    kanthi tujuan dhewe sampeyan bisa pracaya marang urip sampeyan lan dheweke
    bakal menehi asil sing apik, dheweke uga nindakake macem-macem jinis penyakit kaya

     
     Jampi dhuwit
    Nulis bagean kesehatan
    Promosi ing bisnis
    Nulis kawigaten
    Omah sihir
    Nulis mburi mburi
    Nulis tukang spiritual
    Jampi katresnan
    Nulis lotre
    Jampi meteng
    Jampi promosi
    Voodoo
    Turuh mantra
    Jampi soulmate
    Jampi pangayoman
    HIV / pitulung
    Ayo meteng
    Nambani jinis penyakit awak
    E.T.C
    hubungi dheweke liwat email
    alamat: johnsonmillerspellcaster11@gmail.com
    utawa sampeyan bisa nambah dheweke ing WhatsApp +2347054656351

    BalasHapus