Generic Banner
Tampilkan postingan dengan label Jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Jawa. Tampilkan semua postingan

Rabu, 05 September 2018

Wacana Narasi Tuladhane

Nulis wacana narasi
Wacana narasi yaiku wacana kang nyritaake kanthi cetha rerangkening tumindhak ing ajroning peristiwa ing sajroning wektu.
Carane nggawe wacana narasi kang kawitan yaiku gawe cengkorongan utawa rengrengan kanthi nentoake ukara – ukara bakune. Sabanjure cengkorongan iku nembe di jabarake dadi sawijining wacana narasi.
Conto cengkorongan :
1. Darma metu saka umah
2. Darma nunggu koperades
3. Darma ketemu Satya ing njero koperades

Strukture :
 Orientasi
 Komplikasi
 Klimak
 Resolusi
 Koda

Tuladha wacana narasi saka cengkorongan ing ndhuwur kaya ing ngisor iki


Batik

Orientasi
Cikal bakal corak megemendung dipundhut masyarakat Cirebon ingkang dipundhut uthawi dipethik saking buku sedaya kangge bangsa China , dhumateng wilayah Cirebon,model awan membo gambaran jawi negari bebas kaliyan manud keparingi nipun gusti allah.Model batik nenika dipun mangertosi megamendung punika karyanipun seni batik jawi lambangipun wonten ing Cirebon.corak model batik punika anggadahi kekhasan mboten awis-awis pinanggih ing punika daerah penghasil batik sanes mbuk bileh wonten sanesipun ing Cirebon,lan nyameni model masterpiece ,Dewan Kebudayaan Dan Pariwisata RI badhe dipun daptharaken wonten UNESCO kangge pikantuk pangakuan satunggaling pengakuan World Heritage ,corak megamendung satunggaling corak dasar batik menika sampun misuhur dumugi pundi-pundi Negara kekhasan corak megamendung mboten masalah ,coraknipun kados warnanipun megamendung sing sami gambar awan kang warna sing lantang lan wonten mawon nilai filosofi sing wonten ing corak nipun sing sami mawon cikal larenipun batik kang kaseluruhan ing Cirebon.

Komplikasi
Modelipun awan kang melambangake donya dhuwur model awan kang gambaripun donya adoh ,bebas lan kados gadhah kadhosipun gusti allah,konsep kang patud sing pengaruhe ing donya kesenirupaan islam ing abad 16 sing digunakake katampi kaum sufi kados ngungkapke donya kang gede,wonten bedane antarane corak megamendung saking Cina lan wonten ing Cirebon.tuladha nipun ing motif megamendhung China,garis awan sing bentuke bunder asale kang ing Cirebon,garise nipun kaya lonjong lan segitiga,Cikal bakale batik saking Cirebon kang dhuweni kemajuan gerakan tarekat sing konon wonten ing Banjarmasin,Kalimantan Selatan.mbatik asale dikerjakne oleh anggota tarekat sing ngabdi ing keratin kang dhamel sumber ekonomi kangge ngatur dhuwit kelompok tarekat punika.

Klimak
Pengikutipun urip ing deso trusmi lan sakitare deso niki wonten ing 4 km saking Cirebon pinuju ing bandung,sekalian niku dhateng sakniki batik Cirebon identik kang sami batik trusmi, corak megamendung kang sami pertamanipun kang berunsurke ing warna biru lan diselingi werno abang kang nggambarake maskulinitas lan suasanene dinamis karenanipun wonten proses panggawanipun ,wonten campur tangan kakung lan warna biru wontenipun warna langit sing gumede lan tenag ,sertanipun lambat kangge gowo udan sing dimantinipun kangge gowo kesuburan lan kanggemipun urip,warna biru kang diwujudake awan gelap sing ngandung banyu udan lan nggawe keuripan.

Resolusi
Kangge perkembangane corak megamendung kang ngadusi katah perkembangan lan dandanan kangge ndandosi pasar, lan ketemu corak – corak megameendung digabung sing corak kewan ,kembang lan corak liyanipun ,kang ndandosi penggabungan corak kang saged mbatik tradisional kawit mbiyen ,naming kemajuan dandosaken peasat kangge adane campurtangan saking perancang busana liyane. Selainipun corak warna motif megamendung sing awale biru lan abang sakniki berkembang kados dumugi macem warno.wonten motif megamendung sing warna kuning.

Koda
Proses kangge produksine sing kawit disik lan dikerjagne kangge batik tulis lan batik cap kanggo pertimbangane kangge ekonomis ,sing doproduksine saking pabrik gede-gedenan lan coraknipun disablon,lan punika kain corake megamendung sing dihasilake kangge proses lan sakniki tekan sakteruse mboten saget di timbale jeneng batik. Wujudipun corak megamendung pun kawit disik kang dikenal ing bentk batik,sakniki saged ditemui ing Kudus macem bentuke , lan wonten ing gambaran hiasan dinding ,lukisan kaca, produk interior kang bentuk karo ukurane kayu lan produk kangge sarung bantal lan sanes-sanesipun.


Tanah Longsor

Orientasi
Dina Sebtu tanggal 18 Juni 2016, neng Kecamatan Samigaluh Kulonprogo tepate jam 5 esuk sakwise sholat subuh kedadean tanah longsor. Loro (2) omah warga rusak amerga kejugrukan lemah sing ana ing mburi omah dekne kabeh. Tanah longsor iki kedadean amerga udan sing teras neng kecamatan Samigaluh pirang-pirang ndiana. Papat (4) warga dadi korban jero bencana alam iki, 2 tilar ndunya, 1 tatu-tatu lan 1 maneh isih jero panggolekan tim SAR.
Kompliaksi
Miturut warga sekitar, Tono (panduwe omah) lagi lunga menyang masjid bareng bojone, lagekne kaloro (2) anake ana neng omah kalian mbah kAkung lan mbah putrine. Kaloro anak lan mbah putrine tilar saknalika amarga kajugrukan lemah, sawentara mbah kAkunge slamet.
Sawentara neng omah sijine duwene bapak Rudi sing lagi ditinggal mulih desa saka keluargane rusak parah.
Warga sapanggon nyoba hubungi keluarga sing bersangkutan ning ora ana jawaban. Keluarga korban ngupadi nggoleki barang-barang sing isih bisa dislametake. Kanggo sawentara keluarga korban bakal manggon neng ngomah tanggane, lan korban tilar digawa menyang rumah sakit kanggo di otopsi. Kedadean iki nggawe shock keluarga korban. ketunan ditaksir sekitar atusan yuta rupiah.
Wektu iki Aku lagi bareng salah siji warga kecamatan Samigaluh nggeh menika bapak Widada:
Aku : “Sugeng enjing pak, kinten-kinten wonten sebab nopo tanah longsor menika kedadean pak?”
Widada : “lemah longsor iki kedadean akibat udan deras sing mudun neng kecamatan Samigaluh pirang-pirang ndina tanpa seren.”
Aku : “Pinten cacah korban jero bencana tanah longsor niki pak?”
Widada : “Korbane ana 4 wong sing 2 tewas neng panggon, sing 1 tatu tatu, lan sing sijine isih jero panggolekan warga lan Tim SAR.”
Aku : “Pirang griya sing tertimbun kalian longsoran lemah pak?”
Widada : “2 omah sing siji rusak enteng duwe bapak Tono lan sing sijine rusak parah duwe bapak Rudi.”
Aku : “Banjur keluarga korban tinggal tent pundi pak sakmenika?”
Widada : “Kanggo sawentara iki keluarga korban tinggal neng omah tangga.”
Aku : “Kinten-kinten pinten ketunane utawi kerugianipun pak?”
Widada : “ketunane sekitar atusan yuta rupiah.”

Kutha Kendhal

Jeneng Kendhal iku ujare para pinisepuh asale saka arane tetuwuhan aran wit Kendhal sing basa Latine disebut Cordia Myza. Wit kenndhal kasebut sakawit ditemokake dening Pangeran Benawa kang isih turunan Sultan Pajang sing wektu iku kapinujon isih ngayam alas jalaran ana dredah. Kutha Kendhal wektu semana isih awujud alas gung liwang-liwung.

Sawijining dina Pangeran Benawa ngutus andhahane kang aran Baureksa kanggo bebadra ing alas kendhal. Suprihe alas mau bisoa dadi papan padhukuhan kang reja lan ing tembe dipurih dadiya sawijining kutha sing gedhe. Prenahe alas kendhal kuwi dununge ana sisih kulone kutha Semarang saiki, utawa sisih wetane kutha Batang. Mangkono mau satleraman sejarahe kutha Kendhal sing katulis ana risalah Humas Pemda Kabupaten Kendhal.

Hari Jadi kutha Kendhal dening asil Seminar 1989 wis ditetepake tiba ing tanggal 26 Agustus 1628 kapungkur. dadi, engga saiki kabupaten kasebut wis umur 362 taun.

Geografi (papan palemahan)-ne pancen mujudake dhaerah sing potensial. Sebab, umume subur lan cocog banget ditanduri cengkeh, tebu, palawija, lan mbako sing saiki isih dadi primadhonane para kadang tani.


Wiwit Mlebu Sekolah

Esuk iku Darma wis siap nganggo klambi abu-abu putih kang esih anyar durung kelakon dikumbah jalaran pancen nembe dijukut saka tukang jahit. Jam ing ndhuwur meja kamar nunjuake angka 6.30 menit. Rada kesusu Darma banjur nyandhak tas kang uwis disiapake saka weng. Bubar pamit salaman karo biyunge kang lagi nggawa kumbahan, Darma banjur metu saka umah kanthi sumringah sebab pancen iki dina pertama mlebu sekolah.

Angin kang sumilir alus esuk iku ora de rasa dening Darma, senajan dalane lunyu jalaran mau bengi pancen udan uga ora daadi alangan kanggo Darma. Ora suwe Darma wes ngadeg ana ing pinggir dalan gede nunggu koperades liwat. Rada gelisah karo sepisan-pisan ndeleng jam ing HP, Darma clingak-clinguk menawa ana koperades liwat. Sawise nunggu antawise 5 menit, sing dienteni liwat, Darma banjur mlebu marang koperades sing wes mandheg nang ngarepe.

Ing njero koperades wes bek ing penumpang bocah-bocah sekolah karo wong kang arep mangkat menyang pasar manis. Anteng banget Darma anggone lungguh jalaran pancen Darma bocahe rada isinan kurang percaya diri mula ora nyadari ana Satya ing ngarepe merga terus temungkul. Satya nyenggol tangane karo nyeluk arene Darma, Darma kaget banjur ndeleng sapa kang nyeluk mau. Lha jebule kok ya ana widodari sing dadi bintange MOS seminggu kepungkur, rasa isin, grogi lan liyane kbeh nyampur aduk dadi siji ing njero dadane Darma, jalaran pancen sejatine Darma ndueni rasa kang tekan seprene durung ngerti rasa apa iku.


Liburan menyang omahe Mbah

Iki liburan banget nyenengaken kula. Aku diundang dening bapakku menyang omah mbah ing sawijining desa ing Kabupaten Solok, Sumatra Barat. Bener aku ora ngunjungi desa Mbah kanggo dangu. Dadi kesempatan kanggo liburan ing omah mbahatiku bungah banget.

Ing wolung esuk aku lunga karo bapakku. Daddy nunggang sepeda motor lan aku numpak. Sawise lelungan nganti puluhan kilometer, akhire aku lan bapak teko menyang omahe mbah.

Dina sabanjure, aku diundang oleh keponakane bapakku menyang pategalan mbah. Sengaja, simbah ireng maneh nggarap sawahe. Sawahe simbah ora adoh saka omah. Mung sawetara menit aku teka ing lokasi sawahe. Akeh wong sing panen pari ing sawahe mbah. Ana wong sing ngetokake pari. Ana uga sing ngetok-ngemuk pari kanthi dadi beras.

Ing dina katelu, aku diundang dening bapake menyang omah kanca lawas ing pinggir Tlaga Singkarak. Omahé kancane Bapakku ana ing pinggir tlaga supaya bisa ndeleng kaendahan saka tlaga Singkarak. Tlaga paling gedhé nomer loro ing pulo Sumatra sawisé Lake Toba ing Sumatra Lor.

Dina iki aku lulus kanthi apik. Gabung kanggo muter karo kanca ing desa. Pranyata dheweke seneng banget lan seneng. Aku rumangsa yen aku wis nggantung karo wong-wong mau kanggo dangu.

Dina pungkasan, aku kepengin ninggalake desa mbah. Desa sing subur, ramah lan kerjasama. Aku pengin terus dadi warga desa mbah nanging ora bisa. Ing wayah sore aku bali karo bapakku.

Seminggu aku neng omah mbahku nalika liburan. Pengalaman apik banget. Yen ana kesempatan kanggo liburan sekolah ing wektu sabanjure, aku takon bapakku bali menyang liburan ing omah mbah.


Sekolahku

Sekolahku, SMAN 1 Krian , salah sawijining sekolah paling apik ing kutha Krian. Ana sekolahku tansah dikarepake dening calon murid anyar sing pengin sinau ing kene. Iki banget rbutan amarga sekolahku tansah dadi peringkat pertama ing saben kompetisi sing diikuti dening loro kutha lan provinsi tingkat.
Ora mung status kang sekolah paling, nggenepi lan ombone saka fasilitas sekolah uga salah siji saka faktor sing kasurung calon siswa kanggo sinau ing sekolah. Pendhaftaran bangunan sekolah babagan kira-kira 2 hektar dipérang dadi 4 bangunan lokal. Nalika kita mlebu sekolah, kita bakal nemokake bangunan lokal sing pertama, yaiku kamar guru, kantor administrasi, lan ruang kegiatan mahasiswa. Bilik-bilik iki sajajar karo saben liyane. Sawise maringaken bangunan pisanan saka Komplek kita bakal nemokake sawijining komplek bangunan sing kelas, kelas ana ing sisih lor, kelas loro ing sisih kidul lan kulon saka bahan katelu ing.
Tengen ing tengah kompleks kelas ana lapangan banget amba lan umume digunakake minangka lemah arakan, saliyane digunakake minangka lemah arakan saka ing lapangan uga asring digunakake minangka panggonan singing aktivitas kayata bal-balan, basket, badminton, lan liya-liyane. Fasilitas sekolahku bisa uga paling lengkap. Ana akeh fasilitas kayata laboratorium IPA, lab basa, perpustakaan, omah ijo, kamar multimedia, aula, parkir lan ruang kebugaran.
Sanajan sekolahku amba lan wiyar, iku banget kelangan lan ijo. Ana akeh wit teduh sing diantem ing pojokan panggonan. Malah ing ngarep saben kelas ana taman kembang gedhe sing nambah kaendahan sekolahku. Sing sekolahku, sekolah paling apik supaya aku bangga bisa mlebu sekolah kene.


Pengalaman Nyengsemaken

Nalika aku tangi ana esuk, aku kaget banget kanggo ndeleng jam ing kamar iki dituduhake ing jam 6:30 a.m. Aku langsung tangi lan menyang kamar mandi. Teka ing kamar mandi aku tiba-tiba mudhun lan meh cilaka.
Sawise njupuk udhara, aku disedhiyakake ing sekolah, mangan esuk banjur ditinggal sekolah kanthi motor. Tiba ing sekolah, aku weruh tasku njupuk topi. Aku kepengin weruh, yen kupluk ora ana ing kanthong. Amarga ana ana (ana upacara bendera) aku mulih kanggo njupuk topi. Sawise njupuk topi, aku bali menyang sekolah nganggo motor. Dumadakan ing dalan motorku mudhun, sawise mriksa bensin wis metu. Aku dipaksa push motor supaya bisa nggoleki panggonan sales gasolin. Begjanipun, panggonan penjualan bensin ora adoh. Aku tuku liter liter bensin lan langsung mandhekake gas menyang sekolah.
Nalika padha teka ing sekolah, para siswa padha kumpul ing lapangan. Upacara kasebut diwiwiti. Aku langsung menyang lapangan. Nalika upacara diwiwiti, kepala sekolah langsung menehi dhasar babagan aturan sekolah. Tiba-tiba guru teka kanggo mriksa neatness siswa, lan sayangé rambutku wis diadili sing dawa dening guru. Aku kanthi bebas lan tanpa daya ora gelem karo gunting sing dipeksa dening guru kanggo mbubarake rambute.
Kanthi rambute sing metu saka panggonan, aku langsung menyang kelas kanggo njupuk pelajaran. Mesthi wae, pawulangan wis dadi pegawe lan aku kelalen nindakake tugas kasebut lan banjur dijatuhi hukuman dening guru kanggo nggawe tugas kaping telu.
Aku langsung tugas. Sadurunge nindakake, pawulangan wis rampung lan aku diwenehi nulis maneh kaping pirang-pirang dening guru. Nalika nggarap tugas kasebut, kanca-kancane rame ing kelas amarga pawulangan kasebut kosong. Kanca-kanca sing seneng dolanan ing kelas supaya aku rumangsa kaget. Aku nrima marang dheweke supaya ora ana swara maneh, mesthi dheweke ora seneng lan ora nampani pituduhku. Kanca-kanca saya langsung nyuwek tugas sing aku gawe. Aku rumangsa gela lan tanpa ado aku langsung ngalahake dheweke supaya ana perang. Banjur kita disebut homeroom kanggo kantor kanggo ngatasi masalah. Aku ngomong masalah lan kita diajeni ngapura. Sasampunipun kita dipunlirwakaken kangge lali babagan masalah punika, pungkasanipun lonceng badhe ngasilaken sekolah kasebut. Kita langsung mulih. Nalika aku tekan omah aku seneng amarga masalah wis rampung. Aku ngomong babagan acara sing saya alami ing sekolah karo tuwane. Pendhaftaran tuwane uga menehi saran kula kanggo tansah nindakake tugas lan netepi aturan dhawuh ing sekolah.

Selasa, 05 Desember 2017

Tembang-Tembang Dolanan

Tembang-Tembang Dolanan

SLUKU-SLUKU BATHOK
Sluku-sluku bathok,bathoke ela-elo,
siromo menyang solo, oleh-olehe payung montho,
mak jenthit lo-lo lobah, wong mati ora obah,
yen obah medeni bocah...


CUBLAK-CUBLAK SUWENG
cublak cublak suweng.. suwenge ting gelenter..
mambu ketundung gudel
pak empong lera-lere
sopo ngguyu ndelikkake
sir-sir pong dhele gosong
sir sir pong dhele gosong

PADANG MBULAN
Yo, poro konco dolanan ning jobo
Padang mbulan, padange koyo rino
Rembulane sing ngawe-awe
Ngelingake ojo podo turu sore

GOTRI LEGENDRI
Gotri legendri nogosari
Tiwul owal awul jadah mentul
Tolen olen olen jadah manten
Titenono sesok gedhe dadi opo




JAMURAN
Jamuran... jamuran...ya ge ge thok...
jamur apa ya ge ge thok...
Jamur payung, ngrembuyung kaya lembayung,
sira badhe jamur apa?

KODOK NGOREK
Kodok ngorek kodok ngorek ngorek pinggir kali
teyot teblung teyot teblung teyot teyot teblung
Bocah pinter bocah pinter besuk dadi dokter
bocah bodho bocah bodho besuk kaya kebo

KIDANG TALUN
Kidang talun
mangan gedang talun
mil kethemil...mil kethemil...
si kidang mangan lembayung

DHONDHONG OPO SALAK
dhondhong apa salak dhuku cilik cilik
gendong apa mbecak mlaku thimik thimik
adhik ndherek ibu tindak menyang pasar
ora pareng rewel ora pareng nakal
mengko ibu mesthi mundhut oleh-oleh
kacang karo roti adhik diparingi

PITIK TUKUNG
Aku duwe pitik, pitik tukung..
saben dina, tak pakani jagung
petok gogok petok petok ngendhog siji,
tak teteske...kabeh trondhol..dhol..dhol..
tanpa wulu..megal-megol.. gol.. gol.. gawe guyu...

KATE DIPANAH
Te kate dipanah
dipanah ngisor gelagah
ana manuk onde-onde
mbok sirbombbrok, mbok si kate mbok sirbombbrok,
mbok si kate mbok sirbombbrok, mbok si kate


JARANAN
jaranan-jaranan... jarane jaran teji
sing numpak ndara bei
sing ngiring para mantri
jeg jeg nong..jeg jeg gung
prok prok turut lurung
gedebug krincing gedebug krincing
prok prok gedebug jedher

LIR ILIR
Lir ilir, lir ilir, tandure wus sumilir
tak ijo royo-royo tak sengguh temanten anyar
Cah angon, cah angon, penekna blimbing kuwi
Lunyu lunyu yo peneken kanggo mbasuh dodo tiro
dodo tiro kumitir bedah ing pinggir
Dondomana j'rumatana kanggo seba mengko sore
mumpung padang rembulane, mumpung jembar kalangane.yo surako surak hiyo.

GUNDHUL-GUNDHUL PACUL
Gundhul gundhul pacul cul, gembelengan
nyunggi nyunggi wakul kul, petentengan
wakul ngglimpang, segane dadi sak latar
wakul ngglimpang, segane dadi sak latar

MENTHOK-MENTHOK
Menthok, menthok, tak kandani mung lakumu,
angisin-isini mbok yo ojo ngetok,
ono kandhang wae enak-enak ngorok,
ora nyambut gawe
menthok, menthok ...
mung lakukumu megal megol gawe guyu


GAMBANG SULING
Gambang suling, ngumandhang swarane
tulat tulit, kepenak unine
uuuunine.. mung..nreyuhake ba-
reng lan kentrung ke-
tipung suling, sigrak kendhangane

SUWE ORA JAMU
Suwe ora jamu
jamu godong tela
suwe ora ketemu
ketemu pisan gawe gela

TAK LELO LELO LEDUNG
tak lelo lelo lelo ledung...
cup menenga aja pijer nangis
anakku sing ayu rupane
nek nangis ndak ilang ayune
tak gadang bisa urip mulyo
dadiyo wanita utomo
ngluhurke asmane wong tua
dadiyo pendekaring bangsa
cup menenga anakku
kae bulane ndadarikaya ndas butho nggilani
agi nggoleki cah nangis
tak lelo lelo lelo ledung
cup menenga anakku cah ayu
tak emban slendang batik kawung
yen nangis mudak gawe bingung
tak lelo lelo ledung..

PELEM-PELEM MENTAH
Pelem-pelem mentah
Entek entek no entek entek no
Sisane sang gatut koco
Gatutkoco edan gatotkoco edan
Omahe plek emplekan
Kidul kidul kono kidul kidul kono
Ono lintang galo galo
Dak sumpingi opo dak sumpingi opo
Dak sumpingi godhong telo
Ela elo eno

PAMAN TUKANG KAYU
Paman tukang kayu
Pripun solahdhiko graji kayu
Srok drung drung srok pung
Srok drung drung srok gung
Paman tukang kayu
Pripun solahdhiko natah kayu
Tek dung dung tek pung
Tek dung dung tek gung
Paman tukang kayu
Pripun solahdhiko masah kayu
Srek dung dung srek pung
Srek dung dung srek gung
Paman tukang kayu
Pripun solahdhiko maku kayu
Tok dung dung tok pung
Tok dung dung tok gung
Paman tukang kayu
Pripun solandhiko ngethok kayu
Tok dung dung tok pung
Tok dung dung tok gung
Paman tukang kayu
Pripun solahdhiko nggorok kayu
Srek drung drung srek pung
Srek drung drung srek gung
Srek drung drung srek pung
Srek drung drung srek gung

PADHANG REMBULAN
Ayo ayo do dolanan ing plataran
Padang rembulan padange koyo rino
Padang gumilang sing dolan ora ono
Bocah dolan bocah dolan do reneo
Ayo poro konco ayo podo suko-suko
Dolanan jogetan tetembangan ing plataran

KUPU KUWI
Kupu kuwi tak incupe
Munglakumu ngewohake
Ngalor ngidul ngetan bali ngulon
Mrono mrene mung sak paran-paran
Sopo biso ngincupake
Mentas menclok clegrok
Banjur mabur bleber

KROTO-KROTO
Kroto-kroto pentile mlinjo
Mlinjo dadi omah gedong pinggir kali
Parenda parendi parenda parendi
Abang koyo dubang putih koyo utih
Manuk glatik kelire alus dadane
Sentak sentik ambegane
Sentak sentik ambegane

KIDANG TALUN
Kidang talun mangan kacang talun
Mil ketemil mil ketemil
Si kidang mangan lembayung
Tikus siji duwe anak siji
Cicit cuwit cicit cuwit
Si tikus mangani pari
Gajah belang seko tanah sebrang
Si gajah kecemplung blumbang

KEMBANG JAGUNG
Kembang jagung omah kampung pinggir lurung
Jejer telu sing tengah bakal omah ku
…… munggah guwo mudun ……
Metik kembang soko dicaoske kanjeng romo
Maju kowe tatu mundur kowe ajur
Jokno sak balamu ora wedi sundukanmu
Iki lho dodo satriyo
Iki lho dodo janoko

JAGO KATE
Jago kate tetete kukuruyuk_kok ……..
Dibalang watu uncag-uncug_keok
Keno telihe doh layune_jrantal
Mari umuk mari ngece
Si kate katone nyekungkung

Butho-butho galak
Buto-buto galak solahe lonjak-lonjak
Ngadek sigrak-sigrak
Nyandak punco nuli tanjak
Bali ngadek maneh rupane ting celoneh
Kuwi buron opo tak sengguh buron kang aneh
Lawong kowe sing marah-marahi
Lawong kowe we we we sing marah-marahi
Rupamu kok ngono hi… hi… aku wedi
Ayo konco podo bali
Galo kae galo kae
Rupane terak-terok rok … rok … rok… rok …
Matane plerak-plerok rok … rok … rok… rok …
Yo kulite ambengkerok

Rabu, 31 Mei 2017

Layang Jawa Jenis dan Contohnya

Pelajaran Bahasa Jawa : Bagian-bagian surat (layang) dan contoh surat (layang)

1. SATATA BASA : Alamate layang bisa katulis pojok tengen utawa kiwa ing dhuwur.
2. ADANGIYAH : Tembung pamuji rahayu upamane :
a. Rinengga sugenging pakurmatan.
b. Tansah winantu suka basuki.
c. Katentreman lan karahayon
d. Winantu ing bagya mulya.
e. Sembah sungkem.


3. PURWAKA : Nelakake kabar kaslametane kang kirim layang lan pangarep – arep supaya kang dikirimi uga slamet.
4. SURASA BASA : Isine layang, kekarepane layang.
5. WASANA BASA : Pungkasaning layang, tuladhane :
a. Cukup semene dhisik liya wektu disambung maneh.
6. TITI MANGSA : Nelakake wektu panulisaning layang.
Lamongan, 8 April 2013
7. PEPRENAH : Asale layang saka sapa tuladha :
a. Saking ingkang putra
b. Bapakmu ing omah
c.Adhimu saka paran, lsp
8. TAPAK ASMA / TANDHA ASMA : Tanda tangan kang gawe layang.
9. ASMA TERANG : Asma terang sing gawe layang.
Tuladha Layang :
Ing nigisor iki tuladha nggawe layang ijin ora mlebu Sekolah


Lamongan, 8 April 2013
Katur
Bapak/ibu Guru
MI Ta'limul Huda Pucuk
Lamongan

Assalamualaikum Wr.Wb.
Sesarengan serat punika kula wali murid saking :
Nami : Slamet Raharjo
Kelas : 2
Dinten : Senen
Tanggal : 8 April 2013
Nyuwunaken iji putra kula mboten mlebu sekolah amargi sakit.
Cekap semanten, saking kawigatesanipun kula matur nuwun.
Walaikumsalam Wr.Wb.
Saking Wali murid



H. Ali Yushofa

Ing nigisor iki tuladha nggawe layang pribadi
Lamongan, 8 April 2013

Katur
Pak Dhe/Bu Dhe
Ing Dalem


Surabaya


Ingkang sembah pangabekti.
Sesarengan surat menika ingkang putra ngaturi kabar, bilih bapak lan ibu saha adik-adik pinaringan wilujeng. Ingkang kula suwun Pak Dhe lan Bu Dhe inggih semanten ugi.

Pak Dhe lan Bu Dhe, benjang liburan tanggal 20 Mei 2013 liburan semester 2 , kula badhe liburan dateng dalemipun Pak Dhe lan Bu Dhe kaliyan adhik-adhik. Dene menawi Pak Dhe lan Bu Dhe kagungan wekdal kula dipunteraken dateng Owabong.

Wasana cekap semanten menawi wonten kelepatan atur kuala nyuwun pangapunten

Sungkem Kula



Sunarsih


Layang


Kothak kanggo ngeposké layang ing Indonésia.
Layang iku umumé arupa dluwang sing tinulisan dikirimaké minangka gantiné rerembugan. Ananging layang uga bisa ateges buku sing ngamot crita lan sapanunggalané.
Warna-warnane layang:
• Layang biwara.
• Layang Iber-iber (Layang Kiriman).
• Layang Dhawuh.
• Layang Ulem.
• Layang Lelayu,
• Layang Pribadi lan sapanunggalané.
Perangané layang[sunting]
1. Papan panggonan lan titi mangsa, mratélaké papan kutha lan titi wanci panulisé layang.
2. Adangiyah (adawiyah). Mratélaké unggah-ungguhing basa paprenahé kang kirim layang marang kang arep dikirimi layang, marang kanca sedulur sapantaran, utawa marang kaprenah tuwa, umpamané pakdhé budhé.
3. Pambuka (bebuka). Karepe kanggo mbukak utawa miwiti layang. Ing padatan anelakaké awèh atur kabar kaslametan kasarasan lankatentreman.
4. Isi (surasa basa). Mratélaké apa sajatiné isi layang.
5. Panutup (wasana basa). Panutup isi adaté pangajap , pangarep arep kang ana gegayutan karo isi layang.
6. Titi mangsa (titi wanci).
7. Peprenahan. Paprenahan iki karepe katulis ing layang marang kang dikirimi layang.
8. Tapak asma.
Adangiyah nelakake , unggah-ungguhing layang.
1. Taklim (ingkang taklim), marang sadulur tuwa, utawa menyang sapadha-padha kang perlu diajeni.
2. Salam taklim, marang sedulur enom, utawa menyang sapepadhané.
3. Ingkang salam, marang sedulur enom kang perlu diajeni, amarga pangkaté luwih dhuwur.
4. Ingkang pandonga, saka wong tuwa marang wong enom kang diajeni.
5. Ingkang Pandonga, saka wong tuwa marang anak putune dhewe utawa sing karengkuh kaya anaké dhéwé. 6. Ingkang sembah, saka wong cilik marang para luhur, nadyan pangkate padha. 7. Ingkang sembah sungkem, saka wong enom marang sesepuh (simbah) utawa para luhur.
8. Ingkang sembah pangabekti, saka wong enom marang wong tuwané dhéwé, umpamane : Bapak, Ibu, Simbah, wong wadon marang kakunge.
9. Ingkang pangabekti, marang wong tuwa kang diajeni (dibekteni), umpamané : marang ipene kang kaprenah tuwa.
10. Sembah sujud, saka kawula marang Gustine Pamuji, umpamane : karengga sagunging kaurmatan, Karengga sagunging pahargyan, kairing ing sagunging kaurmatan, pudyarja, lan sapituruté. Iku kabeh, satemene mung owah-owahan saka kang kasebut ing dhuwur mau. Amarga ana pakèwuhé anggoné arep nandukaké unggah-ungguh.

Tuladha
Gatekna tuladha layang ing ngisor iki:
Salatiga, 10 januari 2009
Pangabekti kula Katur eyang kakung Wirga Martono ing margi sukarna hata 5 Sragen
Nuwun wiyosipun sareng serat menika ingkang wayah nyaosi pirsa, bilih kawontenanipun ingkang wayah dalah bapak ibu ing Salatigatansah ginanjar wilujeng . mugi-mugi kasugenganipun eyang kakung sabrayat tansah mekatena ugi Kajawi punika nyaosi pirsa, bilih paringan serat eyang sampun ingkang wayah tampi. Ingkang wayah punapa dene bapakl ibu sami bungah dene eyang sampun kondur kanti wilujeng Salajengipun nyaosi pirsa, bilih liburan mangke bapak ibu punapa dene ingkang wayah badhé sowan éyang. Sokur saged sinambi ningali musium Sangiran, dateng kraton Surakarta, ningali tetilaripun para raja.
Ing wasana cekap semanten aturipun ingkang wayah. Sedaya kalepataning atur punapa dene kiranging, suba sila nyuwun pangapunten.
Ingkang wayah Sukartini
Margi Dipanegara angka 136

Bahasa Jawa Bab LAYANG
Perangane Layang :
> Titi Mangsa
Papan panggonan lan tanggal digawene layang
>Adangiah
Katujokake marang sapa layang iku
>Salam Pambuka
Salam ingkang sepisan
>Wasana Basa
pangarep-arep lan donga
>Surasa Basa / isi
Inti ne / isi ne layang
>Purwoko Basa
Penutup layang
>Salam Penutup
Salam penutupe layang
>Peprenah
Asma terang lan tapak asma
Jenis-Jenis Layang

1.Layang Iber-Iber
Layang iber - iber inggih menika layang ingkang wosipun perkawis pribadi, ingkang kaandharaken saged menapa kemawon gumantung kabetahanipun ingkang nyerat.
Tuladha layang iber –iber :
Kang pandonga marang anakku

Irawan, Ing Jakarta

Wiyose ngger, sarehne sok sasi ngarep iki adhimu arep disunatake, mula yen ora ana alangan sawiji apa kowe mulih sadurunge tanggal sepuluh, saperlu arep dakjak urun rembug.
wasana banget ing pangarep - arepku, lan sapungkure layang iki kabeh kulawarga tansah ginanjar slamet.
Parakan, 22 Nopember 2009
Bapak:
Suradi
2.Layang Kitir

Layang kitir yaiku layang inggih menika layang ingkang wosipun cekak aos menapa perlunipun lan dipunkintun lumantar pos.
Tuladha layang kitir :
Katur Mas Bayu, ing dalem
Wiyose mas, yen ndadekake keparenging penggalih lan ora pinuju kagem piyambak aku nyuwun ngampil kagunganmu sepedha motor, arep dakenggo tilik sedulur kang lagi lara ing rumah sakit Ngesti Waluya Parakan.
Dene anggonku mbalekake mengko bengi.
Parakan, 22 Nopember 2009
Adhimu :

Sunaryo




3.Layang Ulem
layang ulem atawi undhangan inggih menika layang atur dhateng tiyang sanes supados tiyang ingkang dipunulemi rawuh ing papan lan wekdal ingkang sampun katemtokaken.
Tuladha layang Ulem :

Assalamualaikum Wr.Wb
Kanthi puji syukur dhumateng asmanipun Gusti kang Maha Agung. Kula angantu-antu keparengipun rawuh panjenengan sekaliyan wonten ing Syukuran supitipun anak kula jaler kekalih.

Inggih menika ingkang asma :

1. BAGUS WARSANA
2. BAGUS WARDAYA


Insyaallah mbenjang ing :

Dinten : Minggu Wage [malem Jumuah Legi]
Tanggal : 10 Desember 2006 [20 Dulkaidah Alip 1939]
Pukul : 09.00 enjang
Papan : Gedung Mandiri Kecamatan Parakan, temanggung

Wasana awit keparengipun rawuh lan berkah pangestu, kula matur sanget nuwun.


Salam taklim,


Sela Darmaji Kekalih






4.Layang Lelayu

layang lelayu inggih menika layang ingkang wosipun pawarta kematian.
Tuladha Layang Lelayu :
Bilih kala wau dalu dinten Jumat, 12 Januwari 2000,tabuh 20.00 WIB, Embah Kakung Juremi ketimbalan ing Allah wonten ing Griya Sakit Umum Lumajang.Layon badhe kasarekaken ing dinten Saptu, 13 Januwari 2000 ing TPU Mranggen. Bidhal saking griya duhkita tabuh 13.00 WIB saking griya Jln. Mawar Raya No. 15 Lumajang. Nuwun
LAYANG PRIBADI
Standar kompetensi : Mampu menulis surat dan pidato serta menulis huruf Jawa.
Kompetensi dasar : Menulis Surat Pribadi.
A. Seserepan.
Layang utawa nawala yaiku basa kang diaturake nganggo tulisan utawa salah sijining piranti komunikasi kang awujud tulisan.
Layang pribadhi iku wujude kaya layang lumrahe. Sing dadi pratandhane menawa layang iku kalebu layang pribadhi yaiku pigunane. Tegese layang mau digunakake pribadhi marang pribadhi lan isine ngrembug perkara pribadhi utawa ora perkara kadinasan. mula saka kuwi basa kang digunakake ing layang pribadhi luwih longgar. Karepe basa ing layang pribadhi ora kaiket dening aturan - aturan kang baku nanging mung kaiket dening peprenah antarane kang ngirim layang lang kang dikirimi layang. Nanging basane layang pribadhi bisa ngoko bisa uga krama gumantung kalungguhane wong sing dikirimi layang. Menaw kang dikirimi layang kuwi kanca sepadha - padha utawa peprenahe luwih enom, layang bisa ditulis nganggo basa ngoko. ananging yen kang nampa layang peprenahe luwih tuwa utawa dhuwur kalungguhane, prayogane layang mau katulis nganggo basa krama.
Sanajan layang pribadhi duwe kalonggaran babagan basa lan perkara kang dirembug, layang pribadhi ora kena ninggalake subasita lan tata krama. layang pribadhi uga kudu ditulis kanthi cetha, gampang dipahami dening kang nampa layang. kanthi mengkono layang mau ora nimbulake kabingungan lan kesalahpahaman, utamane kanggone sing nampa layang.


Manut basa, isi, sipat lan asale, layang bisa kaperang dadi papat, yaiku :
a. Surat (layang) resmi.
b. Surat ( layang ) dinas.
c. Surat ( layang) niaga
d. Surat (layang) pribadhi.
Peprincene gawe layang :
1. SATATA BASA : Alamate layang bisa katulis pojok tengen utawa kiwa ing dhuwur.
2. ADANGIYAH : Tembung pamuji rahayu upamane :
a. Rinengga sugenging pakurmatan.
b. Tansah winantu suka basuki.
c. Katentreman lan karahayon
d. Winantu ing bagya mulya.
e. Sembah sungkem.
3. PURWAKA : Nelakake kabar kaslametane kang kirim layang lan pangarep - arep supaya kang dikirimi uga slamet.
4. SURASA BASA : Isine layang, kekarepane layang.
5. WASANA BASA : Pungkasaning layang, tuladhane :
a. Cukup semene dhisik liya wektu disambung maneh.
6. TITI MANGSA : Nelakake wektu panulisaning layang.
Parakan, 21 Agustus 2008
7. PEPRENAH : Asale layang saka sapa tuladha :
a. Saking ingkang putra
b. Bapakmu ing omah
c.Adhimu saka paran, lsp
8. TAPAK ASMA / TANDHA ASMA : Tanda tangan kang gawe layang.
9. ASMA TERANG : Asma terang sing gawe layang.
B. Tuladha gawe layang
1. Layang anak marang wong tuwa.
Bapak saha Ibu Joko Surasa (1)
Jln. Aip Mungkar Parakan
Temanggung.
Sembah sungkem, (2)
Kanthi lumantaring serat punik, kula ngaturi uninga bilih kawontenan kula ing Semarang tansah ginajar wilujeng nir ing sambikala. Menggah panyuwun kula dhumateng gusti Allah SWT, mugi - mugi kawontenanipun Bapak sah Ibu ugi mekaten. amin. (3)
Kajawi punika ingkang sepisan ingkang putra ngaturi priksa bilih kintunannipun arta sampun kula tampi rikal dinten minggu kapengkur. Arta punika sampun kula ginakaken kangge prabeya sekolah. Tirahanipun kangge nyekapi kabetahan wonten kos. Ingkang kaping kalih, kula ngaturi priksa bilih sekedhap malih badhe tes semesteran. Pramila kula nyuwun tambahing berkah pangestu mugi - mugi kula saged nglampahi tes semesteran punika kanthi biji ingkang sae, amin. (4)
Ing wusana cekap semanten rumiyen serat kula, sanes wekdal dipun sambet malih. menawi wonten kirang trapsilaning atur dhumateng Bapak saha Ibu, kula nyuwun lumunturing samudra pangaksami. (5)
(6) Semarang, 26 Nopember 2008
(7) Saking ingkang putra
(8)
(9) Hadi Prawira

2. Layang ulem
Nambut silaning akrami:
Dra. NIKEN NASTITI
KRT. Tedjaningrat
Kaliyan
Drs. MARYAN UTAMA
Letkol Sumaryan
Akad Nikah:
Kemis Kliwon,
14 Desember 2006
Pukul 09.00 enjing,
ing griya Jl. Madukismo 123
Ngayogyakarta
Ngayogyakarta, 1 Desember 2006
Nuwun wiyosipun,
Kula angantu-antu keparengipun rawuh panjenengan sekaliyan wonten ing wiwahan panggih/dhaupipun anak kula penganten kekalih, mbenjang ing:
Dinten : Kemis Kliwon [malem Jumuah Legi
Tanggal : 14 Desember 2006 [24 Dulkaidah Alip 1939]
Pukul : 19.00 [pitu sonten]
Papan : Pendhapi Budaya Mandhala Jl. Madukismo 75 Ngayogyakarta
Wasana awit keparengipun rawuh lan berkah pangestu, kula matur nuwun sanget. Nuwun.
Salam taklim,
KRT. Tedjaningrat Kekalih


3.Tuladha Serat Ulem Supitan
Supitan:
1. BAGUS WARSANA
2. BAGUS WARDAYA
Gresipun:
Jumuah Wage, 8 Desember 2006
Pukul 09.00 enjang
ing Dokter Supit Padmasuri
Jampiroso Temanggung
Parakan, 1 Desember 2006
Nuwun wiyosipun,
Kula angantu-antu keparengipun rawuh panjenengan sekaliyan wonten ing syukuran supitipun anak kula jaler kekalih, mbenjang ing:
Dinten : Minggu Wage [malem Jumuah Legi]
Tanggal : 10 Desember 2006 [20 Dulkaidah Alip 1939]
Pukul : 09.00 enjang
Papan : Gedung Mandiri Kecamatan Parakan, temanggung

Wasana awit keparengipun rawuh lan berkah pangestu, kula matur sanget nuwun.
Salam taklim,
Sela Darmaji Kekalih

4. layang Kitir Lelayu
Innalillahi wa inna ilaihi roji’un
Sampun tinimbalan sowan ing pangayunaning Pangeran kanthi tentrem ing RSUP Dr. Sardjito nalika dinten Ahad kliwon, 24 Desember 2006 (3 Besar alip 1939) pukul 11.50 siyang, Bapak/embah sutresna:
KI MANGKUSASMITA
(Yuswa 80 taun)
Layon badhe kasarekaken ing makam Sitisuci, bidhal saking griya sungkawa Jeruksari Gang Megatruh 50, dinten Senen Legi 25 Desember 2006 pukul 14.00
Ngayogyakarta, 24 Desember 2006
Ingkang duhkita
*Nyi Mangkusasmita (garwa)
*Brayat Mangkutana, SH. (putra)
*Brayat Mangkurati, SPd. (putra)
*Brayat Sumargana (raka)
*Brayat Parengkuan (rayi)

Jumat, 17 Maret 2017

Kumpulan Naskah Drama Bahasa Jawa

Berikut ini adalah beberapa naskah Drama bahasa Jawa dengan berbagai judul :

SOMBONG ISO NGRUSAK KEKANCAN
Sule , Asri ,Rege,lan Vega uwis suwe dadi konco. Cah papat kuwi dasare anake wong sugih. Kerep jajan bareng-bareng kerep seneng-seneng bareng. Ananing ,, kabeh dadi maleh pas bapake Rege bangkrut.
Neng ruwang kelas pas agek piket.

Rege : Man, , , aku, ennntuk njaluk tulung ra’
Suleman : (etok-etok ra krungu)
Rege : wee..!! man! Njuk tulung entuk raa?! Tulung balekno sapu iki sisan , kowe yo wis rampung nyapune too..!
Suleman : appa. .! mbalekke. . ra suddi. !
Rege : asem ik, kowe i bar mangan opo to Man. Ko ndengaren Jutex men karo aku. .
Suleman : arep ngoppo. Mangan opo yo uduk urusanmu!! Wis minggiro kono!
Asri : wis-wis, kowe i do ngopo to. Ko ‘ kerenagn wae. Nak eneng masalah ki yo mbok di omongke apek-apek...
Vega : ho oh. . . lha ngopo to Man , kok kowe koyo nesu karo Rege ngono.
Rege : (nyelehke sapune) owwraa’ !soppo seng kondo. Awake dewe apek-apek ae to Man.
Suleman : Ra! Aku saiki ra seneng karo kowe, kowe saiki mlarat, wis do minggir- minggir!
(Lungo neng mburi karo nggowo sapu)
Asri :Sek yo. . tak marani Sule disik ( Lungo)
Vega : (gedeg-gedeg) Yo wiis. . . sante haeee. . pancen Suleki wonge ngonno. . Ra sah mbok pikir. .
Rege : Haaah. .ck . .laiyyo to Peg. Aku yo ra ngiro suleman ngono. Jebolno wonge sombong banget.
Vega : ssst ojo banter2 wonge ndak krungu.
(KRUNGU SUORO BEL) Ho. .! wis bel. Gek balekno sek sapune.

Wis pirang-pirang ndino Rege karo Sule ora dolan bareng. Sule milih dolan karo Asri lan cah sugeh-sugeh liyane. Terus, sak wijine esok
Asri : Sul, kowe ngerti ra’
Sule : oppo !
Asri : Aku nduwe Hp anyar . lho iki. . isoh di pencet – pencet layare lho, kowe Ra nduwe to. .
Sule : eh. Ho oh apike, oppo merk e. Regane piro?
Asri : iki Hp. Regane murahh. . mung Rp. 6.789.000,-. Smart phone lho iki.
Narator : padahal kuwi mung seng nyileh. .!
Sule : Halah. Mung semono to regane . kecil no. Bapakku kan bozzz . .
Asri : (Kaget) wuss. .! elok tenan . yo wis sesok tukuwo yo, seng luwih apek soko iki.
Sule : (dg pdne sule omong.) iyyo. .gampang . . bisa diatur . .
Asri : hallah . .!

Wektu muleh sekolah. Suleman wis tekan ngomah. Terruss . . . . langsung . . . .

Sule : Pak, pak e tukok ne Hp! !
Bpke : heh! Oppo! Nyerako rene!
Sule : pak. Anu . .tukok ne Hp Pak. .
Bpke : oppo! Tuku Hp! Meneh! Lha Hpmu seng kuwi arep kok nggo oppo.
Sule : iki. . .kurang apek,. . ungsume saiki Hp seng isohdi pijet layare. .
Bpke : ( njane arep nganndani, neng ora kuwat, dadi bpke nyeluk ibuke. . ) Buk . . .! buke. . . .
Mboke : yo. . kosek . . enek oppo to pak. .
Bpk : (ngei isyarat) kandanono anakmu kono . .!
Mboke : lLee . . ., ngene lho. Takkandani yo. Neng ojo kaget!
Sule : enek oppo to Buk?!
Mboke : piye yo( menghirup napas panjang. . ancang- ancang. .siap. .Yakk!) Bapakmu ki agaek eneng masalah eneg kantore, eneng klienne bapakmu seng wis marai rugi perusahaan. .
Sule : maksude . .
Mbkke : yoo . . kowe ra iso tuku Hp. Bapakmu kapusan. . mulo awake dewe kudu hemat , ra sah tuku sek ra penting. Omah iki, sesok kudu ditinggalke, keluarga iki kudu golek omah seng luwih sedrhana . terus omah iki. Di dol.
Sule : OppO . . .!! –OH tidak munggkiin . . .!!!- maksude bangrut.
(Ngawaske drijine . . terus. .) ora urusan! Pokoke kudu tuku Hp! Titik!!
Bpke : ( Brakkkk!!) We!!, ra sah ngeyel, mbok yo ngerti keadaane wong tuwo sitik ngono lhooo!
Sule : neng . . . neng . . ak aku. .
Bpke : ra enek neng-neng an, pokoke kowe kudu hemat!
Sule : asem!(lungo neng kamare)
Bpk : we, ngopmong oppo kowe. . (lingguh)
Kurang ajar banget cah kuwi . .!
Bpk : salahe soppo seng manjakke. . banget2
Bpke lan Mboke: (melepaskan napas panjang. . . siap. . yak .!) Haaa a a a a a . . . .

Bpke : mboke, piye nek saiki ngejak sule neng “ ngenndi” ngono?
Mbok: Lha neng ngendi. .?
Bpke : wis kuwi rahasia. Pokoke celuken Sule, nek ora gelem kondo wo arep di tukokne Hp.
Mboke : yoo
Mboke : Sule, rene osek le. . arep di jak bapk mu
Sule : yo ( moro) arep sido ditukok ne Hp to Buk.
Mboke : yo emmbuh, pokoke melu o bpk mu sek.
Suleman karo Bapke numpak mobil neng “ngendi” ngono. Terus , Sule mikir. . Lho kok aneh, ambune ngapusi iki. .
Sule : (miduk soko mobil), lho kok rene ngopo rene, ora arep teku Hp to.?
Narator: mesti do penasaran to iki neng ngendi, yo wis, wis saate tak kandani. Asinooo. . iki neng perkampungan pemulung)
Bpke : cobo deloken uwong-uwong kuwi. . saben dino kerja keras gor dinggo Madang, awake dewe kudune ber sukur wis urip kecukupan saben dino. Kowe kudune ngerti , uwong –uwong iki ora saben dino iso mangan, sok2 mangan mor nganggo sego aking. Tak kandani yo lee. . urip ki ora mesti neng nduwur terus utowo neng ngisor terus. Nek awake dewe tau sugeh, awake dewe yo kudu siap dadi mlarat. Ngerti. . .
Sule : . . . . . ngrtos pak. .
Bpke : ngerti tenan rak?!! Dadi sido tuku Hp ra’?!!
Sule : mboten mawon pak. Pak . kulo nyuwun gapunten geh pak. Kulo pun sadar. .
Bpk : lha ngono no, yo tak ngapuro, ra po po, neng ndengaren kowe nganggo boso kromo karo bpk he le??!
Sule mikir nek sesok arep njaluk ngapuro karo Rege lan dadi koncone meneh.
Esok wis teko, pas arepe bel masok. .
Sule : Rege, !
Rege : ngopo lee. Jarene ra pengen kenal meneh karo aku. .
Sule : s sopo seng kondo??
Rege : yo wis arep ngomong opo?!
Sule : ngene. . anu. . a aku . .njaluk ngapuro yoo . .(karo ngejak salaman)
Rege : Ra’! Ra nduwe ngapuro!
Sule : Ha!
Rege : Ora-ora, mung gojek, yo genah tak ngapurolah.(nggegem tangane Sule)
Vega : Lha mbok ngono. . mung konco kak mbiyen kok arep mungsuhan. . ho oh ra Sri . .
Asri : yo . . ho oh! Terus kowe sido tuku Hp ra’?
Sule : Ora kok Sri. Eeem. . Bapakku kapusan. Saiki keluarga ku lagi krisis. .
Asri : Oowwww
Rege : Ho oh To Le, yo wis ra popo. Sante ae. Mesti enek “jalan keluare” pokoke gawe kepenak ae. .
Sule : Bener kondomu Ge. .
Teett. . .Teett. . bel mlebu


Naskah Drama Bahasa Jawa tentang kehidupan sehari-hari

Ana ing sawijining desa ana pemuda kang wus akrab banget, yaiku Sardi lan Jono. Bocah loro iku seneng banget nggawe ulah. Sampek kanca-kancane sing liya ora gelem nyedhek amarga mesthi diusili. Wektu iku sawise sekolah Sardi ngampiri Jono.

Sardi : Jon, ayo engko dolan ! ( Nggeplek pundake Jono)
Jono : Gaweanmu dolan ae . Koyo wong pinter wisan.
Sardi : Halah gayamu, gelem opo ora kowe ?
Jono : Dolan nyandi lho ?
Sardi : Yo emboh... Pokoke dolan ben koyo cah gaul ngono lho...
Jono : Emmm.. ayo lek ngono. Tapi wegah aku lek sampek maghrib eneh !
Sardi : Hehehe, ora-ora.
Jono : Gek nggawa duit opo ora ?
Sardi : Halah, kuwi dirembug engko ae... Yo wis aku arep mulih ( Mlaku ngadohi jono )
Jono : Oke-oke.... Engko kowe neng o omahku.

Sawise iku Sardi lan Jono dolan. Sardi lan Jono ora kelingan yen iki mau wayahe kelompok drama B. Jawa kanggo ujian praktek kelas 3. Ing sawijining panggon, Deni lan Parman nunggu bocah loro maeng. Bocah loro kuwi ora ngerti marang ngendi parane Sardi lan Jono.

Parman : He, enek sing ngerti Sardi karo Jono ?
Deni : Lha yo nyandi cah loro ki, maeng opo ndak krungu di omongi...
Parman : Opo jajal diparani neng omahe ?
Deni : Omahe sopo ?
Parman : Yo omahe Jono ae sing enek wong tuwane
Deni : Lek ora enek piye ? Gek iki urung latihan blas lho...
Parman : Halah kuwi masalah keri, sing penting anggotane wis enek kabeh.
Deni : Yo wis kowe rono ae, aku neng kene karo nggae naskah dramane, piye ?
Parman : Hmmm, yo lekno. Sing apik lho yo critane ?
Deni : Oke bos.....

Banjur Parman mara menyang omahe Jono. Ing kono Parman ora nemoni sopo-sopo. Akhire Parman mbalik maneh lan nerusake nggawe teks drama karo Deni. Akhire ditunggu sampek maghrib Sardi lan Jono ora ana ketok.

Deni : Piye bocah iki ? kok ora enek ketok ?
Parman : Lha yo piye neh, lek panggah ora gelem kelompok yo golek liyane ae.
Deni : Nah, setuju aku. Yo wis aku pamit. Ki mesthi wong tuwaku wis nggoleki.
Parman : Oke, dirembug sesuk neng sekolahan ae. Bocahe ditakoni.
Deni : Eh iyo, ojo lali sesuk nggawa gitar gae musicale.
Parman : Gampang, yo uwis ndang muliho.

Deni mulih amarga wis maghrib. Sesuke neng sekolahan Deni lan Parman rembugan bab drama B. Jawa. Kanggo ngisi waktu ngenteni Jono lan Supardi bocah loro kuwi ngrembug musik kang bakal digawe.

Parman : Ayo sakiki nggawe musik kanggo dramane. Sing tentang lagu daerah ae.
Deni : Yo angel lho kuwi, lha kowe opo iso ?
Parman : Jajal kene aku (njupuk gitar saka tangane Deni)
Deni : Halah kemiso, jajal piye....
Parman : (nyanyi gundul-gundul pacul)
Deni : Hahaha, kuwi rak yo tembang dolanane bocah lho...
Parman : Sing penting lagu daerah lho...
Deni : Ojo, diganti liyane ngono lho.
Parman : Jajal kowe iso opo ora ? (ngekekne gitar marang Deni)
Deni : (Main gitar)
Parman : Lha kuwi opo ora yo lagu pop.... hahaha
Deni : Hahaha, lha aku ora iso lho..
Parman : Kene lek ngono aku ae.
Deni : (Ngekekne gitar) Aku sing nyanyi yo ?
Parman : (Nyanyi karo Deni)
Deni : Haha, apik kuwi... yo uwis nggae kuwi ae...

Sing ditunggu-tunggu mara-mara teko karo mlayu. Ora rumangsa yen ditunggu.

Jono : Heh, bocah-bocah wes podo latihan drama Bahasa Jawa, kelompoke awake dhewe
piye ?
Deni lan Parman : Trus gue harus bilang wow gitu ? wow
Supardi : Heladalah, iki tenanan lho...
Parman : Lha kowe dhekingi nyandi ae ?
Supardi : Nyapo aku sing kok takoni....
Parman : Lha wayahe kan kelompok, kowe yo wis diomongi...
Supardi : Kapan lekmu omong ? ( mulai nesu )
Parman : Ow, kowe wis pikun yo ?
Pak Guru : He he, enek opo iki ?
Deni : Niki, Pak. Sardi kalih Jono dhekwingi mboten purun kelompok drama.
Pak Guru : Weh weh, lha nyapo kok ora kelompok ki ?
Jono : Lha ancen ora diomongi to, Pak.
Pak Guru : Iyo to le ? Ora kok omongi ?
Deni : Sampun, Pak. Tapi mboten dugi.
Pak Guru : Lha kwi kowe ora teko...
Jono : Ora diomongi, Pak.
Pak Guru : Halah wis ora usah ngeyel, ndang gek kelompok

Sawise ngono, bocah papat kelompok nggae drama. Amarga gotong royong akhire kelompoke iso nampilake drama kang apik lan akeh kanca-kancane sing seneng.

Parman : Apik banget gayamu cah, jan pantes dadi artis.
Deni : Lho yo jelas lah, sopo disek...
Parman : Di, Jon, nyapo meneng ae ki.... wis berhasil lho
Sardi : Aku njaluk sepuro yo, Man.
Parman : Halah, ora opo-opo.... Sing penting iki wis sukses.
Pak Guru : Lha yo ngono, lek gotong royong bareng kan iso apik hasile
Sardi : Kula nyuwun pangapunten, Pak. Nika sampun mboten sopan kalihan bapak.
Jono : Kula nggih, Pak.
Pak Guru : Yo wis ora opo-opo. Makane ojo diterusne lekmu ndugal ki.

Sardi lan Jono mulai ngrubah sikape. Pirang wulan sawise kuwi bocah papat maeng oleh nilai Ujian kang paling apik dhewe. Gotong royong lan kerja keras iku bisa ndadekake semubarang gawe dadi gampang lan oleh hasil kan muasne.

Sindenrela lan Sendal Jepit

Sindenrela kuwi gadis desa sing pinter nembang, suarane apik, parase ayu, seneng nulung, nanging uripe melasi. Ibu kandunge wis ngadep Gusti Allah. Sindenrela nduwe ibu kuwalon anyar lan nduwe sedulur kuwalon anyar jenenge Rahayu. Ibu tiri lan Rahayu mau senenge nyiksa Sindenrela nek langka bapake ing umah. Saben dina Sindenrela dipaksa kerja terus-terusan, nanging Sindenrela tetep sabar.

Sindenrela nduwe kanca jenenge Tukimin. Tukimin kiye wis dadi kancane Sindenrela kawit cilik. Mung karo Tukimin tok, Sindenrela gelem cerita apa bae, langka sing ditutupi. Apa maning masalah karo ibu tirine lan Rahayu, ora ketinggalan di ceritakake meng Tukimin.

Babak I
( esuk-esuk nang umahe Sindenrela )
Ibu tiri : “Sindeeeeen!!!! Sindenrela!!!” ( lungguh ing ngarep TV karo kipas kipas )
Sindenrela : “Dalem, Bu?” ( mlayu marani ibu tirine )
Ibu tiri : “Dolam dalem! Kuwe ora ndeleng gerabah numpuk-numpuk. Kumbaih siki!”
Sindenrela : “Ngapunten, Bu. Kala wau kan Ibu ndhawuhi Sinden supados nggirah agemane Ibu. Nah menika dereng...” ( Sindenrela durung rampung ngomong, wes dipedhot ibu tirine )
Ibu tiri : “Halah, aja nggawe alasan terus! Ibu ora arep ngerti, pokoke siki kabeh kudu rampung!”
Sindenrela : “Nggeh, Bu...” ( karo manthuk manthuk )
Rahayu : “Sindenrelaaaaa!”
Sindenrela : “Dalem, Mba?” ( mlayu marani Rahayu )
Rahayu : “Kiye klambiku gosokake. Aku arep dolan karo kanca-kancaku. Saiki!” ( mbalangke klambi marang wajahe Sindenrela )
Sindenrela : “Nanging, Mba, anu menika Sinden ajeng ngumbah agemane Ibu lan ngumbah piring.”
Rahayu : “Terus aku kon mikiri? Gosokake klambiku, saiki! Nek ora aku omongna Ibu nek kowe ora gelem!”
Sindenrela : “Ampun to, Mba. Nggeh sampun Sinden gosokaken. Nenggo sekedap malih...” ( Sindenrela banjur cepet cepet nggosok klambine Rahayu )

Babak II
( Sindenrela nggosok klambine mbakyune karo nangis amarga nelangsa karo uripe sing saben dina dibeda-bedani nang umahe dewe. Sindenrela ora ngerti nek ana Tukimin teka lewat lawang mburi )
Tukimin : “Loh, Nden? Nangapa koh? Deneng nangis?” ( nyedhak marang Sindenrela )
Sindenrela : “Rasaku kok kesel banget ya, Min. Aben-aben dikon nyambut gawe kayak kiye...” ( ngulapi iluhe kang netes )
Tukimin : “Sing legowo, Nden. Sing ikhlas.. Kabeh tindak-tanduke dewek mesti dibales karo Gusti Allah. Sanajan ora ngerti kapan wektune.”
Sindenrela : “Iya, Min. Apa kuwe sing nang tangan, sing kowe cekel?” ( karo nunjuk tangan tengene Tukimin )
Tukimin : “Nah, tembe bae aku arep ngomong. Kiye mau ana undangan saka Jaka Sembung. Dadi Jaka Sembung kiye critane arep nganakake acara kanggo golek bojo.”
Sindenrela : “Temenan apa kuwe, Min? Jaka Sembung sing umaeh nang desa sebelah kae, to?” ( kaget )
Tukimin : “Iya, Nden. Jaka Sembung sing kowe senengi kae. Mbog kowe tau cerita...”
Sindenrela : “Moso sih?”
Tukimin : “Halah...kuwe pipimu kok dadi abang? Hahahaha...” ( ngguyu ngledo Sindenrela )
Sindenrela : “Gara-garane kowe, Min! Ngledeki aku! Kan aku isin, to!” ( nutupe raine nganggo tangane karo ngguyu ngguyu dewe )
Tukimin : “Iya, iyaaa... Kiye undangane, masalah melu apa ora kuwe terserah. Sing penting aku wis ngabari kowe, Nden.”
Sindenrela : “Aku sih kepengin melu, Min. Tapi aku ora ngerti ulih apa ora karo Ibu.”
Tukimin : “Pamit bae karo Bapakmu wae nangapa?”
Sindenrela : “Bapak kan lagi kerja 2 minggu nang kota. Aku ya ora bisa matur maring Bapak.”
Tukimin : “Oh, yawis kowe nembung disit. Mengko aku dikabari ya. Aku arep bali disek. Assalamu’alaikum...”
Sindenrela : “Walaikumsalam...”
Rahayu : “Sindeeeen! Lagi ngapa sih, deneng suwe temen nggosoke!!
Sindenrela : “Nggeh, Mba. Niki sampun rampung.”
Rahayu : “Jan, kaya kuwe tok be kesuwen!” (njukut klambine) “Loh, kuwe apa sing kowe cekel?”
Sindenrela : “Anu, Mba..anu...niki..eh...undangan.”
Rahayu : “Kiye kan undangan acarane Jaka Sembung? Deneng kowe bisa ulih juga? Kowe arep melu apa? Hahahahaha. Aja ngimpi Jaka Sembung seneng marang kowe! Jaka Sembung kuwe seneng wong wedon sing kaya aku, udu kaya kowe!”
Sindenrela : “Tapi kan mboten salah to Mba, menawi Sinden nderek acara menika.”
Rahayu : “Ibuuuu! Bu....!”
Sidenrela : ( bingung Rahayu meh ngapa, wedi yen wadul ibune )
Ibu tiri : “Apa to? Kok bengok-bengok?”
Rahayu : “Bu, menika mireng mboten menawi Jaka Sembung ngawontenaken undangan pados garwa mangke ndalu?”
Ibu tiri : “Loh apa iya? Jaka Sembung sing gagah kae?”
Rahayu : “Nggeh, Bu. Rahayu uga badhe nderek. Tapi moso Sinden nderek, kan lucu nggeh, Bu?”
Ibu tiri : “Apa? Kowe arep melu? Ora ulih karo Ibu! Mung gawe isin tok mengko nang kana!”
Sindenrela : “Tapi, Bu... Mba Rahayu uga pareng nderek, moso Sinden mboten pareng?”
Ibu tiri : “Sekali ora ulih ya tetep ora! Mengko bengi, kowe nang umah, resik-resik! Ibu karo Mbakmu sing mangkat! Titik!”

Babak III
( Mlebu wayah bengi Rahayu karo ibu tirine Sindenrela sibuk nganah-ngeneh kanggo persiapan menyang umaeh Jaka Sembung. Rahayu ditukokake klambi anyar sing apik banget. Sindenrela mung bisa ndeleng sanajan atine iri ndeleng kakange diistimewakake karo ibune. Sindenrela sing ora bisa melu mung bisa nelangsa karo resik-resik umah )
Sindenrela : “Ya Allah, paringana sabar, paringana ikhlas...” ( Sindenrela ndonga karo nangis )
Tukimin : “Assalamu’alaikum, Nden, Sinden!” ( ngetok ketok lawang omahe Sindenrela )
Sindenrela : “Walaikumsalam, mlebu bae, Min!”
Tukimin : “Nden, deneng kowe tesih nang umah?” ( bingung ndeleng Sindenrela kang iseh nyapu )
Sindenrela : “Aku ora ulih melu karo Ibu, Min. Aku didhawuhi nang umah bae resik-resik.”
Tukimin : “Wis mangkat bae saiki. Ayo karo aku mronone!” ( karo narik narik tangane Sindenrela )
Sindenrela : “Tapi nek aku dukani Ibu piye, Min. Aja ngawur kowe!” ( nguculke tangane kang ditarik Tukimin )
Tukimin : “Ora, ora bakal diseneni. Wis ayo mangkat!”
Sindenrela : “Tapi aku ora nduwe klambi maen, Min...” ( ndeleng klambi kang dinggo dekne )
Tukimin : “Halah, wis mbatin aku. Wong wedon genah iya koh, repot apa-apane! Geh aku wis nyelangake klambine mbakku. Dienggo rana!” ( nyerahke tas kresek kang isine klambi )
Sindenrela : “Tukimin pancen TOP banget. Matur nuwun ya, ora salah aku nduwe kancan kaya kowe, Min! Aku tak ganti disit ya...”
Tukimin : “Iya, iya, cepetan!”
Sindenrela : (metu saka kamar) “Piye, Min? Wagu ora?”
Tukimin : “Ayu koh, Nden. Apik lan pas nang kowe! Sumpah, kowe gawe pangling!” ( ngacungake 2 jempol tangane )
Sindenrela : “Halah, ngapusi ya?”
Tukimin : “Ora kok, temenan. Wis ayo mangkat! Tapi tak boncengna numpak pit, piye?”
Sindenrela : “Ya ora apa-apa. Wis bisa mangkat kuwe wis Alhamdulillah. Aduh, aku kelalen aku ora nduwe sepatu, Min!”
Tukimin : “Loh aku juga ora nggawa. Terus piwe?”
Sindenrela : “Yawis ora masalah aku nganggo sendal jepit bae.”

Babak IV
( Sindenrela diboncengna Tukimin maring umaeh Jaka Sembung nang desa sebelah. Tekan umaeh Jaka Sembung )
Tukimin : “Wis nganah mlebu, aku nang njaba bae. Mengko nek wis rampung parani aku nang pos ronda kae ya...” ( ngacungi pos ronda kang ana ing pojokan )
Sindenrela : “Tapi aku isin mlebune, Min. Rame banget!”
Tukimin : “Lah, ora apa-apa. Kiye kan acara bebas kanggo sapa bae. Wis nganah!”
Sindenrela : “Yawis. Matur nuwun ya, Min. Aku mlebu disit.” ( mlaku marang pesta ing omahe Jaka Sembung )

Babak V
( Sindenrela mlebu maring umaeh Jaka Sembung. Karo isin soale Sindenrela mung nganggo sandal jepit, padahal liyane pada nganggo sepatu apik. Tembe bae njagong kursi Jaka Sembung nyamperi Sindenrela )
Jaka Sembung : “Sugeng rawuh, Mba....?”
Sindenrela : “Sinden, Sindenrela.” ( karo isin isin )
Jaka Sembung : “Sindenrela. Jenengmu apik, cocok karo parasmu sing ayu.”
Sindenrela : “Mas Jaka bisa bae...” ( raine Sinden abang amarga isin )
Jaka Sembung : “Bisa ya, hehe. Sampeyan maring ngeneh karo sapa?”
Sindenrela : “Karo kanca mau, Mas.”
Jaka Sembung : “Oh. Sindenrela mesti pinter nyanyi? Gelem ora nembang selagu kanggo ngramekake acara iki. Selagu tok...”
Sindenrela : “Anu...ora, Mas. Aku ora bisa nyanyi. Mbog malah tamune pada bubar nek aku nyanyi.”
Jaka Sembung : “Moso sih? Aku ora ngandel. Ayo nyanyi, dijajal sik.”
Sindenrela : “Ampun lah, Mas. Anu ora bisa...”
Jaka Sembung : “Ayo lah, selagu tok, Nden. Ya? Ya?”
Sindenrela : “Emm... Yawis, selagu bae ya.”
Jaka Sembung : “Cihuy...iya selagu. Ayuh munggah panggung cilik kae.” ( Jaka ngacungi panggung kang ana ing ngarepan para tamu )
Sindenrela : “Iya, Mas.” ( Sinden mlaku enyang panggung )

Babak VI
( Sindenrela sing dipaksa nyanyi karo Jaka Sembung akhire gelem. Pas Sindenrela lagi nyanyi, ibu tiri karo Rahayu metu saka lawang mburi. Wong loro kiye mau ndeleng Sindenrela lagi nyanyi. Sindenrela juga ndeleng ibune karo Rahayu. Sindenrela kang ndhuwur panggung langsung pucet. Sawise Sindenrela nyanyi, Sindenrela mudhun saka panggung, langsung dicegat ibu tirine karo mbakyune )
Ibu tiri : “Apa-apaan kowe nang kene! Ora krungu dhawuhe Ibu apa, hah! Wis wani siki?!” ( narik narik tangane Sindenrela )
Rahayu : “Bisa-bisane ana nang kene kowe!”
Sindenrela : “Wau, kula, anu...”
Ibu tiri : “Halah, aja kakehan alasan! Siki bali kowe! Sedurunge pada nyadar kowe nang kene. Cepet bali!” ( nyeret Sindenrela )
Sindenrela : “Tapi, Bu...”
Rahayu : “Cepet rana! Ora usah kakehan tapi!” (ndorong Sindenrela)

Babak VII
( Sindenrela cepet-cepet arep metu saka umaeh Jaka Sembung. Tapi sedurunge tekan lawang, Sindenrela tubrukan karo Jaka Sembung )
Jaka Sembung : “Loh, Sinden? Arep ngendi? Deneng kesusu temen?”
Sindenrela : “Anu...aku...aku pamit, Mas. Aku arep bali, anu, aku ditunggu nang umah. Ngapurane ya, Mas.”
Jaka Sembung : (nyekel tangane Sindenrela) “Aja! Aja bali disit...”
Sindenrela : “Ora bisa, Mas. Aku kudu bali saiki.” ( nguculake tangane saka Jaka, banjur mlayu)
Jaka Sembung : “Sindeeeen!”
Sindenrela : “Aja nyegat aku, Mas. Aku ora bisa suwe-suwe nang kene...”
Jaka Sembung : “Udu, anu, kuwe sandal jepitmu ketinggalan.” ( nggojeki sandale Sinden )
Sindenrela : “Assalamu’alaikum...”
Jaka Sembung : “Walaikumsalam...
( Sindenrela bali maring umah karo Tukimin sing gumun nangapa Sindenrela mung sedela tok nang umaeh Jaka Sembung. Apa maning Sindenrela metu ora sandalan )

Babak VIII
( Esuk-esuke, umaeh Sindenrela ditekani tamu sing ora diduga karo Sindenrela ibu tirine, lan Rahayu, amarga sing teka kuwe Jaka Sembung )
Jaka Sembung : “Assalamu’alaikum...” ( ngetok tok lawang )
Sindenrela : “Walaikumsalam...” ( buka lawang ) “Loh? Mas Jaka??”
Jaka Sembung : “Iya, Nden. Aku arep ana perlu.”
Ibu tiri : “Eeeeh, ana Mas Jaka Sembung. Monggo, monggo mlebet! Mesti arep nggoleti Rahayu ya, Mas Jaka? Rahayuuu!!!”
Rahayu : “Wonten menopo to, Bu?” ( metu saka kamar )
Ibu tiri : “Iki loh, ana Mas Jaka nggoleki kowe.”
Rahayu : “Moso? Apa iya, Mas?”
Jaka Sembung : “Ngapunten, Bu. Saestunipun kula dhateng mriki wonten perlu kaliyan Sindenrela. Sanes kaliyan Rahayu.”
Ibu tiri : “Oh, ngono? Ana perlu apa to? Kok sing digoleti Sindenrela?!”
Jaka Sembung : “Kula dhateng mriki sepisan kaperlu badhe wangsulaken sendal jepite Sindenrela ingkang katinggalan wonten griya kula. Kaping pindo, kula badhe ndadosaken Sindenrela dados garwa kula.”
Ibu tiri, Rahayu : “Haaaaaah???????” ( kaget, mlongo )
Jaka Sembung : “Nggih, leres, Bu, Sinden, Rahayu. “
Sindenrela : “Mas Jaka lagi guyon apa pripun sih?”
Jaka Sembung : “Ora, Nden. Aku temenan arep nglamar kowe. Kowe nrima apa ora, Nden?”
Sindenrela : ‘Eh, mm, anu...” ( ndelokake ibu lan mbakyu tirine )
Jaka Sembung : “Nden?”
Sindenrela : “Eh, i..iya, Mas...”
Jaka Sembung : “Alhamdulillah....”

( Akhire Sindenrela digarwa karo Jaka Sembung. Sanajan ibu tirine lan Rahayu ora seneng, nanging bapake Sindenrela wis menehi restu. Sindenrela karo Jaka Sembung urip ayem lan tentrem adoh saka ibu lan mbakyu tirine )



ATIKU KESANGKUT DOMPETMU

Wonten salah satunggalingdesa inggih menika Desa Makmur, wonten keluarga ingkang gesangipun rukun lansae inggih menika keluarga Bapak Wahono. Bapak Wahono kagungan putra naminipunPrima. Prima bocah ingkang sopan lan alus anggenipun ngendika, ananging amargisrawung kaliyan bocah ingkang mboten jelas, unggah-ungguhipun Prima sampunbenten.

Bapak : “Le,,,Prima! Mbeneo dipek!”

Prima : “Ono opo Pak?”
Bapak : “Terno undangan iki neng gone Pak Prapto yo Le.”
Prima : “Gah aku Pak, aku arep mancing.”
Ibu : “Weleh….mbok yo nek karo wong tuo ki gek sopan.”
Bapak : “Yo uwes Bu, nek ora gelem yo ora popo.”
Ibu : “Ora iso ngono kuwi Pak, cah enom sakiki wes akeh gek do ora reti unggah-ungguh, ojo nganti Prima melu-melu.”
Bapak : “Yo wes…Yo wes,,,rasah do rebut.”

Mboten langkung suwe, kancanipun Prima ngampiri.

Kunto : “Prima….!”
Prima : (mlayu mekdal saking griya) “Weh sipek yo brow aku njupuk kunci motor dipek.”
Rita : “Yo,,cepet yo brow!”
Kunto : “Yo, beres.

Prima lajeng mlebet kamaripun mbakyune badhe nyambutkunci motor, amargi motoripun badhe dingge mancing.

Prima : “Mbak, aku jileh kunci motore!”
Zulfah : “Arep nang ngendi?”
Prima : “Mancing.”
Zulfah : “Wegah,mengko sore arep tak nggo ngeprint tugas.”
Priima : “Alah mbak…rak pelit-pelit.”
Zulfah : “Sopo gek pelit? Luwih penting ngeprint mbangane mancing.”
Prima : “Dilit wes.!”
Zulfah : “Yo, tapi jam 4 mengko kudu wes bali!”
Prima : “Yoh”

Prima banjur metu saking kamaripun mbakyune, lajeng pamitkaliyan ibuipun.

Prima : “Bu, mancing” (sinambi lunga)
Ibu : “Ealah….mbokyo nek pamit ki sek bener.”
Lia : “Mas…mas…aku melu.”
Prima : “Rasah, adek neng omah wae.”
Lia : “Aaaa….aku melu.”
Prima : “Rasah, neng kono ki eneng raksaksane, mengko ndak dicaplok.”
Lia : “Ibu,,,,”(sinambi ndelik wonten wingkingipun ibu) “Tapi aku mengko digawakke iwakke gek gedheeeeeeeeeee banget. Yo mas yo?”
Prima : “Yo!”

Prima lajeng mancing kaliyan kanca-kancanipun. Sakingpenakke mancing prima ngantos kesupen wekdal.

Prima : “Waduh lali aku.” (sinambi napuk bathukke dewe.
Rita : “Ngopo brow?”
Prima : “Sakiki jam piro?”
Rita : (Ningali jam tangan) “Jam setengah lima.”
Prima : “Waduh, aku sipek yo. Motore arep dinggo mbakyuku je.”
Kunto : “Lah rak sido mbakar iwak po ye Brow?”

Dereng ngantos dijawab,Prima lajeng lunga. Nalikanipun madosi kunci wonten sak, dompetipun kecer.Ananging Prima mboten mangertos amargi kesesa.
Saksampunipun Prima lunga, onten Nilam ingkang lewatdalan menika saking tumbas bumbu masak.

Nilam : (Mendhet dompetipun Prima) “Dompete sopo yo iki? Ah yo wes go mulih wae.”

Saksampunipun wonten griya, Nilam lajeng nyaoske bumbumasakipun dhumateng ibu Nisah.

Nilam : “Bu, niki bumbunipun. Artane turah gangsal ewu.”
Ibu : “Ow yo. Duite peken wae Nok, nek tok nggo tuku LKS.”
Nilam : “Mbotensah bu, kula sampun nabung kok kangge tumbas LKS.”
Ibu : “Ow yo wes nek ngono.”

Nilam lajeng mlebet kamar.Lan bukak dompet ingkang ditemu wau. Dompet wau onten fotone ananging mbotenwonten identitas sinten ingkang nggadhahi dompet menika.

Nilam : (sinambi ningali foto wonten dompet) “Sopo yo iki? Ganteng tenan.” (mesam-mesem)

Wonten dalemipun Prima, Prima bingung madosi dompetipun.Prima tanglet kaleh keluarganipun.

Ibu : “Sampeyan ki ngopo to Le? Ket mau kok mubeng-mubeng, opo gek ilang?”
Prima : “E…mboh Bu! Dompetku ilang.”
Ibu : “Loh lha adate le deleh neng ngendi?
Prima : “Yo neng sak, tapi mau tak tilekki wes orak eneng.”
Ibu : “Coba takono mbakyumu.”
Prima : “Mbak, ngerti dompetku ora?”
Zulfah : “Dompet opo to? Wong yo duwe dompet dewe-dewe kok yo rebut.”
Ibu : “Oalah….mulakno nek deleh dompet ki ora sak nggon-nggon. Neng omah iki rak eneng gek jupuk dompetmu.”
Mifta : (Liwat sakngarepe Prima)
Prima : “Dek..dek…”
Mifta : “Ono opo Mas?”
Prima : “Neng ngendi dompetku?”
Mifta : “Dompet opo to Mas? Au ulak leti.”
Prima : (Bentak Mifta) “Rasah ngapusi! Tok nggo dolanan neng ngendi dompetku, heh?”
Ibu : “Karo adhine ki ora kasar-kasar ngono kuwi. Karo sing luwih tuo ora boso, karo adhine mbentak-mbentak. Gek lelakon opo iki….” (ngelus dada)
Prima : “Aargh…mboh.” (Mbanting kursi lajeng lunga)
Zulfah : “Sabar nggeh Bu….”
Bapak : (Lenggahan wonten kursi) “Ono opo iki?”
Mifta : “Pak Bapak….mau mas Prima natali atu kalo ibu kalo mbak Zulfah.”
Zulfah : “Dompetipun Prima ilang Pak, lajeng muring-muring.”
Bapak : “Yo wes rak popo. Jenenge we lagi kelangan dompet. Wajar nek muring.”
Zulfah : “Pak, menawi Prima dipunleske matematika wonten nggene Bu Nisah pripun?
Bapak : “Loh loh loh…kok dadi matematika kepriye to?”
Zulfah : “Prima nate ngendika menawi mboten saged pelajaran matematika. Bu Nisah niku tiyang ingkang ndemenakake Pak, mengke Prima ugi lajeng dipun ajari unggah-ungguh. Pripun Pak?”
Ibu : “Aku setuju kuwi.”
Bapak : “Yo wes nek ngono. Zul, mengko ajaken Prima neng gone Bu Nisah!”
Zulfah : “Nggeh Pak.”

Prima dipun ajak Zulfah wonten gone Bu Nisah. AnangingPrima dereng mangertos badhe dipun ajak mbakyunipun wonten pundi.

Prima : “Arep nang ndi iki Mbak?”
Zulfah : “Ora nang ndi-nang ndi. Wes to sampeyan manud wae.”

Saksampunipun daleme BuNisah.

Zulfah : Tok…tok…tok…(Zufah ndodok lawang) “Assalamualaikum.”
Ibu : (Bikak lawang) “Waalaikumussalam. Ow…eneng tamu to. Mlebet rumiyin.”
Zulfah saha Prima banjur mlebu wonten dalemipun Bu Nisah.
Zulfah : “Kula Zulfah Bu, niki Prima rayi kula.”
Ibu : “Ow…yo. Niki putranipun Bu Nur to?”
Zulfah : “Inggih Bu.”
Ibu : “Nilam….!” (Ibu Nisah dangu putrinipun)
Nilam lajeng mekdal. Ananging Nilam kaget lan campur seneng amargi ketemu Prima inggih menika tiyang ingkang wonten Foto.
Ibu : “Niki putrinipun ibu, naminipun Nilam.”
Nilam banjur salaman dhumateng Zulfah lan Prima.
Ibu : “Nok, tulung jupukno wedhang yo….nggo tamune wakedewe.”
Nilam : “Geh Bu…”

Nilam banjur mlebet nyepakkaken wedhang saha camilan kangge Zulfah lan Prima.

Zulfah : “Sowan kula mriki badhe ndaftaraken Prima les matematika.”
Prima : Kaget, ananging badhe nolak mboten wani amargi sek mertamu.
Ibu : “Ow,,ngono to…yo.”
Nilam lajeng mekdal nyuguhke wedang lan camilan lajeng mlebet malih.
Zulfah : “Dadosipun pripun Bu?”
Ibu : “Yo,sesuk Senin jam 2 lekase.”
Zulfah : “Ow nggeh. Gegandengan sampun cekap, kula lan Prima badhe pamit rumiyin.”
Ibu : “Weh, lah kok kesesa, diombe dikek.”

Zulfah lan Prima ngunjuk lajeng pamitan kalih ibu Nisah.
Nalikanipun Prima nembe dolan kalih kanca-kancanipun,Prima nyritakaken kedadean menika.

Prima : “Cah, mosok aku didaftarke les matematika to.”
Rita : “Opo?”
“Hahahaha…” (Rita lan Kunto podho nggeguyu Prima)
Kunto : “Ket kapan kowe les matematika ki? Hahaha….”
Rita : “Wakedewe ki anak punk men! Suwe-suwe kriting rambutmu nek les matematika. Mosok anak punk rambute kriting. Hahaha….”
Prima : “Asem!!! Malah do nggeguyu aku.”
Kunto : “Salahmu dewe gelem dileske.”
Prima : “Tak kiro mbakyuku arep ngewangi aku goleki dompet. Eh….jebule kuthuk marani sunduk.”
Rita : “Yo wes brow….aku lan Kunto bakal ngewangi goleki dompetmu kok.”
Prima : “Tenan loh cah… wah sampeyan kabeh pancen sohibku paling josss!”

Dinten Minggu sampun kalampahan, sakniki dinten Senin.Dinten ingkang dipuntunggu Nilam kangge mbalekaken dompetipun Prima. Prima lesmatematika wonten dalemipun Bu Nisah.

Ibu : “Kuwi mau materine, sakiki coba soal iki garapen!”
Prima lajeng garap soal ingkang dipunparingi kaliyan Bu Nisah.
Prima : “Niki Bu, sampun.” (sinambi maringke garapanipun Prima)
Ibu : (Mriksa garapanipun Prima) “Iki wes bener, kurang nulis rumuse neng duwure. Yo wes, gandeng wes sore sakiki dipungkasi wae.”
Ibu lan Prima maos Basmalah. Prima lajeng pamit kalih Bu Nisah.
Prima : “Assalamualaikum.”
Ibu : “Waalaikumussalam.”

Nalikanipun Prima metu omah Nilam sampun ngenteni wontenjobo.

Nilam : “Prima,,.”
Prima : “Eh, Nilam, ono opo?”
Nilam : “Aku arep takon.”
Prima : “Yo.”
Nilam : (Nduduhaken dompet) “Iki dompetmu duduk Prima?”
Prima : (Gumun) “Iyo bener. Kok iso eneng neng gonmu?”
Nilam : “Aku nemukake neng dalan cedak kali.”
Prima : “Ow iyo..aku lagi kelingan nek aku dek emben mancing.”
Nilam : (Maringke dompetipun marang Prima) “Maaf geh, wingi aku urung sempet menehke dompet kuwi.”
Prima : “Orak popo kok. Nuwun nggeh.”
Nilam : “Nggeh.”

Nilam lan Prima lajeng mantuk. Saksampunipun mangertosmenawi Nilam ndemenakaken, Prima dados bocah ingkang demenakaken ugi.Kanca-kancanipun ingkang badhe ngewangi goleki dompetipun Prima malah mbotenketemu lan Prima mboten srawung kalih kanca-kancanipun ingkang mboten saerumiyin.

Aja Kewanen
Jam wis nunjuk angka 13.30, dibarengi karo munine bel sekolah, wayaeh bocah-bocah padha bali. Umi, Lala, Dian lan Nana banjur metu saka kelas.
Lala : “Um, tak jek gelem apa ora?”
Umi : “Arep marang ndi ta la? Kapan?”
Lala : “Dolan Um, sesuk dina minggu padha nongkrong nang Purwokerto.”
Dian+Nana : “Iya ayo Um, sepisan-pisan dolan aja nang umah wae.”
Umi : “Iya wis insya Alloh, nanging ijin sek marang wong tuaku ya cah?”
Lala : “Halah, nek ijin ya ora bakal entuk.”
Umi : “Lhaa, terus piye? Nek ora ijin mengko digoleki njur dinesuni cah, apa kowe padha ora wedi? Aku sih ora wani.”
Dian : “Ngene-ngene cah, aku nduwe ide. Piye nek dhewe ijin yen arep nggarap tugas kelompokan?”
Nana : “Wahh, idemu cemerlang ian.”
Lala : “Bisa-bisa, bisa jadi iku, nek ijin kya ngono kan wong tua ora bakal curiga.”
Umi : “Duh, piye yoh cah.”
Dian : “Piye maning ta Um? Wis, kowe gari manut dhewek wae.”
Umi : “Aku ora wani cah nek ngelombo kya ngono, wedi kuwalat.”
Lala : “Hahaha, Umi..Umi..dadi bocah kok cemen ngono, kan ora saben dina ngelomboni. Ayo lha mumpung durung ujian.”
Umi : “Tak pikir-pikir sek. Ya wis aku mulih sek cah.”
Lala+Dian+Nana : “Iyaa.”
Umi, Lala, Dian lan Nana banjur bali nyang omah, Umi numpak bis, Lala, Dian karo Nana nggawa motor dewek-dewek. Dina setu nang sekolah, Lala nakokake maneh marang Umi.
Lala : “Piye Um? Sesuk gelem apa ora?”
Umi : “Cah, tugase dhewe akeh loh, apa ora dienggo wae kanggo nggarap kuwi?”
Dian : “Sepisan tok Umi, tugase digarap sesuk-sesuk wae.”
Umi : “Ya wis aku gelem cah, tapi balike aja sore-sore yaa terus kowe kudu ijin marang wong tuaku.”
Dian+Lala : “Siap boss, hehe.”
Bel sekolah muni, nandakake pelajaran diwiwiti. Dina minggune, Lala, Nana lan Dian marang omahe umi.
Lala : “Assalamu’alaikum.”
Ibu Umi : “Wa’alaikumsalam. Eh lala, dian, nana.”
Dian : “Inggih bu, Umi wonten menapa boten bu?”
Ibu Umi : “Iya ana cah kae isih siap-siap, ngene mlebu dhisik lungguha dhisik.”
Dian : “Inggih bu.”
“Ayo cah.”
Ibu Umi : (mburu marang kamare umi) “Ndo, iku kanca-kancamu wis padha teka. Mengko ati-ati, eling wektu nek wis rampung langsung bali.”
Umi : “Inggih bu.” (nang atine was-was banget amarge wis nglombo)
Ibu Umi : (nggawa wedang) “Iki cah, sembari nunggu umi diombe dhisik wedange.”
Lala : “Maturnuwun bu, dados ngrepoti.”
Ibu Umi : “Alahh mung gawe wedang tok kok cah, mumpung dolan ngene.”
Umi : (mburu marang ngarep) “hayy cah.”
Lala : “Piye wis rampung?”
Umi : “Hehe, uwis, ayo mangkat saiki wae, ngenteni mengko kecedak awan.”
Dian : “Iya ayo.”
“Bu, badhe ijin kelompokan teng griyane Gesti.”
Ibu Umi : “Iya cah, nanging ati-ati, aja banter-banter, saiki dalane wis rame ora kaya mbiyen, wong nggawa motor padha banter-banter cah ibu nyawange nganti mrinding. Terus nek wis rampung ya langsung bali aja dolan-dolan, sedela maneh arep ujian, wektune dienggo kanggo sinau wae ben bijine apik.”
Lala : “Inggih bu.”
Umi : “Bu, kula pamit rihin.”
Bareng-bareng : “Assalamu’alaikum.” (ngambung tangan ibune umi kabeh)
Ibu Umi : “Wa’alaikumsalam.”
Wis enggal tekan Purwokerto, Lala lagi asyik omong-omongan karo umi, ora weruh yen nang ngarep ana tukang becak lagi nyebrang. Ora sue krungu swara “GUBRAKKK” motore lala nabrak tukang becak, lala lan umi tiba. Dian nang mburine langsung mburu nulungi kanca rakete iku, semono uga wong-wong sing weruh. Lala lan tukang becake slamet namung umi sing semaput. Lala, Umi lan tukang becak digawa marang omahe Pak RT sing cedhak saka kedadeyane.
Dian : “Astaghfirullah Lala, Umi.”
Nana : “Duhh, piye kie Ian.” (panik, gemeter, maras, wedi campur aduk)
Dian : “Piye-piye, ya telphoneibune saiki cepet.”
Nana : “Nek telphone ibune pa ya ora diomehi.”
Dian : “Iku urusan mengko, saiki cepet telephone ibune Umi dhisik sing genah ana nang omah.”
Nana : “Iya iya.”
“Tut..tut..tut.” (telephone ibune Umi)
Ibu Umi : “Hallo assalamu’alaikum.”
Nana : “Wa’alaikumsalam. Kula Nana bu.” (ngomonge sambi gemeter)
Ibu Umi : “Iya na, ana apa kok swarane kaya wedi mengkana.”
Nana : “Umi bu.”
Ibu Umi : “Iya Umi kenangapa.”
Nana : “Umi kacilakan bu.” (sambi nangis mingseg-mingseg)
Ibu Umi : “Kacilakan nang ndi?” (panik)
Nana : “Purwokerto bu, arah alun-alun. Saiki isih semaput”
Ibu Umi : “Loh kok bisa nang kono. Ya wis entenana ibu karo karo bapak nyusul. Assalamu’alaikum.”
Nana : “Inggih bu, wa’alaikumsalam.”
Dian : “Piye na?”
Nana : “Ibune Umi arep marang ngene, kowe mbatiri Umi wae, aku nungguni ibune umi nang kene. Nek ana apa-apa aku dikabari.”
Dian : “Iya.”
Umi lan tukang becak isih padha semaput. Ora sue Umi sadar.
Umi : (melek sembari ndeleng ngana-ngene) “Iki nang ndi?”
Lala : “Alhamdulillah kowe sadar um.”
Dian : “Alhamdulillah, iki nang omahe wong, kowe karo lala nabrak tukang becak, semaput dadi digawa nyang kene. Nana wis telephone ibumu.”
Umi : “Iya aku isih eling.”
Nang dalan Ibune umi weruh Nana.
Ibu Umi : “Pak, pak iku nana.” (mandeg terus mudun)
Nana : (ngambung tangane ibune umi) “Bu.”
Ibu Umi : “Umi karo Lala nang ndi?”
Nana : “Teng griyane Pak Rt bu.”
Ibu Umi : “Ibu diterke cepet.”
Tekan omahe pak rt.
Ibu Umi : “Assalamu’alaikum.”
Pak RT : “Wa’alaikumsalam, mangga bu larenipun wonten dalem.”
Ibu Umi : “Inggih pak, nyuwun ngapunten sampun ngrepoti.”
Pak RT : “Boten napa-napa bu.”
Ibu Umi : (weruh umi lagi turunan, omong-omongan karo dian) “Ndo, kowe ora apa-apa ndo?”
Umi : “Alhamdulillah boten napa-napa bu, namung lecet sekedhik.” (swara lirih)
Ibu Umi : “Syukur alhamdulillah. Piye critane bisa kaya ngene?”
Lala : “Kula saweg matur kalih umi, boten ketingal menawi ngajenge wonten tukang becak badhe nyebrang, lajeng nabrak. Kula uga nyuwun pangapura bu, menawi kula lan kanca-kanca sampun boten jujur. Kula lan kanca-kanca ngajak umi dolan, sederengipun umi boten purun nanging kita maksa kemawon.”
Ibu Umi : “Iya wis ora papa, maneh-maneh aja ngelomboni. Iki bisa dadi pelajaran kanggo awakmu kabeh.”
Bareng-bareng : “Inggih bu, ngenjang-ngenjang boten badhe ngelomboni malih.”
Ibu Umi : “Ibu karo bapak arep nemuni tukang becake dhisik.”
Dian : “Inggih bu.”
Ibu Umi : (nemoni bapak becak) “Pak, nyuwun pangapunten amarga lare kula kirang ngatos-atos bekta motor.”
Bapak becak : “Inggih bu boten menapa-menapa.”
Ibu Umi : “Matur nuwun pak, menika kangge ngobati ingkang lecet. Sepisan malih kula nyuwun pangapura.” (salaman kambi ngaweh amplop)
Bapak becak : “Inggih bu.”

Sabtu, 21 Januari 2017

Bahasa Jawa Upacara Adat


UPACARA ADAT SIRAMAN

Salah sijine adat tata cara pengantenan yaiku siraman calon penganten . Sakdurunge acara siraman calon penganten putri, sedina sakdurunge sing duwe gawe wis utusan paraga golek banyu sumber pitu , sumber pitu utawa tuk pitu mau bisa wujud sendhang utawa sumur ,dadi dudu banyu kali sing ora suci amarga wis reget
Sakwise calon penganten putri dibusanani busana siraman , rambut diore , dikanthi mijil saka kamar busana, sungkem caos bekti luwih dhisik marang sepuh piniji ( putri ) kang lungguhe wis ditata sakdurunge , jejer-jejer .Urutan sing keri dhewe lenggahe ibulan ramane calom penganten putri . Sakwise sungkem pangabekti , calon penganten putri tumuli dikanthi dening dening rama lan ibune manjing papan siraman . Calon penganten putrid dilenggahake ing papan siraman kang wis cinawisake.Rama lan ibune banjur nampa banyu sumber pitu saka paraga kang piniji ,sabanjure banyu sumber pitu kacampurake ing jembangan kang arep dienggo siraman .Sakwise banyu dicampur, dhukun penganten ngandani para sepuh putrid kang piniji mbaka siji nyirani calon penganten pungkasane rama lan ibune .Rampung siraman nuli nindakake acara pecah pamor.Carane ,kendhi pratala sing isi banyu dicurake dening ramane kanggo wudlu tumrap calon penganten putri sing muslim ,dene saliyane cukup kanggo raup nganti banyune entek.Yen kendi wis kothong,banjur dicekel bareng dening rama lan ibune ,kendhi ditibakake utawa dibanting karo ngucap :”Aku ora mecah kendhi,nanging mecah pamore anakku”.Sakwise kendi pecah ,calon penganten putri banjur dianduki lan dibopong  mlebu kamar proboyoso dening rama lan ibune,pepindhane kaya digendong kanthi kebak rasa tresna asih .


“AQIQAH”
Aqiqah yaiku kegiatan mbelah kewan ternak yaiku wedus.kanngo sukure dewe marang allah swtsing wis ngaruniani anak lanang/wadon.hukume yaiku sunah kanggo wong tua utawa wali saka anak kuwi.pelaksanaaneisoh neng dino ke pitu pat belas utawa selikur utawa dina-dina sing liyane sing mestekke.    Aqiqah duwe tujuan kanggo ningkatke jiwa sosial lan tulung tinulung karo tetangga,kanggo rasa sukur marang allah swt sing wis ngekei nikmat lan rejekising wis di kekne kanggo dewe’e .    Pelaksanaan aqiqah kui apikke dilakoni dewe karo wong tua bayi.praktekke kui ora podo karo tuntunan sunah sing masyarakat anane panyembelihan kewan kanggo pelaksanaan aqiqah.    Nyukur rambut kuwi sunah mu’akkadnyukur rambut kuwi podo karo awake dewe nguwak rambut sing elek.kui kanggo mbuka bolongan pori-pori sing ana ning sirah supaya gelombang panas isoh metu. Kui manfaate kanggo nguatke indra pengliatan,penciuman,lan pendengaran bayi.    Pewenehan jeneng,iku uduk gor kanggo identitas pribadi,nanging kanggo nyerminke karakter bayi.   Mungkin iki mung sekilas saka aqiqah lan tata cara adat,semaga bias dadi wawasan sing arep nglaksanakake.

“Ijab Kabul”
 Ijab Kabul yaiku ucapan saking wong tua utawa wali mempelai wadon.kangge nikahake anake ingkang wadon kalian calon mempelai lanang .ijab Kabul sabenere ing upacara akhad nikah nanging ana ing adol lan tinuku.yaiku wong dodol lan wong kang tuku lagi ngadakake transaksi lan kesepakatan.Ijab Kabul yaiku ucapan sepakat saking kalih pihak wong tuo sing wadon kang ngiculake anake wadon kangge digantekake kalian anak lanang. Lan calon lanang nrima calon wadon kanngo di nikahake.        Ingkang milih basa  kngge ijab Kabul yaiku calon sing lanang.
“MIDODARENI”
Midodareni saking kata dasar WIDODARI (JAWA) kanga rtine bidadari yaiku putri saking surge ingkang ayu banget lan ambune wangi.    Midodareni dilaksanakake awetan jam 18.00 nganti jam 24.00 niki malam midodareni calon panganten mboten etuk turu.   Ingkang ameh miwiti midodaren ana petuah lan nasihat lan doa doa utawa panjaluk kang disimbulkake yaiku: 1)sepasang kembar mayang 2)sepasang klemuk kang di isi bumbu pawon  isi buah,empon empon,lan 2 godong bangun tolak kangge nutupi klemuk mau. 3)seppasang kendi kang di isi banyu suci kang apik maneh di tutupi kangge godong dada ksrep,mayong jambe,godong sirih kang dilengkapi ngangge kapur. 4)baki kang di isi cacahan godong pandan parutan kencur,laos,jeruk purut minyak wangi. Baki iku di selehkakae ngisor amben.    Sawise midodaren wis rampung jam24.00calon penganten lan kaluargo bias mangan  panganan kang wis di sediakake yaiku: -sego gurih -sepasang pitik kang di masak ingkang dimasak ingkung. -sambel pecel,sambel pencok,lalapan. -roti tawar, gula jawa. -kopi pahit lan the pahit. -rujak degan 

“TUMPLAK PUNJEN”
 Tumplak punjen yaiku latalaksana kang nandai”mantu keri dewe”.    Tumplak yaiku tumpah.Punjen yaiku di punggul. Tumplak punjen yaiku sak kabahe anak kang di puji dadi tanggung jawab wong tua sawise di mantokake. secara umum yaiku  cara numpakake punjen utawa(pundi-pundi)kang di isi piranti tumplak punjen.    Maksud lan maknane yaiku: a)tasyakur kalian Allah SWT. b)ngandakake kalian sanak kaluarga. c)nfandakake kalian anak. d)tanda tresna saking wong tuo marang anak. e)tanda bakti anak kalian wong tuo.

“UPACARA KEMATIAN”
Ana upacara nyadran,sing di lakoake sadurunge pasa ,yaiku sasi ruwah, kata ruwah podo karo arwah.     Tradisi jawa uga nrima tradisi agama saka upacara kematian. 1)di sirami Jenazah disirami kanggo banyu sing di kei kembang telon. 2)nganggoke tutup awak Sawise disirami di kei tutup awak,yen wong islam di kafani,yen wong Kristen/katolik nganggo klambi biasa.\ 3) do’a Sawise kui jenazah di dongani,yen wong islam di shalati,yen wong krusten/katholik di lakokke misa jenazah lan pemberkatan minyak suci. 4)brobosan Upacara peti jenazah di pikul, mbrobos se arahjarumjam ,di lakokke 3x. 5)badah bumi badah bumi kui panggalian makam. Sadurungenggali makam salah siji kaluargone mimpin do’a supya pas penggalian makam ora enek halangan. 6)sur bumi  sur bumi kui pas jenazah iwis dadi di makamke&di uruk lemah. 7)pecah gendeng pecah gendeng kui di lakoake yan wafate dina setu,gendenge di pecah neng arep peti,sakdurunge mangkat neng mkam. 8)nguculke pitik Yen sing mati duwe anak cilik, pitik siji di iculke. 9)gagar mayang Yen sing wafat isih jejaka/gadis,di gawe 2 gagar mayang. 10)selametan Selametan yaiku ngirim do’a karo sing wis wafat,jaluk supaya dosane di ampuni. 11)peritungan pas selametan Mendak -1,di lakoake pas= (dina wafat +354dina) utawa (dina wafat +1 tahun kalender -12 dina) mendak -2,di lakoake pas= (dina wfat + 708 dina) utawa ( dina wafat + 2 tahun kalender -24dina) utawa ( mendak 1+ 354 dina)

“TEDAK SITI”
Tedak siti, iku salah sijineng tradisi masyarakat jwa sing arep di herus jaman. Dadi tedak siti yaiku miduk ning lemah utawa midun neng lemah. Penere, tradusu iki kanggo bayi sing umure 7 lapan utawa 7x35 dina (245 dina). Per lengkapane yaiku: -jadah 7 werna -terus tumpeng yaiku sega kang di bentuk kaya kerucut kang di sajekke  karo urap sayur lan ingkung pitik. -kurungan pitiksing di hiasi janur werna warni. -tangga sing di gawe saka tebu arjuna. Prosesipun ‘tedak siti’ di dhidisekke karo mbimbing anak ngidak jadah 7 werna. Sing wis di susun manut warana peteng neng terang. Terus di arahke kanggo munggah tangga sing di gawe saka tebu arjuna. Terus si bayi di lebokake neng jero kurungan pitik. Terus sebar beras kuning sing uwis di campur karo duit logam. Kanggo rebutan,sing keri dewe yaiku diadhusi  karo kembang setaman terus kanggo klambi sing anyar.

“KHITANAN”
Khitanan utawa Sunat ing basa arab khitan uga bisa kasebut uga sirkumsisi (Inggris: circumcision) yaiku tumindak motong utawa ngilangake salah sijiné bagean utawa saluruh kulit panutup saka palanangan. Frenulum saka palanagan bisa uga dipotong sacara bebarengan ing sakjroning prosedur kang asring karan jeneng . Kata sirkumsisi kanthi asal usul saka basa Latin circum (kang ngandut arti "muter") lan caedere (artiné "motong/ngètok") Sajarah Khitan uga diwiwiti ing jaman prasejarah, wujud mengkana iku bisa dibuktekake dèning salah sijiné gua kang ana ing mesir awiwit jaman watu lan pasarena Mesir purba.[1] Alesan tumindak iki sish digambyarake ing mangsa iku kanthi irah-irah kang ana lan teori-teori kang kang njelasake tumindak khitanan utawa sunat bagean saka ritual pangorbanan utawa ngelakoni sunnah rosul (mangsa baliq). Bocah kang arep dikhitan Ing pandhudhuk asring kasebut dèening mangsa tumuju kadewasa utawa ing donya kasehatan bisa uga kasebut mangsa pangubahan estetika utawa seksualitas


“Bersih desa”
 Bersih desa iku salahsijining upacara adat Jawa sing diselenggara'ake bubar panen pari dadi maksude kanggo ngucapake syukur tandhuran pari brasil dipanen lan kasile apik. Upacara adat iki kadhang uga diarani upacara mreti desa lan biasa digabung karo upacara adat sedekah bumi utawa mreti bumi. Masing-masing dhaerah nduwe tata cara lan prosesi upacara sing seje-seje miturut kabiasaan masing-masing ning tujuane padha wae. Sajarah Ing jaman mbiyen upacara adat iki dikaitake karo Dewi Sri sing dianggep sebagai dewi pari merga kebrasilan panen iku kasil kemurahan saka Dewi Sri sing wajib disyukuri.  Tujuan Kanggo ngucapake syukur marang Tuhan sing wis aweh anugrah kasil panen pari sing melimpah Kanggo njaga keslametan para warga desa saka gangguan hal-hal sing gaib, roh utawa arwah sing gentayangan uga saka gangguan-gangguan penyakit, keamanan lan bencana. Kanggo ngresi'ake desa lan wargane saka alangan utawa kesusahan supaya kaadaan desa dadi tentrem lan aman. Prosesi Prosesi upacara umume diwiwiti bubar panenan pertama utawa methik, lokasi upacarane pertama neng pesawahan sing wis dilengkapi karo ubo rampe antarane: janur kuning, kembang setaman, kemenyan, kaca, suri, banyu kendhi, jajan pasar, bungkusan sega lan gedhang. Bubar acara ndonga, pari sing wis dipetik digotong neng lumbung pari. Neng lumbung pari uga wis disiapake perangkat upacara lanjutane sing umume digawe saka godhong antarane godhong kluwih, dhadhap serep, godhong mojo, godhong tebu, godhong jati uga godhong luh. Masing-masing godhong iku nduwe fungsi lan makna.


“Tumpeng”
iku cara nyuguhaké sega lan lawuh jroning wangun bucu; amarga saka kuwi banjur diarani sega tumpeng. Olahan sega sing dianggo umumé arupa sega kuning, senadyan kerep uga digunakaké sega putih biasa utawa sega uduk. Cara nyuguhaké sega iki mligi Jawa utawa masyarakat Betawi katurunan Jawa lan biasané disuguhaké wektu kenduri utawa prayaan mèngeti kedadéyan wigati. Senadyan mangkono, masyarakat Indonesia wis ngenal kagiatan iki sacara umum. Tumpeng uga diarani tumpukan sega kang padhet.Tumpeng bentuké kerucut. Bentuk kerucut nduwéni filosofi pangarep-arep supaya urip saya munggah lan dhuwur ing bab drajat, pangkat, lan martabat. Tumpeng tau diklaim dadi duwèkké Malaysia. Déné pangan liyané kang uga diklai yaiku kupat, cendol, lan rendang.Tumpeng kanggo ubarampé upacara ingkang sifatipun seneng utawa suka uga sedhih. Ing acara ritual, tumpeng biyasané dihias karo sayuran lan iwak kang nduwéni teges kang sakral lan nduweni pralambang lan pangarep-arep. Tumpeng bentuké kerucut lan ditata ing wadah utawa tampah kang diléméki godhong gedhang. Tumpeng manggoné ing tengah lan diubengi lauk lan sayur. Jaman biyèn tumpeng wernané putih, nanging supaya katon éndah tumpeng banjur diwernani. Saiki tumpeng kuning kang dienggo ing upacara-upacara khusus. Saliyané tumpeng kuning kang kanggo upacara tradisiomal masyarakat Jawa, uga ana [[tumpeng putih].Jaman saiki banjur ana tumpeng-tumpeng kanthi werna liyané, kayata tumpeng ijo (daun suji campur daun pandan), tumpeng ireng (biji keluwek utawa abu merang padi), tumpeng abang (sari angkak utawa sari bayam abang), lan tumpeng orén (sari wortel) Tumpeng yaiku sega kang bentuké kerucut kanthi werna-werna lauk pauk.Tumpeng dihidangké ing tampah kang arupa nampan gedhé, bunder, saka anyaman pring.Tumpeng biyasané dienggo ing upacara tradisional.Tumpeng ing ritual Jawa ana macem-macem jinisé, ana tumpeng sangga langit,Arga Dumilah, Tumpeng Megono lan Tumpeng Robyong.Tumpeng kebak ing simbol kang nggambaraké makna kauripan.Tumpeng robyong asring dienggo dadi sarana upacara Slametan (Tasyakuran).Tumpeng Robyong dadi simbol keslametan, kasuburan lan kasejahteraan.Tumpeng kang bentukke kaya Gunung nggambarake kamakmuran kang langgeng.Banyu kang mili saka gunung bakal nguripi tanduran-tanduran.Tanduran kang bentuké ribyong diarani semi utawa semen kang tegese uri lan thukul ngrembakan. Tumpeng Sejarah Bentuk tumpeng kaya bentuk gunung. Indonésia kalebu nagara kepulauan kang nduwéni akeh gunung merapi

“Mendhem ari-ari”
Mendhem ari-ari iku salah sijining upacara kelairan sing umum diselenggara'ake malah uga ana neng dhaerah-dhaerah (suku-suku) liya. Ari-ari iku bagian penghubung antara ibu lan bayi wektu bayi esih neng jero rahim. Istilah liya kanggo ari-ari yaiku: aruman utawa embing-embing (mbingmbing. Ing Jawa ana kapercayaan seulur papat, kakang kawah adhi ari-ari, ibu bumi, bapa angkasa. Wong Jawa percaya yen ari-ari iku sejatine salah siji sedulur papat utawa sedulur kembar si bayi mulane ari-ari kudhu dirawat lan dijaga misale enggon kanggo mendhem ari-ari iku diwei lampu (umume senthir) kanggo penerangan, iki dadi simbol "pepadhang" kanggo bayi. Senthir iki dinyala'ake nganti 35 dina (selapan). Tata cara Ari-ari dikumbah nganti resik dilebo'ake neng kendhi utawa bathok kelapa. Sedurung ari-ari dilebo'ake, alas kendhi diwei godhong senthe banjur kendhine ditutup nganggo lemper sing esih anyar lan dibungkus kain mori. Kendhi banjur digendhong, dipayungi, digawa neng lokasi penguburan. Lokasi penguburan kendhi kudhu neng sisi tengen pintu utama umah. Sing mendhem kendhi kudhu bapak kandung bayi.

“Sesajèn”
Sesajèn iku salah sijining tradisi spiritual sing wujude nyediaake parsembahan utawa barang sesajen kanggo Tuhan utawa kanggo kakuatan supranatural liya sing dipercaya, sing tujuane kanggo ngungkapake rasa syukur utawa kanggo ngindarake murka.Makna tradisi sesajen iku mirip tradisi kurban, dadi nduwe tujuan utama sing sifate vertikal (Tuhan) lan uga uga horisontal (barang sesajen sing dibagiake). Sajarah Tradisi sesajen wis ana kawit pertama menungsa ana neng bumi. Tradisi iki lair meh bebarengan karo laire kabutuhan menungsa marang perlindungan saka sing dipercaya dadi panguasa alam (Tuhan, Dewa lan kakuatan supranatural liyane).

“Nyadran”
 Nyadran iku salah siji prosèsi adat budaya Jawa awujud kagiatan setaun sepisan ing sasi Ruwah wiwit saka resik-resik makam leluhur, masak panganan tinamtu kaya déné apem, ater-ater lan slametan utawa kendhuri. Jeneng nyadran iki asal saka tembung sraddha, nyraddha, nyraddhan, terus dadi nyadran. PJ Zoetmulder ana ing buku Kalangwan uga nyritakaké bab upacara sraddha kanggo mèngeti sédané Tribhuwana Tungga Déwi ana ing tahun 1350. Upacara sraddha minangka pèngetan raja-raja síng wís puput yuswa uga sinebut ing kidung Banawa Sekar, nganggo uba rampé wujud baita (prau) síng digawé saka kembang (puspa, sekar). Tradisi nyadran pranyata wís lumaku wiwít jaman Majapahít nganti saiki. Pakurmatan kanggo leluhur isíh lestari lan dipepetri déníng masyarakat, khususé ing tlatah padésan. Nyekar ing sasi Ruwah nduwèni surasa utawa wulangan marang anak putu supaya padha tresna lan élíng marang leluhur

“Munggah wuwungan”
Munggah wuwungan iku salah sijining upacara adat sing diselenggara'ake bubar wuwungan dibangun/diadhek'ake neng proses mbangun umah. Istilah munggah wuwungan iki kadhang diarani munggah gendeng. Upacara iki diselenggara'ake wektu rangka wuwungan wis dadi ning gendeng urung dipasang.Upacara adat iki uga dikenal neng dhaerah-dhaerah liya neng Nusantara.Upacara iki sejatine upacara kanggo syukuran merga seneng umah sing dibangun wis nduwe wuwungan dadi sedela maneh wis isa dipanggoni lan ora bakalan kudhanan lan kepanasan. Puncak acarane yaiku kendhuren, utamane kanggo tukang-tukang sing mbangun umah lan tangga-tangga cedhak umah sing dibangun. Acara ditutup karo ndonga bareng sing dipimpin ulama. Biasane acara kendhuren munggah wuwungan iki diselenggara'ake awan utawa bubar shalet dhuhur, dadi seliyane kanggo mangan awan tukang-tukange uga jamaah lan ulama sing metu saka masjid utawa langgar isa langsung melu lan baline nggawa tentengan besek.Sesajen iki disiapake kanggo digantung neng salahsiji kayu neng wuwungan. Sing ora digantung mung bendhera abang putih sing dipasang nganggo galah sing dawane sedeng (ora patiya dawa), sing isa katon saka omah tangga-tanggane.

MITONI
Mitoni iku asalé saka tembung pitu (7). Upacara adat iki dianakaké wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi. Ancasé kanggo keslametan calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sipaté tolak bala. Ing dhaérah tartamtu, upacara iki uga diarani tingkeban.
Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwe raga sing sampurna. Dadi miturut pangertene wong Jawa, wetengan umur 7 sasi iki proses pangriptane manungsa iku wis nyata lan sampurna ing sasi kaping 7. Reroncen acara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati. Urut-urutane yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ning njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokake klapa gadhing enom), medhot lawe utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasane yaiku kendhuren. Acara siraman mung dianakake kanggo mitoni anak sing nomer siji. Miturut adat Jawa mitoni iku kudu dianakake ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa dina Jemuah awan nganti mbengi.
Rangkeyan Acara Rantaman adicara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati, urut-urutan yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ing njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan nglebokake cengkir klapa gadhing, medhot lawe utawa lilitan benang janur, mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasan kendhuri kendhuren.
Acara siraman namung dianakake kanggo mitoni anak mbarep. Wektu Miturut adat Jawa mitoni iku kudu diadani ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa uga dina Jemuwah awan nganti mbengi, saderengipun wulan 'purnamasidhi'