1. SATATA BASA : Alamate layang bisa katulis pojok tengen utawa kiwa ing dhuwur.
2. ADANGIYAH : Tembung pamuji rahayu upamane :
a. Rinengga sugenging pakurmatan.
b. Tansah winantu suka basuki.
c. Katentreman lan karahayon
d. Winantu ing bagya mulya.
e. Sembah sungkem.
3. PURWAKA : Nelakake kabar kaslametane kang kirim layang lan pangarep – arep supaya kang dikirimi uga slamet.
4. SURASA BASA : Isine layang, kekarepane layang.
5. WASANA BASA : Pungkasaning layang, tuladhane :
a. Cukup semene dhisik liya wektu disambung maneh.
6. TITI MANGSA : Nelakake wektu panulisaning layang.
Lamongan, 8 April 2013
7. PEPRENAH : Asale layang saka sapa tuladha :
a. Saking ingkang putra
b. Bapakmu ing omah
c.Adhimu saka paran, lsp
8. TAPAK ASMA / TANDHA ASMA : Tanda tangan kang gawe layang.
9. ASMA TERANG : Asma terang sing gawe layang.
Tuladha Layang :
Ing nigisor iki tuladha nggawe layang ijin ora mlebu Sekolah
Lamongan, 8 April 2013
Katur
Bapak/ibu Guru
MI Ta'limul Huda Pucuk
Lamongan
Assalamualaikum Wr.Wb.
Sesarengan serat punika kula wali murid saking :
Nami : Slamet Raharjo
Kelas : 2
Dinten : Senen
Tanggal : 8 April 2013
Nyuwunaken iji putra kula mboten mlebu sekolah amargi sakit.
Cekap semanten, saking kawigatesanipun kula matur nuwun.
Walaikumsalam Wr.Wb.
Saking Wali murid
H. Ali Yushofa
Ing nigisor iki tuladha nggawe layang pribadi
Lamongan, 8 April 2013
Katur
Pak Dhe/Bu Dhe
Ing Dalem
Surabaya
Ingkang sembah pangabekti.
Sesarengan surat menika ingkang putra ngaturi kabar, bilih bapak lan ibu saha adik-adik pinaringan wilujeng. Ingkang kula suwun Pak Dhe lan Bu Dhe inggih semanten ugi.
Pak Dhe lan Bu Dhe, benjang liburan tanggal 20 Mei 2013 liburan semester 2 , kula badhe liburan dateng dalemipun Pak Dhe lan Bu Dhe kaliyan adhik-adhik. Dene menawi Pak Dhe lan Bu Dhe kagungan wekdal kula dipunteraken dateng Owabong.
Wasana cekap semanten menawi wonten kelepatan atur kuala nyuwun pangapunten
Sungkem Kula
Sunarsih
Layang
Kothak kanggo ngeposké layang ing Indonésia.
Layang iku umumé arupa dluwang sing tinulisan dikirimaké minangka gantiné rerembugan. Ananging layang uga bisa ateges buku sing ngamot crita lan sapanunggalané.
Warna-warnane layang:
• Layang biwara.
• Layang Iber-iber (Layang Kiriman).
• Layang Dhawuh.
• Layang Ulem.
• Layang Lelayu,
• Layang Pribadi lan sapanunggalané.
Perangané layang[sunting]
1. Papan panggonan lan titi mangsa, mratélaké papan kutha lan titi wanci panulisé layang.
2. Adangiyah (adawiyah). Mratélaké unggah-ungguhing basa paprenahé kang kirim layang marang kang arep dikirimi layang, marang kanca sedulur sapantaran, utawa marang kaprenah tuwa, umpamané pakdhé budhé.
3. Pambuka (bebuka). Karepe kanggo mbukak utawa miwiti layang. Ing padatan anelakaké awèh atur kabar kaslametan kasarasan lankatentreman.
4. Isi (surasa basa). Mratélaké apa sajatiné isi layang.
5. Panutup (wasana basa). Panutup isi adaté pangajap , pangarep arep kang ana gegayutan karo isi layang.
6. Titi mangsa (titi wanci).
7. Peprenahan. Paprenahan iki karepe katulis ing layang marang kang dikirimi layang.
8. Tapak asma.
Adangiyah nelakake , unggah-ungguhing layang.
1. Taklim (ingkang taklim), marang sadulur tuwa, utawa menyang sapadha-padha kang perlu diajeni.
2. Salam taklim, marang sedulur enom, utawa menyang sapepadhané.
3. Ingkang salam, marang sedulur enom kang perlu diajeni, amarga pangkaté luwih dhuwur.
4. Ingkang pandonga, saka wong tuwa marang wong enom kang diajeni.
5. Ingkang Pandonga, saka wong tuwa marang anak putune dhewe utawa sing karengkuh kaya anaké dhéwé. 6. Ingkang sembah, saka wong cilik marang para luhur, nadyan pangkate padha. 7. Ingkang sembah sungkem, saka wong enom marang sesepuh (simbah) utawa para luhur.
8. Ingkang sembah pangabekti, saka wong enom marang wong tuwané dhéwé, umpamane : Bapak, Ibu, Simbah, wong wadon marang kakunge.
9. Ingkang pangabekti, marang wong tuwa kang diajeni (dibekteni), umpamané : marang ipene kang kaprenah tuwa.
10. Sembah sujud, saka kawula marang Gustine Pamuji, umpamane : karengga sagunging kaurmatan, Karengga sagunging pahargyan, kairing ing sagunging kaurmatan, pudyarja, lan sapituruté. Iku kabeh, satemene mung owah-owahan saka kang kasebut ing dhuwur mau. Amarga ana pakèwuhé anggoné arep nandukaké unggah-ungguh.
Tuladha
Gatekna tuladha layang ing ngisor iki:
Salatiga, 10 januari 2009
Pangabekti kula Katur eyang kakung Wirga Martono ing margi sukarna hata 5 Sragen
Nuwun wiyosipun sareng serat menika ingkang wayah nyaosi pirsa, bilih kawontenanipun ingkang wayah dalah bapak ibu ing Salatigatansah ginanjar wilujeng . mugi-mugi kasugenganipun eyang kakung sabrayat tansah mekatena ugi Kajawi punika nyaosi pirsa, bilih paringan serat eyang sampun ingkang wayah tampi. Ingkang wayah punapa dene bapakl ibu sami bungah dene eyang sampun kondur kanti wilujeng Salajengipun nyaosi pirsa, bilih liburan mangke bapak ibu punapa dene ingkang wayah badhé sowan éyang. Sokur saged sinambi ningali musium Sangiran, dateng kraton Surakarta, ningali tetilaripun para raja.
Ing wasana cekap semanten aturipun ingkang wayah. Sedaya kalepataning atur punapa dene kiranging, suba sila nyuwun pangapunten.
Ingkang wayah Sukartini
Margi Dipanegara angka 136
Bahasa Jawa Bab LAYANG
Perangane Layang :
> Titi Mangsa
Papan panggonan lan tanggal digawene layang
>Adangiah
Katujokake marang sapa layang iku
>Salam Pambuka
Salam ingkang sepisan
>Wasana Basa
pangarep-arep lan donga
>Surasa Basa / isi
Inti ne / isi ne layang
>Purwoko Basa
Penutup layang
>Salam Penutup
Salam penutupe layang
>Peprenah
Asma terang lan tapak asma
Jenis-Jenis Layang
1.Layang Iber-Iber
Layang iber - iber inggih menika layang ingkang wosipun perkawis pribadi, ingkang kaandharaken saged menapa kemawon gumantung kabetahanipun ingkang nyerat.
Tuladha layang iber –iber :
Kang pandonga marang anakku
Irawan, Ing Jakarta
Wiyose ngger, sarehne sok sasi ngarep iki adhimu arep disunatake, mula yen ora ana alangan sawiji apa kowe mulih sadurunge tanggal sepuluh, saperlu arep dakjak urun rembug.
wasana banget ing pangarep - arepku, lan sapungkure layang iki kabeh kulawarga tansah ginanjar slamet.
Parakan, 22 Nopember 2009
Bapak:
Suradi
2.Layang Kitir
Layang kitir yaiku layang inggih menika layang ingkang wosipun cekak aos menapa perlunipun lan dipunkintun lumantar pos.
Tuladha layang kitir :
Katur Mas Bayu, ing dalem
Wiyose mas, yen ndadekake keparenging penggalih lan ora pinuju kagem piyambak aku nyuwun ngampil kagunganmu sepedha motor, arep dakenggo tilik sedulur kang lagi lara ing rumah sakit Ngesti Waluya Parakan.
Dene anggonku mbalekake mengko bengi.
Parakan, 22 Nopember 2009
Adhimu :
Sunaryo
3.Layang Ulem
layang ulem atawi undhangan inggih menika layang atur dhateng tiyang sanes supados tiyang ingkang dipunulemi rawuh ing papan lan wekdal ingkang sampun katemtokaken.
Tuladha layang Ulem :
Assalamualaikum Wr.Wb
Kanthi puji syukur dhumateng asmanipun Gusti kang Maha Agung. Kula angantu-antu keparengipun rawuh panjenengan sekaliyan wonten ing Syukuran supitipun anak kula jaler kekalih.
Inggih menika ingkang asma :
1. BAGUS WARSANA
2. BAGUS WARDAYA
Insyaallah mbenjang ing :
Dinten : Minggu Wage [malem Jumuah Legi]
Tanggal : 10 Desember 2006 [20 Dulkaidah Alip 1939]
Pukul : 09.00 enjang
Papan : Gedung Mandiri Kecamatan Parakan, temanggung
Wasana awit keparengipun rawuh lan berkah pangestu, kula matur sanget nuwun.
Salam taklim,
Sela Darmaji Kekalih
4.Layang Lelayu
layang lelayu inggih menika layang ingkang wosipun pawarta kematian.
Tuladha Layang Lelayu :
Bilih kala wau dalu dinten Jumat, 12 Januwari 2000,tabuh 20.00 WIB, Embah Kakung Juremi ketimbalan ing Allah wonten ing Griya Sakit Umum Lumajang.Layon badhe kasarekaken ing dinten Saptu, 13 Januwari 2000 ing TPU Mranggen. Bidhal saking griya duhkita tabuh 13.00 WIB saking griya Jln. Mawar Raya No. 15 Lumajang. Nuwun
LAYANG PRIBADI
Standar kompetensi : Mampu menulis surat dan pidato serta menulis huruf Jawa.
Kompetensi dasar : Menulis Surat Pribadi.
A. Seserepan.
Layang utawa nawala yaiku basa kang diaturake nganggo tulisan utawa salah sijining piranti komunikasi kang awujud tulisan.
Layang pribadhi iku wujude kaya layang lumrahe. Sing dadi pratandhane menawa layang iku kalebu layang pribadhi yaiku pigunane. Tegese layang mau digunakake pribadhi marang pribadhi lan isine ngrembug perkara pribadhi utawa ora perkara kadinasan. mula saka kuwi basa kang digunakake ing layang pribadhi luwih longgar. Karepe basa ing layang pribadhi ora kaiket dening aturan - aturan kang baku nanging mung kaiket dening peprenah antarane kang ngirim layang lang kang dikirimi layang. Nanging basane layang pribadhi bisa ngoko bisa uga krama gumantung kalungguhane wong sing dikirimi layang. Menaw kang dikirimi layang kuwi kanca sepadha - padha utawa peprenahe luwih enom, layang bisa ditulis nganggo basa ngoko. ananging yen kang nampa layang peprenahe luwih tuwa utawa dhuwur kalungguhane, prayogane layang mau katulis nganggo basa krama.
Sanajan layang pribadhi duwe kalonggaran babagan basa lan perkara kang dirembug, layang pribadhi ora kena ninggalake subasita lan tata krama. layang pribadhi uga kudu ditulis kanthi cetha, gampang dipahami dening kang nampa layang. kanthi mengkono layang mau ora nimbulake kabingungan lan kesalahpahaman, utamane kanggone sing nampa layang.
Manut basa, isi, sipat lan asale, layang bisa kaperang dadi papat, yaiku :
a. Surat (layang) resmi.
b. Surat ( layang ) dinas.
c. Surat ( layang) niaga
d. Surat (layang) pribadhi.
Peprincene gawe layang :
1. SATATA BASA : Alamate layang bisa katulis pojok tengen utawa kiwa ing dhuwur.
2. ADANGIYAH : Tembung pamuji rahayu upamane :
a. Rinengga sugenging pakurmatan.
b. Tansah winantu suka basuki.
c. Katentreman lan karahayon
d. Winantu ing bagya mulya.
e. Sembah sungkem.
3. PURWAKA : Nelakake kabar kaslametane kang kirim layang lan pangarep - arep supaya kang dikirimi uga slamet.
4. SURASA BASA : Isine layang, kekarepane layang.
5. WASANA BASA : Pungkasaning layang, tuladhane :
a. Cukup semene dhisik liya wektu disambung maneh.
6. TITI MANGSA : Nelakake wektu panulisaning layang.
Parakan, 21 Agustus 2008
7. PEPRENAH : Asale layang saka sapa tuladha :
a. Saking ingkang putra
b. Bapakmu ing omah
c.Adhimu saka paran, lsp
8. TAPAK ASMA / TANDHA ASMA : Tanda tangan kang gawe layang.
9. ASMA TERANG : Asma terang sing gawe layang.
B. Tuladha gawe layang
1. Layang anak marang wong tuwa.
Bapak saha Ibu Joko Surasa (1)
Jln. Aip Mungkar Parakan
Temanggung.
Sembah sungkem, (2)
Kanthi lumantaring serat punik, kula ngaturi uninga bilih kawontenan kula ing Semarang tansah ginajar wilujeng nir ing sambikala. Menggah panyuwun kula dhumateng gusti Allah SWT, mugi - mugi kawontenanipun Bapak sah Ibu ugi mekaten. amin. (3)
Kajawi punika ingkang sepisan ingkang putra ngaturi priksa bilih kintunannipun arta sampun kula tampi rikal dinten minggu kapengkur. Arta punika sampun kula ginakaken kangge prabeya sekolah. Tirahanipun kangge nyekapi kabetahan wonten kos. Ingkang kaping kalih, kula ngaturi priksa bilih sekedhap malih badhe tes semesteran. Pramila kula nyuwun tambahing berkah pangestu mugi - mugi kula saged nglampahi tes semesteran punika kanthi biji ingkang sae, amin. (4)
Ing wusana cekap semanten rumiyen serat kula, sanes wekdal dipun sambet malih. menawi wonten kirang trapsilaning atur dhumateng Bapak saha Ibu, kula nyuwun lumunturing samudra pangaksami. (5)
(6) Semarang, 26 Nopember 2008
(7) Saking ingkang putra
(8)
(9) Hadi Prawira
2. Layang ulem
Nambut silaning akrami:
Dra. NIKEN NASTITI
KRT. Tedjaningrat
Kaliyan
Drs. MARYAN UTAMA
Letkol Sumaryan
Akad Nikah:
Kemis Kliwon,
14 Desember 2006
Pukul 09.00 enjing,
ing griya Jl. Madukismo 123
Ngayogyakarta
Ngayogyakarta, 1 Desember 2006
Nuwun wiyosipun,
Kula angantu-antu keparengipun rawuh panjenengan sekaliyan wonten ing wiwahan panggih/dhaupipun anak kula penganten kekalih, mbenjang ing:
Dinten : Kemis Kliwon [malem Jumuah Legi
Tanggal : 14 Desember 2006 [24 Dulkaidah Alip 1939]
Pukul : 19.00 [pitu sonten]
Papan : Pendhapi Budaya Mandhala Jl. Madukismo 75 Ngayogyakarta
Wasana awit keparengipun rawuh lan berkah pangestu, kula matur nuwun sanget. Nuwun.
Salam taklim,
KRT. Tedjaningrat Kekalih
3.Tuladha Serat Ulem Supitan
Supitan:
1. BAGUS WARSANA
2. BAGUS WARDAYA
Gresipun:
Jumuah Wage, 8 Desember 2006
Pukul 09.00 enjang
ing Dokter Supit Padmasuri
Jampiroso Temanggung
Parakan, 1 Desember 2006
Nuwun wiyosipun,
Kula angantu-antu keparengipun rawuh panjenengan sekaliyan wonten ing syukuran supitipun anak kula jaler kekalih, mbenjang ing:
Dinten : Minggu Wage [malem Jumuah Legi]
Tanggal : 10 Desember 2006 [20 Dulkaidah Alip 1939]
Pukul : 09.00 enjang
Papan : Gedung Mandiri Kecamatan Parakan, temanggung
Wasana awit keparengipun rawuh lan berkah pangestu, kula matur sanget nuwun.
Salam taklim,
Sela Darmaji Kekalih
4. layang Kitir Lelayu
Innalillahi wa inna ilaihi roji’un
Sampun tinimbalan sowan ing pangayunaning Pangeran kanthi tentrem ing RSUP Dr. Sardjito nalika dinten Ahad kliwon, 24 Desember 2006 (3 Besar alip 1939) pukul 11.50 siyang, Bapak/embah sutresna:
KI MANGKUSASMITA
(Yuswa 80 taun)
Layon badhe kasarekaken ing makam Sitisuci, bidhal saking griya sungkawa Jeruksari Gang Megatruh 50, dinten Senen Legi 25 Desember 2006 pukul 14.00
Ngayogyakarta, 24 Desember 2006
Ingkang duhkita
*Nyi Mangkusasmita (garwa)
*Brayat Mangkutana, SH. (putra)
*Brayat Mangkurati, SPd. (putra)
*Brayat Sumargana (raka)
*Brayat Parengkuan (rayi)
0 komentar:
Posting Komentar