SOMBONG ISO NGRUSAK KEKANCAN
Sule , Asri ,Rege,lan Vega uwis suwe dadi konco. Cah papat kuwi dasare anake wong sugih. Kerep jajan bareng-bareng kerep seneng-seneng bareng. Ananing ,, kabeh dadi maleh pas bapake Rege bangkrut.
Neng ruwang kelas pas agek piket.
Rege : Man, , , aku, ennntuk njaluk tulung ra’
Suleman : (etok-etok ra krungu)
Rege : wee..!! man! Njuk tulung entuk raa?! Tulung balekno sapu iki sisan , kowe yo wis rampung nyapune too..!
Suleman : appa. .! mbalekke. . ra suddi. !
Rege : asem ik, kowe i bar mangan opo to Man. Ko ndengaren Jutex men karo aku. .
Suleman : arep ngoppo. Mangan opo yo uduk urusanmu!! Wis minggiro kono!
Asri : wis-wis, kowe i do ngopo to. Ko ‘ kerenagn wae. Nak eneng masalah ki yo mbok di omongke apek-apek...
Vega : ho oh. . . lha ngopo to Man , kok kowe koyo nesu karo Rege ngono.
Rege : (nyelehke sapune) owwraa’ !soppo seng kondo. Awake dewe apek-apek ae to Man.
Suleman : Ra! Aku saiki ra seneng karo kowe, kowe saiki mlarat, wis do minggir- minggir!
(Lungo neng mburi karo nggowo sapu)
Asri :Sek yo. . tak marani Sule disik ( Lungo)
Vega : (gedeg-gedeg) Yo wiis. . . sante haeee. . pancen Suleki wonge ngonno. . Ra sah mbok pikir. .
Rege : Haaah. .ck . .laiyyo to Peg. Aku yo ra ngiro suleman ngono. Jebolno wonge sombong banget.
Vega : ssst ojo banter2 wonge ndak krungu.
(KRUNGU SUORO BEL) Ho. .! wis bel. Gek balekno sek sapune.
Wis pirang-pirang ndino Rege karo Sule ora dolan bareng. Sule milih dolan karo Asri lan cah sugeh-sugeh liyane. Terus, sak wijine esok
Asri : Sul, kowe ngerti ra’
Sule : oppo !
Asri : Aku nduwe Hp anyar . lho iki. . isoh di pencet – pencet layare lho, kowe Ra nduwe to. .
Sule : eh. Ho oh apike, oppo merk e. Regane piro?
Asri : iki Hp. Regane murahh. . mung Rp. 6.789.000,-. Smart phone lho iki.
Narator : padahal kuwi mung seng nyileh. .!
Sule : Halah. Mung semono to regane . kecil no. Bapakku kan bozzz . .
Asri : (Kaget) wuss. .! elok tenan . yo wis sesok tukuwo yo, seng luwih apek soko iki.
Sule : (dg pdne sule omong.) iyyo. .gampang . . bisa diatur . .
Asri : hallah . .!
Wektu muleh sekolah. Suleman wis tekan ngomah. Terruss . . . . langsung . . . .
Sule : Pak, pak e tukok ne Hp! !
Bpke : heh! Oppo! Nyerako rene!
Sule : pak. Anu . .tukok ne Hp Pak. .
Bpke : oppo! Tuku Hp! Meneh! Lha Hpmu seng kuwi arep kok nggo oppo.
Sule : iki. . .kurang apek,. . ungsume saiki Hp seng isohdi pijet layare. .
Bpke : ( njane arep nganndani, neng ora kuwat, dadi bpke nyeluk ibuke. . ) Buk . . .! buke. . . .
Mboke : yo. . kosek . . enek oppo to pak. .
Bpk : (ngei isyarat) kandanono anakmu kono . .!
Mboke : lLee . . ., ngene lho. Takkandani yo. Neng ojo kaget!
Sule : enek oppo to Buk?!
Mboke : piye yo( menghirup napas panjang. . ancang- ancang. .siap. .Yakk!) Bapakmu ki agaek eneng masalah eneg kantore, eneng klienne bapakmu seng wis marai rugi perusahaan. .
Sule : maksude . .
Mbkke : yoo . . kowe ra iso tuku Hp. Bapakmu kapusan. . mulo awake dewe kudu hemat , ra sah tuku sek ra penting. Omah iki, sesok kudu ditinggalke, keluarga iki kudu golek omah seng luwih sedrhana . terus omah iki. Di dol.
Sule : OppO . . .!! –OH tidak munggkiin . . .!!!- maksude bangrut.
(Ngawaske drijine . . terus. .) ora urusan! Pokoke kudu tuku Hp! Titik!!
Bpke : ( Brakkkk!!) We!!, ra sah ngeyel, mbok yo ngerti keadaane wong tuwo sitik ngono lhooo!
Sule : neng . . . neng . . ak aku. .
Bpke : ra enek neng-neng an, pokoke kowe kudu hemat!
Sule : asem!(lungo neng kamare)
Bpk : we, ngopmong oppo kowe. . (lingguh)
Kurang ajar banget cah kuwi . .!
Bpk : salahe soppo seng manjakke. . banget2
Bpke lan Mboke: (melepaskan napas panjang. . . siap. . yak .!) Haaa a a a a a . . . .
Bpke : mboke, piye nek saiki ngejak sule neng “ ngenndi” ngono?
Mbok: Lha neng ngendi. .?
Bpke : wis kuwi rahasia. Pokoke celuken Sule, nek ora gelem kondo wo arep di tukokne Hp.
Mboke : yoo
Mboke : Sule, rene osek le. . arep di jak bapk mu
Sule : yo ( moro) arep sido ditukok ne Hp to Buk.
Mboke : yo emmbuh, pokoke melu o bpk mu sek.
Suleman karo Bapke numpak mobil neng “ngendi” ngono. Terus , Sule mikir. . Lho kok aneh, ambune ngapusi iki. .
Sule : (miduk soko mobil), lho kok rene ngopo rene, ora arep teku Hp to.?
Narator: mesti do penasaran to iki neng ngendi, yo wis, wis saate tak kandani. Asinooo. . iki neng perkampungan pemulung)
Bpke : cobo deloken uwong-uwong kuwi. . saben dino kerja keras gor dinggo Madang, awake dewe kudune ber sukur wis urip kecukupan saben dino. Kowe kudune ngerti , uwong –uwong iki ora saben dino iso mangan, sok2 mangan mor nganggo sego aking. Tak kandani yo lee. . urip ki ora mesti neng nduwur terus utowo neng ngisor terus. Nek awake dewe tau sugeh, awake dewe yo kudu siap dadi mlarat. Ngerti. . .
Sule : . . . . . ngrtos pak. .
Bpke : ngerti tenan rak?!! Dadi sido tuku Hp ra’?!!
Sule : mboten mawon pak. Pak . kulo nyuwun gapunten geh pak. Kulo pun sadar. .
Bpk : lha ngono no, yo tak ngapuro, ra po po, neng ndengaren kowe nganggo boso kromo karo bpk he le??!
Sule mikir nek sesok arep njaluk ngapuro karo Rege lan dadi koncone meneh.
Esok wis teko, pas arepe bel masok. .
Sule : Rege, !
Rege : ngopo lee. Jarene ra pengen kenal meneh karo aku. .
Sule : s sopo seng kondo??
Rege : yo wis arep ngomong opo?!
Sule : ngene. . anu. . a aku . .njaluk ngapuro yoo . .(karo ngejak salaman)
Rege : Ra’! Ra nduwe ngapuro!
Sule : Ha!
Rege : Ora-ora, mung gojek, yo genah tak ngapurolah.(nggegem tangane Sule)
Vega : Lha mbok ngono. . mung konco kak mbiyen kok arep mungsuhan. . ho oh ra Sri . .
Asri : yo . . ho oh! Terus kowe sido tuku Hp ra’?
Sule : Ora kok Sri. Eeem. . Bapakku kapusan. Saiki keluarga ku lagi krisis. .
Asri : Oowwww
Rege : Ho oh To Le, yo wis ra popo. Sante ae. Mesti enek “jalan keluare” pokoke gawe kepenak ae. .
Sule : Bener kondomu Ge. .
Teett. . .Teett. . bel mlebu
Naskah Drama Bahasa Jawa tentang kehidupan sehari-hari
Ana ing sawijining desa ana pemuda kang wus akrab banget, yaiku Sardi lan Jono. Bocah loro iku seneng banget nggawe ulah. Sampek kanca-kancane sing liya ora gelem nyedhek amarga mesthi diusili. Wektu iku sawise sekolah Sardi ngampiri Jono.
Sardi : Jon, ayo engko dolan ! ( Nggeplek pundake Jono)
Jono : Gaweanmu dolan ae . Koyo wong pinter wisan.
Sardi : Halah gayamu, gelem opo ora kowe ?
Jono : Dolan nyandi lho ?
Sardi : Yo emboh... Pokoke dolan ben koyo cah gaul ngono lho...
Jono : Emmm.. ayo lek ngono. Tapi wegah aku lek sampek maghrib eneh !
Sardi : Hehehe, ora-ora.
Jono : Gek nggawa duit opo ora ?
Sardi : Halah, kuwi dirembug engko ae... Yo wis aku arep mulih ( Mlaku ngadohi jono )
Jono : Oke-oke.... Engko kowe neng o omahku.
Sawise iku Sardi lan Jono dolan. Sardi lan Jono ora kelingan yen iki mau wayahe kelompok drama B. Jawa kanggo ujian praktek kelas 3. Ing sawijining panggon, Deni lan Parman nunggu bocah loro maeng. Bocah loro kuwi ora ngerti marang ngendi parane Sardi lan Jono.
Parman : He, enek sing ngerti Sardi karo Jono ?
Deni : Lha yo nyandi cah loro ki, maeng opo ndak krungu di omongi...
Parman : Opo jajal diparani neng omahe ?
Deni : Omahe sopo ?
Parman : Yo omahe Jono ae sing enek wong tuwane
Deni : Lek ora enek piye ? Gek iki urung latihan blas lho...
Parman : Halah kuwi masalah keri, sing penting anggotane wis enek kabeh.
Deni : Yo wis kowe rono ae, aku neng kene karo nggae naskah dramane, piye ?
Parman : Hmmm, yo lekno. Sing apik lho yo critane ?
Deni : Oke bos.....
Banjur Parman mara menyang omahe Jono. Ing kono Parman ora nemoni sopo-sopo. Akhire Parman mbalik maneh lan nerusake nggawe teks drama karo Deni. Akhire ditunggu sampek maghrib Sardi lan Jono ora ana ketok.
Deni : Piye bocah iki ? kok ora enek ketok ?
Parman : Lha yo piye neh, lek panggah ora gelem kelompok yo golek liyane ae.
Deni : Nah, setuju aku. Yo wis aku pamit. Ki mesthi wong tuwaku wis nggoleki.
Parman : Oke, dirembug sesuk neng sekolahan ae. Bocahe ditakoni.
Deni : Eh iyo, ojo lali sesuk nggawa gitar gae musicale.
Parman : Gampang, yo uwis ndang muliho.
Deni mulih amarga wis maghrib. Sesuke neng sekolahan Deni lan Parman rembugan bab drama B. Jawa. Kanggo ngisi waktu ngenteni Jono lan Supardi bocah loro kuwi ngrembug musik kang bakal digawe.
Parman : Ayo sakiki nggawe musik kanggo dramane. Sing tentang lagu daerah ae.
Deni : Yo angel lho kuwi, lha kowe opo iso ?
Parman : Jajal kene aku (njupuk gitar saka tangane Deni)
Deni : Halah kemiso, jajal piye....
Parman : (nyanyi gundul-gundul pacul)
Deni : Hahaha, kuwi rak yo tembang dolanane bocah lho...
Parman : Sing penting lagu daerah lho...
Deni : Ojo, diganti liyane ngono lho.
Parman : Jajal kowe iso opo ora ? (ngekekne gitar marang Deni)
Deni : (Main gitar)
Parman : Lha kuwi opo ora yo lagu pop.... hahaha
Deni : Hahaha, lha aku ora iso lho..
Parman : Kene lek ngono aku ae.
Deni : (Ngekekne gitar) Aku sing nyanyi yo ?
Parman : (Nyanyi karo Deni)
Deni : Haha, apik kuwi... yo uwis nggae kuwi ae...
Sing ditunggu-tunggu mara-mara teko karo mlayu. Ora rumangsa yen ditunggu.
Jono : Heh, bocah-bocah wes podo latihan drama Bahasa Jawa, kelompoke awake dhewe
piye ?
Deni lan Parman : Trus gue harus bilang wow gitu ? wow
Supardi : Heladalah, iki tenanan lho...
Parman : Lha kowe dhekingi nyandi ae ?
Supardi : Nyapo aku sing kok takoni....
Parman : Lha wayahe kan kelompok, kowe yo wis diomongi...
Supardi : Kapan lekmu omong ? ( mulai nesu )
Parman : Ow, kowe wis pikun yo ?
Pak Guru : He he, enek opo iki ?
Deni : Niki, Pak. Sardi kalih Jono dhekwingi mboten purun kelompok drama.
Pak Guru : Weh weh, lha nyapo kok ora kelompok ki ?
Jono : Lha ancen ora diomongi to, Pak.
Pak Guru : Iyo to le ? Ora kok omongi ?
Deni : Sampun, Pak. Tapi mboten dugi.
Pak Guru : Lha kwi kowe ora teko...
Jono : Ora diomongi, Pak.
Pak Guru : Halah wis ora usah ngeyel, ndang gek kelompok
Sawise ngono, bocah papat kelompok nggae drama. Amarga gotong royong akhire kelompoke iso nampilake drama kang apik lan akeh kanca-kancane sing seneng.
Parman : Apik banget gayamu cah, jan pantes dadi artis.
Deni : Lho yo jelas lah, sopo disek...
Parman : Di, Jon, nyapo meneng ae ki.... wis berhasil lho
Sardi : Aku njaluk sepuro yo, Man.
Parman : Halah, ora opo-opo.... Sing penting iki wis sukses.
Pak Guru : Lha yo ngono, lek gotong royong bareng kan iso apik hasile
Sardi : Kula nyuwun pangapunten, Pak. Nika sampun mboten sopan kalihan bapak.
Jono : Kula nggih, Pak.
Pak Guru : Yo wis ora opo-opo. Makane ojo diterusne lekmu ndugal ki.
Sardi lan Jono mulai ngrubah sikape. Pirang wulan sawise kuwi bocah papat maeng oleh nilai Ujian kang paling apik dhewe. Gotong royong lan kerja keras iku bisa ndadekake semubarang gawe dadi gampang lan oleh hasil kan muasne.
Sindenrela lan Sendal Jepit
Sindenrela kuwi gadis desa sing pinter nembang, suarane apik, parase ayu, seneng nulung, nanging uripe melasi. Ibu kandunge wis ngadep Gusti Allah. Sindenrela nduwe ibu kuwalon anyar lan nduwe sedulur kuwalon anyar jenenge Rahayu. Ibu tiri lan Rahayu mau senenge nyiksa Sindenrela nek langka bapake ing umah. Saben dina Sindenrela dipaksa kerja terus-terusan, nanging Sindenrela tetep sabar.
Sindenrela nduwe kanca jenenge Tukimin. Tukimin kiye wis dadi kancane Sindenrela kawit cilik. Mung karo Tukimin tok, Sindenrela gelem cerita apa bae, langka sing ditutupi. Apa maning masalah karo ibu tirine lan Rahayu, ora ketinggalan di ceritakake meng Tukimin.
Babak I
( esuk-esuk nang umahe Sindenrela )
Ibu tiri : “Sindeeeeen!!!! Sindenrela!!!” ( lungguh ing ngarep TV karo kipas kipas )
Sindenrela : “Dalem, Bu?” ( mlayu marani ibu tirine )
Ibu tiri : “Dolam dalem! Kuwe ora ndeleng gerabah numpuk-numpuk. Kumbaih siki!”
Sindenrela : “Ngapunten, Bu. Kala wau kan Ibu ndhawuhi Sinden supados nggirah agemane Ibu. Nah menika dereng...” ( Sindenrela durung rampung ngomong, wes dipedhot ibu tirine )
Ibu tiri : “Halah, aja nggawe alasan terus! Ibu ora arep ngerti, pokoke siki kabeh kudu rampung!”
Sindenrela : “Nggeh, Bu...” ( karo manthuk manthuk )
Rahayu : “Sindenrelaaaaa!”
Sindenrela : “Dalem, Mba?” ( mlayu marani Rahayu )
Rahayu : “Kiye klambiku gosokake. Aku arep dolan karo kanca-kancaku. Saiki!” ( mbalangke klambi marang wajahe Sindenrela )
Sindenrela : “Nanging, Mba, anu menika Sinden ajeng ngumbah agemane Ibu lan ngumbah piring.”
Rahayu : “Terus aku kon mikiri? Gosokake klambiku, saiki! Nek ora aku omongna Ibu nek kowe ora gelem!”
Sindenrela : “Ampun to, Mba. Nggeh sampun Sinden gosokaken. Nenggo sekedap malih...” ( Sindenrela banjur cepet cepet nggosok klambine Rahayu )
Babak II
( Sindenrela nggosok klambine mbakyune karo nangis amarga nelangsa karo uripe sing saben dina dibeda-bedani nang umahe dewe. Sindenrela ora ngerti nek ana Tukimin teka lewat lawang mburi )
Tukimin : “Loh, Nden? Nangapa koh? Deneng nangis?” ( nyedhak marang Sindenrela )
Sindenrela : “Rasaku kok kesel banget ya, Min. Aben-aben dikon nyambut gawe kayak kiye...” ( ngulapi iluhe kang netes )
Tukimin : “Sing legowo, Nden. Sing ikhlas.. Kabeh tindak-tanduke dewek mesti dibales karo Gusti Allah. Sanajan ora ngerti kapan wektune.”
Sindenrela : “Iya, Min. Apa kuwe sing nang tangan, sing kowe cekel?” ( karo nunjuk tangan tengene Tukimin )
Tukimin : “Nah, tembe bae aku arep ngomong. Kiye mau ana undangan saka Jaka Sembung. Dadi Jaka Sembung kiye critane arep nganakake acara kanggo golek bojo.”
Sindenrela : “Temenan apa kuwe, Min? Jaka Sembung sing umaeh nang desa sebelah kae, to?” ( kaget )
Tukimin : “Iya, Nden. Jaka Sembung sing kowe senengi kae. Mbog kowe tau cerita...”
Sindenrela : “Moso sih?”
Tukimin : “Halah...kuwe pipimu kok dadi abang? Hahahaha...” ( ngguyu ngledo Sindenrela )
Sindenrela : “Gara-garane kowe, Min! Ngledeki aku! Kan aku isin, to!” ( nutupe raine nganggo tangane karo ngguyu ngguyu dewe )
Tukimin : “Iya, iyaaa... Kiye undangane, masalah melu apa ora kuwe terserah. Sing penting aku wis ngabari kowe, Nden.”
Sindenrela : “Aku sih kepengin melu, Min. Tapi aku ora ngerti ulih apa ora karo Ibu.”
Tukimin : “Pamit bae karo Bapakmu wae nangapa?”
Sindenrela : “Bapak kan lagi kerja 2 minggu nang kota. Aku ya ora bisa matur maring Bapak.”
Tukimin : “Oh, yawis kowe nembung disit. Mengko aku dikabari ya. Aku arep bali disek. Assalamu’alaikum...”
Sindenrela : “Walaikumsalam...”
Rahayu : “Sindeeeen! Lagi ngapa sih, deneng suwe temen nggosoke!!
Sindenrela : “Nggeh, Mba. Niki sampun rampung.”
Rahayu : “Jan, kaya kuwe tok be kesuwen!” (njukut klambine) “Loh, kuwe apa sing kowe cekel?”
Sindenrela : “Anu, Mba..anu...niki..eh...undangan.”
Rahayu : “Kiye kan undangan acarane Jaka Sembung? Deneng kowe bisa ulih juga? Kowe arep melu apa? Hahahahaha. Aja ngimpi Jaka Sembung seneng marang kowe! Jaka Sembung kuwe seneng wong wedon sing kaya aku, udu kaya kowe!”
Sindenrela : “Tapi kan mboten salah to Mba, menawi Sinden nderek acara menika.”
Rahayu : “Ibuuuu! Bu....!”
Sidenrela : ( bingung Rahayu meh ngapa, wedi yen wadul ibune )
Ibu tiri : “Apa to? Kok bengok-bengok?”
Rahayu : “Bu, menika mireng mboten menawi Jaka Sembung ngawontenaken undangan pados garwa mangke ndalu?”
Ibu tiri : “Loh apa iya? Jaka Sembung sing gagah kae?”
Rahayu : “Nggeh, Bu. Rahayu uga badhe nderek. Tapi moso Sinden nderek, kan lucu nggeh, Bu?”
Ibu tiri : “Apa? Kowe arep melu? Ora ulih karo Ibu! Mung gawe isin tok mengko nang kana!”
Sindenrela : “Tapi, Bu... Mba Rahayu uga pareng nderek, moso Sinden mboten pareng?”
Ibu tiri : “Sekali ora ulih ya tetep ora! Mengko bengi, kowe nang umah, resik-resik! Ibu karo Mbakmu sing mangkat! Titik!”
Babak III
( Mlebu wayah bengi Rahayu karo ibu tirine Sindenrela sibuk nganah-ngeneh kanggo persiapan menyang umaeh Jaka Sembung. Rahayu ditukokake klambi anyar sing apik banget. Sindenrela mung bisa ndeleng sanajan atine iri ndeleng kakange diistimewakake karo ibune. Sindenrela sing ora bisa melu mung bisa nelangsa karo resik-resik umah )
Sindenrela : “Ya Allah, paringana sabar, paringana ikhlas...” ( Sindenrela ndonga karo nangis )
Tukimin : “Assalamu’alaikum, Nden, Sinden!” ( ngetok ketok lawang omahe Sindenrela )
Sindenrela : “Walaikumsalam, mlebu bae, Min!”
Tukimin : “Nden, deneng kowe tesih nang umah?” ( bingung ndeleng Sindenrela kang iseh nyapu )
Sindenrela : “Aku ora ulih melu karo Ibu, Min. Aku didhawuhi nang umah bae resik-resik.”
Tukimin : “Wis mangkat bae saiki. Ayo karo aku mronone!” ( karo narik narik tangane Sindenrela )
Sindenrela : “Tapi nek aku dukani Ibu piye, Min. Aja ngawur kowe!” ( nguculke tangane kang ditarik Tukimin )
Tukimin : “Ora, ora bakal diseneni. Wis ayo mangkat!”
Sindenrela : “Tapi aku ora nduwe klambi maen, Min...” ( ndeleng klambi kang dinggo dekne )
Tukimin : “Halah, wis mbatin aku. Wong wedon genah iya koh, repot apa-apane! Geh aku wis nyelangake klambine mbakku. Dienggo rana!” ( nyerahke tas kresek kang isine klambi )
Sindenrela : “Tukimin pancen TOP banget. Matur nuwun ya, ora salah aku nduwe kancan kaya kowe, Min! Aku tak ganti disit ya...”
Tukimin : “Iya, iya, cepetan!”
Sindenrela : (metu saka kamar) “Piye, Min? Wagu ora?”
Tukimin : “Ayu koh, Nden. Apik lan pas nang kowe! Sumpah, kowe gawe pangling!” ( ngacungake 2 jempol tangane )
Sindenrela : “Halah, ngapusi ya?”
Tukimin : “Ora kok, temenan. Wis ayo mangkat! Tapi tak boncengna numpak pit, piye?”
Sindenrela : “Ya ora apa-apa. Wis bisa mangkat kuwe wis Alhamdulillah. Aduh, aku kelalen aku ora nduwe sepatu, Min!”
Tukimin : “Loh aku juga ora nggawa. Terus piwe?”
Sindenrela : “Yawis ora masalah aku nganggo sendal jepit bae.”
Babak IV
( Sindenrela diboncengna Tukimin maring umaeh Jaka Sembung nang desa sebelah. Tekan umaeh Jaka Sembung )
Tukimin : “Wis nganah mlebu, aku nang njaba bae. Mengko nek wis rampung parani aku nang pos ronda kae ya...” ( ngacungi pos ronda kang ana ing pojokan )
Sindenrela : “Tapi aku isin mlebune, Min. Rame banget!”
Tukimin : “Lah, ora apa-apa. Kiye kan acara bebas kanggo sapa bae. Wis nganah!”
Sindenrela : “Yawis. Matur nuwun ya, Min. Aku mlebu disit.” ( mlaku marang pesta ing omahe Jaka Sembung )
Babak V
( Sindenrela mlebu maring umaeh Jaka Sembung. Karo isin soale Sindenrela mung nganggo sandal jepit, padahal liyane pada nganggo sepatu apik. Tembe bae njagong kursi Jaka Sembung nyamperi Sindenrela )
Jaka Sembung : “Sugeng rawuh, Mba....?”
Sindenrela : “Sinden, Sindenrela.” ( karo isin isin )
Jaka Sembung : “Sindenrela. Jenengmu apik, cocok karo parasmu sing ayu.”
Sindenrela : “Mas Jaka bisa bae...” ( raine Sinden abang amarga isin )
Jaka Sembung : “Bisa ya, hehe. Sampeyan maring ngeneh karo sapa?”
Sindenrela : “Karo kanca mau, Mas.”
Jaka Sembung : “Oh. Sindenrela mesti pinter nyanyi? Gelem ora nembang selagu kanggo ngramekake acara iki. Selagu tok...”
Sindenrela : “Anu...ora, Mas. Aku ora bisa nyanyi. Mbog malah tamune pada bubar nek aku nyanyi.”
Jaka Sembung : “Moso sih? Aku ora ngandel. Ayo nyanyi, dijajal sik.”
Sindenrela : “Ampun lah, Mas. Anu ora bisa...”
Jaka Sembung : “Ayo lah, selagu tok, Nden. Ya? Ya?”
Sindenrela : “Emm... Yawis, selagu bae ya.”
Jaka Sembung : “Cihuy...iya selagu. Ayuh munggah panggung cilik kae.” ( Jaka ngacungi panggung kang ana ing ngarepan para tamu )
Sindenrela : “Iya, Mas.” ( Sinden mlaku enyang panggung )
Babak VI
( Sindenrela sing dipaksa nyanyi karo Jaka Sembung akhire gelem. Pas Sindenrela lagi nyanyi, ibu tiri karo Rahayu metu saka lawang mburi. Wong loro kiye mau ndeleng Sindenrela lagi nyanyi. Sindenrela juga ndeleng ibune karo Rahayu. Sindenrela kang ndhuwur panggung langsung pucet. Sawise Sindenrela nyanyi, Sindenrela mudhun saka panggung, langsung dicegat ibu tirine karo mbakyune )
Ibu tiri : “Apa-apaan kowe nang kene! Ora krungu dhawuhe Ibu apa, hah! Wis wani siki?!” ( narik narik tangane Sindenrela )
Rahayu : “Bisa-bisane ana nang kene kowe!”
Sindenrela : “Wau, kula, anu...”
Ibu tiri : “Halah, aja kakehan alasan! Siki bali kowe! Sedurunge pada nyadar kowe nang kene. Cepet bali!” ( nyeret Sindenrela )
Sindenrela : “Tapi, Bu...”
Rahayu : “Cepet rana! Ora usah kakehan tapi!” (ndorong Sindenrela)
Babak VII
( Sindenrela cepet-cepet arep metu saka umaeh Jaka Sembung. Tapi sedurunge tekan lawang, Sindenrela tubrukan karo Jaka Sembung )
Jaka Sembung : “Loh, Sinden? Arep ngendi? Deneng kesusu temen?”
Sindenrela : “Anu...aku...aku pamit, Mas. Aku arep bali, anu, aku ditunggu nang umah. Ngapurane ya, Mas.”
Jaka Sembung : (nyekel tangane Sindenrela) “Aja! Aja bali disit...”
Sindenrela : “Ora bisa, Mas. Aku kudu bali saiki.” ( nguculake tangane saka Jaka, banjur mlayu)
Jaka Sembung : “Sindeeeen!”
Sindenrela : “Aja nyegat aku, Mas. Aku ora bisa suwe-suwe nang kene...”
Jaka Sembung : “Udu, anu, kuwe sandal jepitmu ketinggalan.” ( nggojeki sandale Sinden )
Sindenrela : “Assalamu’alaikum...”
Jaka Sembung : “Walaikumsalam...
( Sindenrela bali maring umah karo Tukimin sing gumun nangapa Sindenrela mung sedela tok nang umaeh Jaka Sembung. Apa maning Sindenrela metu ora sandalan )
Babak VIII
( Esuk-esuke, umaeh Sindenrela ditekani tamu sing ora diduga karo Sindenrela ibu tirine, lan Rahayu, amarga sing teka kuwe Jaka Sembung )
Jaka Sembung : “Assalamu’alaikum...” ( ngetok tok lawang )
Sindenrela : “Walaikumsalam...” ( buka lawang ) “Loh? Mas Jaka??”
Jaka Sembung : “Iya, Nden. Aku arep ana perlu.”
Ibu tiri : “Eeeeh, ana Mas Jaka Sembung. Monggo, monggo mlebet! Mesti arep nggoleti Rahayu ya, Mas Jaka? Rahayuuu!!!”
Rahayu : “Wonten menopo to, Bu?” ( metu saka kamar )
Ibu tiri : “Iki loh, ana Mas Jaka nggoleki kowe.”
Rahayu : “Moso? Apa iya, Mas?”
Jaka Sembung : “Ngapunten, Bu. Saestunipun kula dhateng mriki wonten perlu kaliyan Sindenrela. Sanes kaliyan Rahayu.”
Ibu tiri : “Oh, ngono? Ana perlu apa to? Kok sing digoleti Sindenrela?!”
Jaka Sembung : “Kula dhateng mriki sepisan kaperlu badhe wangsulaken sendal jepite Sindenrela ingkang katinggalan wonten griya kula. Kaping pindo, kula badhe ndadosaken Sindenrela dados garwa kula.”
Ibu tiri, Rahayu : “Haaaaaah???????” ( kaget, mlongo )
Jaka Sembung : “Nggih, leres, Bu, Sinden, Rahayu. “
Sindenrela : “Mas Jaka lagi guyon apa pripun sih?”
Jaka Sembung : “Ora, Nden. Aku temenan arep nglamar kowe. Kowe nrima apa ora, Nden?”
Sindenrela : ‘Eh, mm, anu...” ( ndelokake ibu lan mbakyu tirine )
Jaka Sembung : “Nden?”
Sindenrela : “Eh, i..iya, Mas...”
Jaka Sembung : “Alhamdulillah....”
( Akhire Sindenrela digarwa karo Jaka Sembung. Sanajan ibu tirine lan Rahayu ora seneng, nanging bapake Sindenrela wis menehi restu. Sindenrela karo Jaka Sembung urip ayem lan tentrem adoh saka ibu lan mbakyu tirine )
ATIKU KESANGKUT DOMPETMU
Wonten salah satunggalingdesa inggih menika Desa Makmur, wonten keluarga ingkang gesangipun rukun lansae inggih menika keluarga Bapak Wahono. Bapak Wahono kagungan putra naminipunPrima. Prima bocah ingkang sopan lan alus anggenipun ngendika, ananging amargisrawung kaliyan bocah ingkang mboten jelas, unggah-ungguhipun Prima sampunbenten.
Bapak : “Le,,,Prima! Mbeneo dipek!”
Prima : “Ono opo Pak?”
Bapak : “Terno undangan iki neng gone Pak Prapto yo Le.”
Prima : “Gah aku Pak, aku arep mancing.”
Ibu : “Weleh….mbok yo nek karo wong tuo ki gek sopan.”
Bapak : “Yo uwes Bu, nek ora gelem yo ora popo.”
Ibu : “Ora iso ngono kuwi Pak, cah enom sakiki wes akeh gek do ora reti unggah-ungguh, ojo nganti Prima melu-melu.”
Bapak : “Yo wes…Yo wes,,,rasah do rebut.”
Mboten langkung suwe, kancanipun Prima ngampiri.
Kunto : “Prima….!”
Prima : (mlayu mekdal saking griya) “Weh sipek yo brow aku njupuk kunci motor dipek.”
Rita : “Yo,,cepet yo brow!”
Kunto : “Yo, beres.
Prima lajeng mlebet kamaripun mbakyune badhe nyambutkunci motor, amargi motoripun badhe dingge mancing.
Prima : “Mbak, aku jileh kunci motore!”
Zulfah : “Arep nang ngendi?”
Prima : “Mancing.”
Zulfah : “Wegah,mengko sore arep tak nggo ngeprint tugas.”
Priima : “Alah mbak…rak pelit-pelit.”
Zulfah : “Sopo gek pelit? Luwih penting ngeprint mbangane mancing.”
Prima : “Dilit wes.!”
Zulfah : “Yo, tapi jam 4 mengko kudu wes bali!”
Prima : “Yoh”
Prima banjur metu saking kamaripun mbakyune, lajeng pamitkaliyan ibuipun.
Prima : “Bu, mancing” (sinambi lunga)
Ibu : “Ealah….mbokyo nek pamit ki sek bener.”
Lia : “Mas…mas…aku melu.”
Prima : “Rasah, adek neng omah wae.”
Lia : “Aaaa….aku melu.”
Prima : “Rasah, neng kono ki eneng raksaksane, mengko ndak dicaplok.”
Lia : “Ibu,,,,”(sinambi ndelik wonten wingkingipun ibu) “Tapi aku mengko digawakke iwakke gek gedheeeeeeeeeee banget. Yo mas yo?”
Prima : “Yo!”
Prima lajeng mancing kaliyan kanca-kancanipun. Sakingpenakke mancing prima ngantos kesupen wekdal.
Prima : “Waduh lali aku.” (sinambi napuk bathukke dewe.
Rita : “Ngopo brow?”
Prima : “Sakiki jam piro?”
Rita : (Ningali jam tangan) “Jam setengah lima.”
Prima : “Waduh, aku sipek yo. Motore arep dinggo mbakyuku je.”
Kunto : “Lah rak sido mbakar iwak po ye Brow?”
Dereng ngantos dijawab,Prima lajeng lunga. Nalikanipun madosi kunci wonten sak, dompetipun kecer.Ananging Prima mboten mangertos amargi kesesa.
Saksampunipun Prima lunga, onten Nilam ingkang lewatdalan menika saking tumbas bumbu masak.
Nilam : (Mendhet dompetipun Prima) “Dompete sopo yo iki? Ah yo wes go mulih wae.”
Saksampunipun wonten griya, Nilam lajeng nyaoske bumbumasakipun dhumateng ibu Nisah.
Nilam : “Bu, niki bumbunipun. Artane turah gangsal ewu.”
Ibu : “Ow yo. Duite peken wae Nok, nek tok nggo tuku LKS.”
Nilam : “Mbotensah bu, kula sampun nabung kok kangge tumbas LKS.”
Ibu : “Ow yo wes nek ngono.”
Nilam lajeng mlebet kamar.Lan bukak dompet ingkang ditemu wau. Dompet wau onten fotone ananging mbotenwonten identitas sinten ingkang nggadhahi dompet menika.
Nilam : (sinambi ningali foto wonten dompet) “Sopo yo iki? Ganteng tenan.” (mesam-mesem)
Wonten dalemipun Prima, Prima bingung madosi dompetipun.Prima tanglet kaleh keluarganipun.
Ibu : “Sampeyan ki ngopo to Le? Ket mau kok mubeng-mubeng, opo gek ilang?”
Prima : “E…mboh Bu! Dompetku ilang.”
Ibu : “Loh lha adate le deleh neng ngendi?
Prima : “Yo neng sak, tapi mau tak tilekki wes orak eneng.”
Ibu : “Coba takono mbakyumu.”
Prima : “Mbak, ngerti dompetku ora?”
Zulfah : “Dompet opo to? Wong yo duwe dompet dewe-dewe kok yo rebut.”
Ibu : “Oalah….mulakno nek deleh dompet ki ora sak nggon-nggon. Neng omah iki rak eneng gek jupuk dompetmu.”
Mifta : (Liwat sakngarepe Prima)
Prima : “Dek..dek…”
Mifta : “Ono opo Mas?”
Prima : “Neng ngendi dompetku?”
Mifta : “Dompet opo to Mas? Au ulak leti.”
Prima : (Bentak Mifta) “Rasah ngapusi! Tok nggo dolanan neng ngendi dompetku, heh?”
Ibu : “Karo adhine ki ora kasar-kasar ngono kuwi. Karo sing luwih tuo ora boso, karo adhine mbentak-mbentak. Gek lelakon opo iki….” (ngelus dada)
Prima : “Aargh…mboh.” (Mbanting kursi lajeng lunga)
Zulfah : “Sabar nggeh Bu….”
Bapak : (Lenggahan wonten kursi) “Ono opo iki?”
Mifta : “Pak Bapak….mau mas Prima natali atu kalo ibu kalo mbak Zulfah.”
Zulfah : “Dompetipun Prima ilang Pak, lajeng muring-muring.”
Bapak : “Yo wes rak popo. Jenenge we lagi kelangan dompet. Wajar nek muring.”
Zulfah : “Pak, menawi Prima dipunleske matematika wonten nggene Bu Nisah pripun?
Bapak : “Loh loh loh…kok dadi matematika kepriye to?”
Zulfah : “Prima nate ngendika menawi mboten saged pelajaran matematika. Bu Nisah niku tiyang ingkang ndemenakake Pak, mengke Prima ugi lajeng dipun ajari unggah-ungguh. Pripun Pak?”
Ibu : “Aku setuju kuwi.”
Bapak : “Yo wes nek ngono. Zul, mengko ajaken Prima neng gone Bu Nisah!”
Zulfah : “Nggeh Pak.”
Prima dipun ajak Zulfah wonten gone Bu Nisah. AnangingPrima dereng mangertos badhe dipun ajak mbakyunipun wonten pundi.
Prima : “Arep nang ndi iki Mbak?”
Zulfah : “Ora nang ndi-nang ndi. Wes to sampeyan manud wae.”
Saksampunipun daleme BuNisah.
Zulfah : Tok…tok…tok…(Zufah ndodok lawang) “Assalamualaikum.”
Ibu : (Bikak lawang) “Waalaikumussalam. Ow…eneng tamu to. Mlebet rumiyin.”
Zulfah saha Prima banjur mlebu wonten dalemipun Bu Nisah.
Zulfah : “Kula Zulfah Bu, niki Prima rayi kula.”
Ibu : “Ow…yo. Niki putranipun Bu Nur to?”
Zulfah : “Inggih Bu.”
Ibu : “Nilam….!” (Ibu Nisah dangu putrinipun)
Nilam lajeng mekdal. Ananging Nilam kaget lan campur seneng amargi ketemu Prima inggih menika tiyang ingkang wonten Foto.
Ibu : “Niki putrinipun ibu, naminipun Nilam.”
Nilam banjur salaman dhumateng Zulfah lan Prima.
Ibu : “Nok, tulung jupukno wedhang yo….nggo tamune wakedewe.”
Nilam : “Geh Bu…”
Nilam banjur mlebet nyepakkaken wedhang saha camilan kangge Zulfah lan Prima.
Zulfah : “Sowan kula mriki badhe ndaftaraken Prima les matematika.”
Prima : Kaget, ananging badhe nolak mboten wani amargi sek mertamu.
Ibu : “Ow,,ngono to…yo.”
Nilam lajeng mekdal nyuguhke wedang lan camilan lajeng mlebet malih.
Zulfah : “Dadosipun pripun Bu?”
Ibu : “Yo,sesuk Senin jam 2 lekase.”
Zulfah : “Ow nggeh. Gegandengan sampun cekap, kula lan Prima badhe pamit rumiyin.”
Ibu : “Weh, lah kok kesesa, diombe dikek.”
Zulfah lan Prima ngunjuk lajeng pamitan kalih ibu Nisah.
Nalikanipun Prima nembe dolan kalih kanca-kancanipun,Prima nyritakaken kedadean menika.
Prima : “Cah, mosok aku didaftarke les matematika to.”
Rita : “Opo?”
“Hahahaha…” (Rita lan Kunto podho nggeguyu Prima)
Kunto : “Ket kapan kowe les matematika ki? Hahaha….”
Rita : “Wakedewe ki anak punk men! Suwe-suwe kriting rambutmu nek les matematika. Mosok anak punk rambute kriting. Hahaha….”
Prima : “Asem!!! Malah do nggeguyu aku.”
Kunto : “Salahmu dewe gelem dileske.”
Prima : “Tak kiro mbakyuku arep ngewangi aku goleki dompet. Eh….jebule kuthuk marani sunduk.”
Rita : “Yo wes brow….aku lan Kunto bakal ngewangi goleki dompetmu kok.”
Prima : “Tenan loh cah… wah sampeyan kabeh pancen sohibku paling josss!”
Dinten Minggu sampun kalampahan, sakniki dinten Senin.Dinten ingkang dipuntunggu Nilam kangge mbalekaken dompetipun Prima. Prima lesmatematika wonten dalemipun Bu Nisah.
Ibu : “Kuwi mau materine, sakiki coba soal iki garapen!”
Prima lajeng garap soal ingkang dipunparingi kaliyan Bu Nisah.
Prima : “Niki Bu, sampun.” (sinambi maringke garapanipun Prima)
Ibu : (Mriksa garapanipun Prima) “Iki wes bener, kurang nulis rumuse neng duwure. Yo wes, gandeng wes sore sakiki dipungkasi wae.”
Ibu lan Prima maos Basmalah. Prima lajeng pamit kalih Bu Nisah.
Prima : “Assalamualaikum.”
Ibu : “Waalaikumussalam.”
Nalikanipun Prima metu omah Nilam sampun ngenteni wontenjobo.
Nilam : “Prima,,.”
Prima : “Eh, Nilam, ono opo?”
Nilam : “Aku arep takon.”
Prima : “Yo.”
Nilam : (Nduduhaken dompet) “Iki dompetmu duduk Prima?”
Prima : (Gumun) “Iyo bener. Kok iso eneng neng gonmu?”
Nilam : “Aku nemukake neng dalan cedak kali.”
Prima : “Ow iyo..aku lagi kelingan nek aku dek emben mancing.”
Nilam : (Maringke dompetipun marang Prima) “Maaf geh, wingi aku urung sempet menehke dompet kuwi.”
Prima : “Orak popo kok. Nuwun nggeh.”
Nilam : “Nggeh.”
Nilam lan Prima lajeng mantuk. Saksampunipun mangertosmenawi Nilam ndemenakaken, Prima dados bocah ingkang demenakaken ugi.Kanca-kancanipun ingkang badhe ngewangi goleki dompetipun Prima malah mbotenketemu lan Prima mboten srawung kalih kanca-kancanipun ingkang mboten saerumiyin.
Aja Kewanen
Jam wis nunjuk angka 13.30, dibarengi karo munine bel sekolah, wayaeh bocah-bocah padha bali. Umi, Lala, Dian lan Nana banjur metu saka kelas.
Lala : “Um, tak jek gelem apa ora?”
Umi : “Arep marang ndi ta la? Kapan?”
Lala : “Dolan Um, sesuk dina minggu padha nongkrong nang Purwokerto.”
Dian+Nana : “Iya ayo Um, sepisan-pisan dolan aja nang umah wae.”
Umi : “Iya wis insya Alloh, nanging ijin sek marang wong tuaku ya cah?”
Lala : “Halah, nek ijin ya ora bakal entuk.”
Umi : “Lhaa, terus piye? Nek ora ijin mengko digoleki njur dinesuni cah, apa kowe padha ora wedi? Aku sih ora wani.”
Dian : “Ngene-ngene cah, aku nduwe ide. Piye nek dhewe ijin yen arep nggarap tugas kelompokan?”
Nana : “Wahh, idemu cemerlang ian.”
Lala : “Bisa-bisa, bisa jadi iku, nek ijin kya ngono kan wong tua ora bakal curiga.”
Umi : “Duh, piye yoh cah.”
Dian : “Piye maning ta Um? Wis, kowe gari manut dhewek wae.”
Umi : “Aku ora wani cah nek ngelombo kya ngono, wedi kuwalat.”
Lala : “Hahaha, Umi..Umi..dadi bocah kok cemen ngono, kan ora saben dina ngelomboni. Ayo lha mumpung durung ujian.”
Umi : “Tak pikir-pikir sek. Ya wis aku mulih sek cah.”
Lala+Dian+Nana : “Iyaa.”
Umi, Lala, Dian lan Nana banjur bali nyang omah, Umi numpak bis, Lala, Dian karo Nana nggawa motor dewek-dewek. Dina setu nang sekolah, Lala nakokake maneh marang Umi.
Lala : “Piye Um? Sesuk gelem apa ora?”
Umi : “Cah, tugase dhewe akeh loh, apa ora dienggo wae kanggo nggarap kuwi?”
Dian : “Sepisan tok Umi, tugase digarap sesuk-sesuk wae.”
Umi : “Ya wis aku gelem cah, tapi balike aja sore-sore yaa terus kowe kudu ijin marang wong tuaku.”
Dian+Lala : “Siap boss, hehe.”
Bel sekolah muni, nandakake pelajaran diwiwiti. Dina minggune, Lala, Nana lan Dian marang omahe umi.
Lala : “Assalamu’alaikum.”
Ibu Umi : “Wa’alaikumsalam. Eh lala, dian, nana.”
Dian : “Inggih bu, Umi wonten menapa boten bu?”
Ibu Umi : “Iya ana cah kae isih siap-siap, ngene mlebu dhisik lungguha dhisik.”
Dian : “Inggih bu.”
“Ayo cah.”
Ibu Umi : (mburu marang kamare umi) “Ndo, iku kanca-kancamu wis padha teka. Mengko ati-ati, eling wektu nek wis rampung langsung bali.”
Umi : “Inggih bu.” (nang atine was-was banget amarge wis nglombo)
Ibu Umi : (nggawa wedang) “Iki cah, sembari nunggu umi diombe dhisik wedange.”
Lala : “Maturnuwun bu, dados ngrepoti.”
Ibu Umi : “Alahh mung gawe wedang tok kok cah, mumpung dolan ngene.”
Umi : (mburu marang ngarep) “hayy cah.”
Lala : “Piye wis rampung?”
Umi : “Hehe, uwis, ayo mangkat saiki wae, ngenteni mengko kecedak awan.”
Dian : “Iya ayo.”
“Bu, badhe ijin kelompokan teng griyane Gesti.”
Ibu Umi : “Iya cah, nanging ati-ati, aja banter-banter, saiki dalane wis rame ora kaya mbiyen, wong nggawa motor padha banter-banter cah ibu nyawange nganti mrinding. Terus nek wis rampung ya langsung bali aja dolan-dolan, sedela maneh arep ujian, wektune dienggo kanggo sinau wae ben bijine apik.”
Lala : “Inggih bu.”
Umi : “Bu, kula pamit rihin.”
Bareng-bareng : “Assalamu’alaikum.” (ngambung tangan ibune umi kabeh)
Ibu Umi : “Wa’alaikumsalam.”
Wis enggal tekan Purwokerto, Lala lagi asyik omong-omongan karo umi, ora weruh yen nang ngarep ana tukang becak lagi nyebrang. Ora sue krungu swara “GUBRAKKK” motore lala nabrak tukang becak, lala lan umi tiba. Dian nang mburine langsung mburu nulungi kanca rakete iku, semono uga wong-wong sing weruh. Lala lan tukang becake slamet namung umi sing semaput. Lala, Umi lan tukang becak digawa marang omahe Pak RT sing cedhak saka kedadeyane.
Dian : “Astaghfirullah Lala, Umi.”
Nana : “Duhh, piye kie Ian.” (panik, gemeter, maras, wedi campur aduk)
Dian : “Piye-piye, ya telphoneibune saiki cepet.”
Nana : “Nek telphone ibune pa ya ora diomehi.”
Dian : “Iku urusan mengko, saiki cepet telephone ibune Umi dhisik sing genah ana nang omah.”
Nana : “Iya iya.”
“Tut..tut..tut.” (telephone ibune Umi)
Ibu Umi : “Hallo assalamu’alaikum.”
Nana : “Wa’alaikumsalam. Kula Nana bu.” (ngomonge sambi gemeter)
Ibu Umi : “Iya na, ana apa kok swarane kaya wedi mengkana.”
Nana : “Umi bu.”
Ibu Umi : “Iya Umi kenangapa.”
Nana : “Umi kacilakan bu.” (sambi nangis mingseg-mingseg)
Ibu Umi : “Kacilakan nang ndi?” (panik)
Nana : “Purwokerto bu, arah alun-alun. Saiki isih semaput”
Ibu Umi : “Loh kok bisa nang kono. Ya wis entenana ibu karo karo bapak nyusul. Assalamu’alaikum.”
Nana : “Inggih bu, wa’alaikumsalam.”
Dian : “Piye na?”
Nana : “Ibune Umi arep marang ngene, kowe mbatiri Umi wae, aku nungguni ibune umi nang kene. Nek ana apa-apa aku dikabari.”
Dian : “Iya.”
Umi lan tukang becak isih padha semaput. Ora sue Umi sadar.
Umi : (melek sembari ndeleng ngana-ngene) “Iki nang ndi?”
Lala : “Alhamdulillah kowe sadar um.”
Dian : “Alhamdulillah, iki nang omahe wong, kowe karo lala nabrak tukang becak, semaput dadi digawa nyang kene. Nana wis telephone ibumu.”
Umi : “Iya aku isih eling.”
Nang dalan Ibune umi weruh Nana.
Ibu Umi : “Pak, pak iku nana.” (mandeg terus mudun)
Nana : (ngambung tangane ibune umi) “Bu.”
Ibu Umi : “Umi karo Lala nang ndi?”
Nana : “Teng griyane Pak Rt bu.”
Ibu Umi : “Ibu diterke cepet.”
Tekan omahe pak rt.
Ibu Umi : “Assalamu’alaikum.”
Pak RT : “Wa’alaikumsalam, mangga bu larenipun wonten dalem.”
Ibu Umi : “Inggih pak, nyuwun ngapunten sampun ngrepoti.”
Pak RT : “Boten napa-napa bu.”
Ibu Umi : (weruh umi lagi turunan, omong-omongan karo dian) “Ndo, kowe ora apa-apa ndo?”
Umi : “Alhamdulillah boten napa-napa bu, namung lecet sekedhik.” (swara lirih)
Ibu Umi : “Syukur alhamdulillah. Piye critane bisa kaya ngene?”
Lala : “Kula saweg matur kalih umi, boten ketingal menawi ngajenge wonten tukang becak badhe nyebrang, lajeng nabrak. Kula uga nyuwun pangapura bu, menawi kula lan kanca-kanca sampun boten jujur. Kula lan kanca-kanca ngajak umi dolan, sederengipun umi boten purun nanging kita maksa kemawon.”
Ibu Umi : “Iya wis ora papa, maneh-maneh aja ngelomboni. Iki bisa dadi pelajaran kanggo awakmu kabeh.”
Bareng-bareng : “Inggih bu, ngenjang-ngenjang boten badhe ngelomboni malih.”
Ibu Umi : “Ibu karo bapak arep nemuni tukang becake dhisik.”
Dian : “Inggih bu.”
Ibu Umi : (nemoni bapak becak) “Pak, nyuwun pangapunten amarga lare kula kirang ngatos-atos bekta motor.”
Bapak becak : “Inggih bu boten menapa-menapa.”
Ibu Umi : “Matur nuwun pak, menika kangge ngobati ingkang lecet. Sepisan malih kula nyuwun pangapura.” (salaman kambi ngaweh amplop)
Bapak becak : “Inggih bu.”
0 komentar:
Posting Komentar