Generic Banner

Sabtu, 21 Januari 2017

Bahasa Jawa Upacara Adat


UPACARA ADAT SIRAMAN

Salah sijine adat tata cara pengantenan yaiku siraman calon penganten . Sakdurunge acara siraman calon penganten putri, sedina sakdurunge sing duwe gawe wis utusan paraga golek banyu sumber pitu , sumber pitu utawa tuk pitu mau bisa wujud sendhang utawa sumur ,dadi dudu banyu kali sing ora suci amarga wis reget
Sakwise calon penganten putri dibusanani busana siraman , rambut diore , dikanthi mijil saka kamar busana, sungkem caos bekti luwih dhisik marang sepuh piniji ( putri ) kang lungguhe wis ditata sakdurunge , jejer-jejer .Urutan sing keri dhewe lenggahe ibulan ramane calom penganten putri . Sakwise sungkem pangabekti , calon penganten putri tumuli dikanthi dening dening rama lan ibune manjing papan siraman . Calon penganten putrid dilenggahake ing papan siraman kang wis cinawisake.Rama lan ibune banjur nampa banyu sumber pitu saka paraga kang piniji ,sabanjure banyu sumber pitu kacampurake ing jembangan kang arep dienggo siraman .Sakwise banyu dicampur, dhukun penganten ngandani para sepuh putrid kang piniji mbaka siji nyirani calon penganten pungkasane rama lan ibune .Rampung siraman nuli nindakake acara pecah pamor.Carane ,kendhi pratala sing isi banyu dicurake dening ramane kanggo wudlu tumrap calon penganten putri sing muslim ,dene saliyane cukup kanggo raup nganti banyune entek.Yen kendi wis kothong,banjur dicekel bareng dening rama lan ibune ,kendhi ditibakake utawa dibanting karo ngucap :”Aku ora mecah kendhi,nanging mecah pamore anakku”.Sakwise kendi pecah ,calon penganten putri banjur dianduki lan dibopong  mlebu kamar proboyoso dening rama lan ibune,pepindhane kaya digendong kanthi kebak rasa tresna asih .


“AQIQAH”
Aqiqah yaiku kegiatan mbelah kewan ternak yaiku wedus.kanngo sukure dewe marang allah swtsing wis ngaruniani anak lanang/wadon.hukume yaiku sunah kanggo wong tua utawa wali saka anak kuwi.pelaksanaaneisoh neng dino ke pitu pat belas utawa selikur utawa dina-dina sing liyane sing mestekke.    Aqiqah duwe tujuan kanggo ningkatke jiwa sosial lan tulung tinulung karo tetangga,kanggo rasa sukur marang allah swt sing wis ngekei nikmat lan rejekising wis di kekne kanggo dewe’e .    Pelaksanaan aqiqah kui apikke dilakoni dewe karo wong tua bayi.praktekke kui ora podo karo tuntunan sunah sing masyarakat anane panyembelihan kewan kanggo pelaksanaan aqiqah.    Nyukur rambut kuwi sunah mu’akkadnyukur rambut kuwi podo karo awake dewe nguwak rambut sing elek.kui kanggo mbuka bolongan pori-pori sing ana ning sirah supaya gelombang panas isoh metu. Kui manfaate kanggo nguatke indra pengliatan,penciuman,lan pendengaran bayi.    Pewenehan jeneng,iku uduk gor kanggo identitas pribadi,nanging kanggo nyerminke karakter bayi.   Mungkin iki mung sekilas saka aqiqah lan tata cara adat,semaga bias dadi wawasan sing arep nglaksanakake.

“Ijab Kabul”
 Ijab Kabul yaiku ucapan saking wong tua utawa wali mempelai wadon.kangge nikahake anake ingkang wadon kalian calon mempelai lanang .ijab Kabul sabenere ing upacara akhad nikah nanging ana ing adol lan tinuku.yaiku wong dodol lan wong kang tuku lagi ngadakake transaksi lan kesepakatan.Ijab Kabul yaiku ucapan sepakat saking kalih pihak wong tuo sing wadon kang ngiculake anake wadon kangge digantekake kalian anak lanang. Lan calon lanang nrima calon wadon kanngo di nikahake.        Ingkang milih basa  kngge ijab Kabul yaiku calon sing lanang.
“MIDODARENI”
Midodareni saking kata dasar WIDODARI (JAWA) kanga rtine bidadari yaiku putri saking surge ingkang ayu banget lan ambune wangi.    Midodareni dilaksanakake awetan jam 18.00 nganti jam 24.00 niki malam midodareni calon panganten mboten etuk turu.   Ingkang ameh miwiti midodaren ana petuah lan nasihat lan doa doa utawa panjaluk kang disimbulkake yaiku: 1)sepasang kembar mayang 2)sepasang klemuk kang di isi bumbu pawon  isi buah,empon empon,lan 2 godong bangun tolak kangge nutupi klemuk mau. 3)seppasang kendi kang di isi banyu suci kang apik maneh di tutupi kangge godong dada ksrep,mayong jambe,godong sirih kang dilengkapi ngangge kapur. 4)baki kang di isi cacahan godong pandan parutan kencur,laos,jeruk purut minyak wangi. Baki iku di selehkakae ngisor amben.    Sawise midodaren wis rampung jam24.00calon penganten lan kaluargo bias mangan  panganan kang wis di sediakake yaiku: -sego gurih -sepasang pitik kang di masak ingkang dimasak ingkung. -sambel pecel,sambel pencok,lalapan. -roti tawar, gula jawa. -kopi pahit lan the pahit. -rujak degan 

“TUMPLAK PUNJEN”
 Tumplak punjen yaiku latalaksana kang nandai”mantu keri dewe”.    Tumplak yaiku tumpah.Punjen yaiku di punggul. Tumplak punjen yaiku sak kabahe anak kang di puji dadi tanggung jawab wong tua sawise di mantokake. secara umum yaiku  cara numpakake punjen utawa(pundi-pundi)kang di isi piranti tumplak punjen.    Maksud lan maknane yaiku: a)tasyakur kalian Allah SWT. b)ngandakake kalian sanak kaluarga. c)nfandakake kalian anak. d)tanda tresna saking wong tuo marang anak. e)tanda bakti anak kalian wong tuo.

“UPACARA KEMATIAN”
Ana upacara nyadran,sing di lakoake sadurunge pasa ,yaiku sasi ruwah, kata ruwah podo karo arwah.     Tradisi jawa uga nrima tradisi agama saka upacara kematian. 1)di sirami Jenazah disirami kanggo banyu sing di kei kembang telon. 2)nganggoke tutup awak Sawise disirami di kei tutup awak,yen wong islam di kafani,yen wong Kristen/katolik nganggo klambi biasa.\ 3) do’a Sawise kui jenazah di dongani,yen wong islam di shalati,yen wong krusten/katholik di lakokke misa jenazah lan pemberkatan minyak suci. 4)brobosan Upacara peti jenazah di pikul, mbrobos se arahjarumjam ,di lakokke 3x. 5)badah bumi badah bumi kui panggalian makam. Sadurungenggali makam salah siji kaluargone mimpin do’a supya pas penggalian makam ora enek halangan. 6)sur bumi  sur bumi kui pas jenazah iwis dadi di makamke&di uruk lemah. 7)pecah gendeng pecah gendeng kui di lakoake yan wafate dina setu,gendenge di pecah neng arep peti,sakdurunge mangkat neng mkam. 8)nguculke pitik Yen sing mati duwe anak cilik, pitik siji di iculke. 9)gagar mayang Yen sing wafat isih jejaka/gadis,di gawe 2 gagar mayang. 10)selametan Selametan yaiku ngirim do’a karo sing wis wafat,jaluk supaya dosane di ampuni. 11)peritungan pas selametan Mendak -1,di lakoake pas= (dina wafat +354dina) utawa (dina wafat +1 tahun kalender -12 dina) mendak -2,di lakoake pas= (dina wfat + 708 dina) utawa ( dina wafat + 2 tahun kalender -24dina) utawa ( mendak 1+ 354 dina)

“TEDAK SITI”
Tedak siti, iku salah sijineng tradisi masyarakat jwa sing arep di herus jaman. Dadi tedak siti yaiku miduk ning lemah utawa midun neng lemah. Penere, tradusu iki kanggo bayi sing umure 7 lapan utawa 7x35 dina (245 dina). Per lengkapane yaiku: -jadah 7 werna -terus tumpeng yaiku sega kang di bentuk kaya kerucut kang di sajekke  karo urap sayur lan ingkung pitik. -kurungan pitiksing di hiasi janur werna warni. -tangga sing di gawe saka tebu arjuna. Prosesipun ‘tedak siti’ di dhidisekke karo mbimbing anak ngidak jadah 7 werna. Sing wis di susun manut warana peteng neng terang. Terus di arahke kanggo munggah tangga sing di gawe saka tebu arjuna. Terus si bayi di lebokake neng jero kurungan pitik. Terus sebar beras kuning sing uwis di campur karo duit logam. Kanggo rebutan,sing keri dewe yaiku diadhusi  karo kembang setaman terus kanggo klambi sing anyar.

“KHITANAN”
Khitanan utawa Sunat ing basa arab khitan uga bisa kasebut uga sirkumsisi (Inggris: circumcision) yaiku tumindak motong utawa ngilangake salah sijiné bagean utawa saluruh kulit panutup saka palanangan. Frenulum saka palanagan bisa uga dipotong sacara bebarengan ing sakjroning prosedur kang asring karan jeneng . Kata sirkumsisi kanthi asal usul saka basa Latin circum (kang ngandut arti "muter") lan caedere (artiné "motong/ngètok") Sajarah Khitan uga diwiwiti ing jaman prasejarah, wujud mengkana iku bisa dibuktekake dèning salah sijiné gua kang ana ing mesir awiwit jaman watu lan pasarena Mesir purba.[1] Alesan tumindak iki sish digambyarake ing mangsa iku kanthi irah-irah kang ana lan teori-teori kang kang njelasake tumindak khitanan utawa sunat bagean saka ritual pangorbanan utawa ngelakoni sunnah rosul (mangsa baliq). Bocah kang arep dikhitan Ing pandhudhuk asring kasebut dèening mangsa tumuju kadewasa utawa ing donya kasehatan bisa uga kasebut mangsa pangubahan estetika utawa seksualitas


“Bersih desa”
 Bersih desa iku salahsijining upacara adat Jawa sing diselenggara'ake bubar panen pari dadi maksude kanggo ngucapake syukur tandhuran pari brasil dipanen lan kasile apik. Upacara adat iki kadhang uga diarani upacara mreti desa lan biasa digabung karo upacara adat sedekah bumi utawa mreti bumi. Masing-masing dhaerah nduwe tata cara lan prosesi upacara sing seje-seje miturut kabiasaan masing-masing ning tujuane padha wae. Sajarah Ing jaman mbiyen upacara adat iki dikaitake karo Dewi Sri sing dianggep sebagai dewi pari merga kebrasilan panen iku kasil kemurahan saka Dewi Sri sing wajib disyukuri.  Tujuan Kanggo ngucapake syukur marang Tuhan sing wis aweh anugrah kasil panen pari sing melimpah Kanggo njaga keslametan para warga desa saka gangguan hal-hal sing gaib, roh utawa arwah sing gentayangan uga saka gangguan-gangguan penyakit, keamanan lan bencana. Kanggo ngresi'ake desa lan wargane saka alangan utawa kesusahan supaya kaadaan desa dadi tentrem lan aman. Prosesi Prosesi upacara umume diwiwiti bubar panenan pertama utawa methik, lokasi upacarane pertama neng pesawahan sing wis dilengkapi karo ubo rampe antarane: janur kuning, kembang setaman, kemenyan, kaca, suri, banyu kendhi, jajan pasar, bungkusan sega lan gedhang. Bubar acara ndonga, pari sing wis dipetik digotong neng lumbung pari. Neng lumbung pari uga wis disiapake perangkat upacara lanjutane sing umume digawe saka godhong antarane godhong kluwih, dhadhap serep, godhong mojo, godhong tebu, godhong jati uga godhong luh. Masing-masing godhong iku nduwe fungsi lan makna.


“Tumpeng”
iku cara nyuguhaké sega lan lawuh jroning wangun bucu; amarga saka kuwi banjur diarani sega tumpeng. Olahan sega sing dianggo umumé arupa sega kuning, senadyan kerep uga digunakaké sega putih biasa utawa sega uduk. Cara nyuguhaké sega iki mligi Jawa utawa masyarakat Betawi katurunan Jawa lan biasané disuguhaké wektu kenduri utawa prayaan mèngeti kedadéyan wigati. Senadyan mangkono, masyarakat Indonesia wis ngenal kagiatan iki sacara umum. Tumpeng uga diarani tumpukan sega kang padhet.Tumpeng bentuké kerucut. Bentuk kerucut nduwéni filosofi pangarep-arep supaya urip saya munggah lan dhuwur ing bab drajat, pangkat, lan martabat. Tumpeng tau diklaim dadi duwèkké Malaysia. Déné pangan liyané kang uga diklai yaiku kupat, cendol, lan rendang.Tumpeng kanggo ubarampé upacara ingkang sifatipun seneng utawa suka uga sedhih. Ing acara ritual, tumpeng biyasané dihias karo sayuran lan iwak kang nduwéni teges kang sakral lan nduweni pralambang lan pangarep-arep. Tumpeng bentuké kerucut lan ditata ing wadah utawa tampah kang diléméki godhong gedhang. Tumpeng manggoné ing tengah lan diubengi lauk lan sayur. Jaman biyèn tumpeng wernané putih, nanging supaya katon éndah tumpeng banjur diwernani. Saiki tumpeng kuning kang dienggo ing upacara-upacara khusus. Saliyané tumpeng kuning kang kanggo upacara tradisiomal masyarakat Jawa, uga ana [[tumpeng putih].Jaman saiki banjur ana tumpeng-tumpeng kanthi werna liyané, kayata tumpeng ijo (daun suji campur daun pandan), tumpeng ireng (biji keluwek utawa abu merang padi), tumpeng abang (sari angkak utawa sari bayam abang), lan tumpeng orén (sari wortel) Tumpeng yaiku sega kang bentuké kerucut kanthi werna-werna lauk pauk.Tumpeng dihidangké ing tampah kang arupa nampan gedhé, bunder, saka anyaman pring.Tumpeng biyasané dienggo ing upacara tradisional.Tumpeng ing ritual Jawa ana macem-macem jinisé, ana tumpeng sangga langit,Arga Dumilah, Tumpeng Megono lan Tumpeng Robyong.Tumpeng kebak ing simbol kang nggambaraké makna kauripan.Tumpeng robyong asring dienggo dadi sarana upacara Slametan (Tasyakuran).Tumpeng Robyong dadi simbol keslametan, kasuburan lan kasejahteraan.Tumpeng kang bentukke kaya Gunung nggambarake kamakmuran kang langgeng.Banyu kang mili saka gunung bakal nguripi tanduran-tanduran.Tanduran kang bentuké ribyong diarani semi utawa semen kang tegese uri lan thukul ngrembakan. Tumpeng Sejarah Bentuk tumpeng kaya bentuk gunung. Indonésia kalebu nagara kepulauan kang nduwéni akeh gunung merapi

“Mendhem ari-ari”
Mendhem ari-ari iku salah sijining upacara kelairan sing umum diselenggara'ake malah uga ana neng dhaerah-dhaerah (suku-suku) liya. Ari-ari iku bagian penghubung antara ibu lan bayi wektu bayi esih neng jero rahim. Istilah liya kanggo ari-ari yaiku: aruman utawa embing-embing (mbingmbing. Ing Jawa ana kapercayaan seulur papat, kakang kawah adhi ari-ari, ibu bumi, bapa angkasa. Wong Jawa percaya yen ari-ari iku sejatine salah siji sedulur papat utawa sedulur kembar si bayi mulane ari-ari kudhu dirawat lan dijaga misale enggon kanggo mendhem ari-ari iku diwei lampu (umume senthir) kanggo penerangan, iki dadi simbol "pepadhang" kanggo bayi. Senthir iki dinyala'ake nganti 35 dina (selapan). Tata cara Ari-ari dikumbah nganti resik dilebo'ake neng kendhi utawa bathok kelapa. Sedurung ari-ari dilebo'ake, alas kendhi diwei godhong senthe banjur kendhine ditutup nganggo lemper sing esih anyar lan dibungkus kain mori. Kendhi banjur digendhong, dipayungi, digawa neng lokasi penguburan. Lokasi penguburan kendhi kudhu neng sisi tengen pintu utama umah. Sing mendhem kendhi kudhu bapak kandung bayi.

“Sesajèn”
Sesajèn iku salah sijining tradisi spiritual sing wujude nyediaake parsembahan utawa barang sesajen kanggo Tuhan utawa kanggo kakuatan supranatural liya sing dipercaya, sing tujuane kanggo ngungkapake rasa syukur utawa kanggo ngindarake murka.Makna tradisi sesajen iku mirip tradisi kurban, dadi nduwe tujuan utama sing sifate vertikal (Tuhan) lan uga uga horisontal (barang sesajen sing dibagiake). Sajarah Tradisi sesajen wis ana kawit pertama menungsa ana neng bumi. Tradisi iki lair meh bebarengan karo laire kabutuhan menungsa marang perlindungan saka sing dipercaya dadi panguasa alam (Tuhan, Dewa lan kakuatan supranatural liyane).

“Nyadran”
 Nyadran iku salah siji prosèsi adat budaya Jawa awujud kagiatan setaun sepisan ing sasi Ruwah wiwit saka resik-resik makam leluhur, masak panganan tinamtu kaya déné apem, ater-ater lan slametan utawa kendhuri. Jeneng nyadran iki asal saka tembung sraddha, nyraddha, nyraddhan, terus dadi nyadran. PJ Zoetmulder ana ing buku Kalangwan uga nyritakaké bab upacara sraddha kanggo mèngeti sédané Tribhuwana Tungga Déwi ana ing tahun 1350. Upacara sraddha minangka pèngetan raja-raja síng wís puput yuswa uga sinebut ing kidung Banawa Sekar, nganggo uba rampé wujud baita (prau) síng digawé saka kembang (puspa, sekar). Tradisi nyadran pranyata wís lumaku wiwít jaman Majapahít nganti saiki. Pakurmatan kanggo leluhur isíh lestari lan dipepetri déníng masyarakat, khususé ing tlatah padésan. Nyekar ing sasi Ruwah nduwèni surasa utawa wulangan marang anak putu supaya padha tresna lan élíng marang leluhur

“Munggah wuwungan”
Munggah wuwungan iku salah sijining upacara adat sing diselenggara'ake bubar wuwungan dibangun/diadhek'ake neng proses mbangun umah. Istilah munggah wuwungan iki kadhang diarani munggah gendeng. Upacara iki diselenggara'ake wektu rangka wuwungan wis dadi ning gendeng urung dipasang.Upacara adat iki uga dikenal neng dhaerah-dhaerah liya neng Nusantara.Upacara iki sejatine upacara kanggo syukuran merga seneng umah sing dibangun wis nduwe wuwungan dadi sedela maneh wis isa dipanggoni lan ora bakalan kudhanan lan kepanasan. Puncak acarane yaiku kendhuren, utamane kanggo tukang-tukang sing mbangun umah lan tangga-tangga cedhak umah sing dibangun. Acara ditutup karo ndonga bareng sing dipimpin ulama. Biasane acara kendhuren munggah wuwungan iki diselenggara'ake awan utawa bubar shalet dhuhur, dadi seliyane kanggo mangan awan tukang-tukange uga jamaah lan ulama sing metu saka masjid utawa langgar isa langsung melu lan baline nggawa tentengan besek.Sesajen iki disiapake kanggo digantung neng salahsiji kayu neng wuwungan. Sing ora digantung mung bendhera abang putih sing dipasang nganggo galah sing dawane sedeng (ora patiya dawa), sing isa katon saka omah tangga-tanggane.

MITONI
Mitoni iku asalé saka tembung pitu (7). Upacara adat iki dianakaké wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi. Ancasé kanggo keslametan calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sipaté tolak bala. Ing dhaérah tartamtu, upacara iki uga diarani tingkeban.
Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwe raga sing sampurna. Dadi miturut pangertene wong Jawa, wetengan umur 7 sasi iki proses pangriptane manungsa iku wis nyata lan sampurna ing sasi kaping 7. Reroncen acara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati. Urut-urutane yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ning njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokake klapa gadhing enom), medhot lawe utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasane yaiku kendhuren. Acara siraman mung dianakake kanggo mitoni anak sing nomer siji. Miturut adat Jawa mitoni iku kudu dianakake ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa dina Jemuah awan nganti mbengi.
Rangkeyan Acara Rantaman adicara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati, urut-urutan yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ing njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan nglebokake cengkir klapa gadhing, medhot lawe utawa lilitan benang janur, mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasan kendhuri kendhuren.
Acara siraman namung dianakake kanggo mitoni anak mbarep. Wektu Miturut adat Jawa mitoni iku kudu diadani ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa uga dina Jemuwah awan nganti mbengi, saderengipun wulan 'purnamasidhi'


Related Posts:

0 komentar:

Posting Komentar