Generic Banner

Jumat, 26 Juni 2015

Biografi Bahasa Jawa Cut Nyak Dien

Cut Nyak Dhien (Lampadang, 1848 – 6 November 1908, Sumedang, Jawa Kulon; dimakamké ing Gunung Puyuh, Sumedang), kuwi sawijining Pahlawan Nasional Indonésia saka Aceh kang berjuang nglawan Walanda ing mangsa Perang Aceh. Sawisé wilayah VI Mukim diserang, panjenengané ngungsi, sauntara garwané, Ibrahim Lamnga mèlu perang nglawan walanda. Ibrahim Lamnga tèwas ing Gle Tarum tanggal 29 Juni 1878 kang nyebabaké Cut Nyak Dhien murka lan sumpah bakal numpes Walanda.

Teuku Umar, salah siji tokoh kang nglawan Walanda, nglamar Cut Nyak Dhien. Wiwitané Cut Nyak Dhien nulak, nanging amarga Teuku Umar ngidinaké mèlu perang, Cut Nyak Dhien setuju palakrama ing taun 1880 kang nyebabaké moral pasukan perlawanan Aceh tansaya ningkat. Tembé mburi Teuku Umar lan Cut Nyak Dhien kagungan putra kang asmané Cut Gambang.

Sawisé nikah karo Teuku Umar, panjenengané bebarengan karo Teuku Umar nerusaké
paperangan nglawan Walanda, nanging, Teuku Umar gugur wektu nyerang Meulaboh ing tanggal 11 Februari 1899, saéngga panjenengané berjuang dhéwé ing pedalaman Meulaboh karo pasukané. Cut Nyak Dien wektu semana wis tuwa lan duwé penyakit encok lan rabun, saéngga siji anakbuahé aran Pang Laot nglaporaké awit krasa mesakaké.

Wusanané Cut Nyak Dhien dicekel lan digawa menyang Banda Aceh, kangggo dirawat lan penyakité wiwit mari, nanging, panjenengané banjur nambah semangat perlawanan rakyat Aceh sarta isih kekanthèn karo para pejuang Aceh kang durung kecekel, saéngga Cut Nyak Dhien banjur dipindah menyang Sumedang, Jawa Kulon, lan sabanjuré séda ing tanggal 6 November 1908 lan disarèkaké ing Gunung Puyuh, Sumedang.
sumber: wikipedia.id

Related Posts:

  • Bahasa Jawa Upacara Adat UPACARA ADAT SIRAMAN Salah sijine adat tata cara pengantenan yaiku siraman calon penganten . Sakdurunge acara siraman calon penganten putri, sedina s… Read More
  • Teks Negosiasi Bahasa IndonesiaPengertian Teks NegosiasiTeks Negosiasi adalah bentuk interaksi sosial yang berfungsi untuk mencapai kesepakatan di antara pihak-pihak yang memiliki k… Read More
  • Lirik Lagu Jawa Lirik Lagu Sewu Kuto Sewo Kuto Uwis Tak Liwati Sewu Ati Tak Takoni Nanging Kabeh Podo Rangerteni Lungamu Neng Endi Pirang Tahun aku… Read More
  • Tek Ulasan dan Contohnya Pengertian Teks UlasanTeks Ulasan adalah teks yang berisi ulasan/penilaian/review terhadap suatu karya (film atau drama). Ciri-ciri Teks Ulasan1.&nb… Read More
  • Teks Eksposisi Bahasa Indonesia Kita mulai dari jenis teks eksposisi yang tentunya jika kita lihat ternyata teks eksposisi memiliki banyak jenis yang mempunyai makna yang berbeda-be… Read More

1 komentar:

  1. Sangat membantu dalam saya belajar terimakasih telah membantu👏🙏

    BalasHapus